Jumat, 25 November 2011

(Pojok Lambe) : SUGENG DINTEN GURU, INDONESIA

Ndhek winginane guru-guru sak Indonesia podo ngrayakno dinone sing diarani Dino Guru, iku sejarahe polahe PGRI (Persatuan Guru Republik Indonesia) lair tanggal 25 Nopember 1945, dadi saiki umure wis 66 taun. Nah, pas laire PGRI iku sing didadekno momen dino guru. Mestine nang instansi-instansi utowo sekolah-sekolah dianakno upacara gae mringati dino iku, mestine. Tapi polahe gak didadekno dino prei yo akhire podo ae ambek dino-dino liyane...mek thithik sing eling ambek ngrayakno masiyo sederhana ae. 
Dherek, mumpung sik anget-anget, sakjane dino
guru iki gae ngelingno sopo ae lek guru iku uakeh jasane. Digugu lan ditiru, sakjane iku maknane dadi guru..Dadi guru iku sakjane celukan tekok ati, masiyo akeh sing nglakoni iku polahe kepekso, ganok alternatip liyo ambek macem-macem alesane. Padahal guru iko mulione eram-eram, soale dhe'e sing dadi corong gae nyalurno elmu nang murid-muride, sing pahalane gak kepedot-pedot masiyo dhe'e wis ganok nang dunyo. Guru iku digugu lan ditiru masi kadang-kadang wagu utowo diguyu, tapi kabeh iku mbalik maneh nang wong-wonge dhewe-dhewe, opo'o dhe'e gelem dadi guru, opo'o dhe'e gelem nyalurno elmune. Guru iku koyok lawang sing mbukak kaweruhan ambek kepinterane bongso. Dadi guru iku yo salah siji sokogurune bongso iki (ambek agomo), malah profesi guru ini klebu profesi sing resiko stress-e paling cilik timbang kerjaan liyane, plus siji maneh ngajar iku ibadah tekok Gusti.

Cumak saiki nasib guru nok Indonesia sik gak kabeh bejo. Sik akeh guru-guru sing uripe ngesakno, utamane sing guru honorer sing diwartakno akeh sing nyambi kerjo liyane. Onok sing dodolan, tukang becak, malah onok sing dadi tukang parkir. Gurung maneh guru-guru sing kerjo ndhik daerah-daerah sing uadoh tekok endi-endi sing embonge ae sik ledhokan utowo gak iso diakses lewat darat. Gajine kadang telat, ancen jujur yo, bayaran yo penting sakliyane gae nguripi dhe'e ambek keluarga, yo gae nambahi semangat gae ngekei ilmu..iku wis gudhuk perkoro sing saru. Kesejahteraan guru yo ngaruh gae kualitas pendidikan, tapi guru yo kenek barang ambek masalah komersialisasi pendidikan sing tambah ndadi nang negoro iki. Pemerintah yo sik gurung total lek ngekei anggaran gae pendidikan, embuh opo sing dipikirno..padahal yo iku mau rek, pendidikan iku sokoguru gae ngadheke bongso sing isok gak isok kudu digatekno.

Nang dino guru iki, kene kudune isok mikirno jasa-jasane guru sing tau ngajari kene mbiyen. Masiyo tah, gurune cerawak gak karu-karuan, masiyo tah gurune kerenge koyok singo edhan, tapi guru sing nggarai kene dadi. Ganok critane arsitek dadi lek gak onok gurune, gak onok ekonom lek ganok sing nguruki. Pendheke ganok wong pinter lek gak diuruki sik. Pahlawan Tanpa Tanda Jasa, opo yo sik relevan? mugo-mugo ae sik. 

Guru barang yo kudu melok perkembangane jaman. Soale arek jaman saiki seje ambek jaman mbiyen, sing nek digetak meneng mincep. Arek saiki luwih kritis dadi poro guru yo kudu tetep up to date gae nambahi wawasan. Dadi guru iku kene kudu terus nambah elmu, ibarate guru iku eruh sedhino sakdurunge muride, ambek nduwe budi pakerten sing apik, sing isok dadi conto gae murid-muride...dadi lampu sing nerangi dalan ambek dadi teladan kanggo liyane. Masi akeh oknum guru sing tingkae gak apik, tapi tetep akeh guru sing dedikasine pol-polan gae majokno anak bangsae, masiyo kadang gak direken ambek sing ndhuwur-ndhuwur (padahal peno-peno kabeh isok dadi yo polahe onok guru).

Wis, sing penting ayo poro guru Indonesia, terus maju! Mugo-mugo taun kaping 66 iki nasibe poro guru isok luwih apik maneh, utamane sing nang daerah-daerah uadoh. Sejahtera gurune, sejahtera bangsane..

SUGENG DINTEN GURU, INDONESIA



Pojoklambe 2011

Gambar dijupuk tekok kene

2 komentar:

  1. Sugeng dinten guru nasional nggih, cak guru :)

    Masiyo tah, gurune cerawak gak karu-karuan, masiyo tah gurune kerenge koyok singo edhan, tapi guru sing nggarai kene dadi.
    Lek iki aku yo setuju, cak.

    BalasHapus