Senin, 20 Februari 2012

Boso Walikan Malangan / Osob Kiwalan Ngalaman

Assalamualaikum sedherek kabeh sing setia ambek Pojoklambe

Yok opo kabare riko kabeh? Seger waras kabeh kan? Dino iki pojoklambe ate njlentrekno ambek ngenalno sithik perkoro boso gaul (lek nang Malaysia diarani bahasa slanga, ndhik Indonesia diarani bahasa gaul utowo nok boso Inggris diarani slang) sing dituturno lan dadi populer ndhik kalangan warga kutho Malang lan sak ubengane. Bosone biasa diarani boso walikan utowo osob kiwalan. Lek jare crito sing mubeng-mubeng perkoro sejarae onoke boso iki, iku mbiyene dadi boso sandine poro bromocorah (lek saiki korak utowo preman) sing terus didadekno boso sandine pejuang gae mbingungno teliksandi (mata-mata) Londho pas perang mertahanno kemerdekaan tekok penjajah.

Minggu, 19 Februari 2012

(Puisi Pojok Lambe) : Tandhak Bedhes

Gulune dirante
Diklambeni koyok menungso
Digowo nang endhi-endhi
Dikongkon nandhak
Kadang ndelokno yo nggegirisi
Kudu melok opo jare pawange
Sampek kadang disebet barang
Nandhak-nandhak meloki kendhang
Ditontok wong sak lapangan
Wayahe nggawe topeng reog yo nggae
Wayahe montoran yo montoran
Mareng ngono mubeng njaluk bayaran
Kadang akeh kadang thithik
Uripe bedhes tangkepan
Dipulosoro kadang siunge dijabuti
Dirante lan gak diramut sing nggenah
Padahal yo mestine uripe nok alas
Gudhuk nok tengahe menungso
Duh bedhes-bedhes sing ngesakno
Dadi klangenan tapi uripe nelongso
Akeh menungso sing njekethek koyok tandhak bedhes
Dieksplorasi, dimanfaatno tanpo roso kamanungsan
Kapan poro bedhes iki isok urip penak
Lan poro pawange iso oleh gawean sing layak
Cek gak kathik-kathik nyikso bedhes maneh

19 Februari 2012

AMIGOS PARA SIEMPRE

Amigos para siempre iku tekok boso Sepanyol. Sepanyol asli lho yo…gudhuk Separuh Nyolong, bosone negoro matador iku lho yo maksude sing telenovela telenovelane digandrungi sak kolong jembatan eh jagad iko hehehehehe. Nah aku kaet kelingan pas omong-omongan ambek muridku ndik ruanganku pas ngenteni proposal. Onok salah siji koncone sing diceluk ‘sembre’. Lha selawas iki aku kan gak eruh opo’o dhe’e iku diceluk ‘sembre’. Yo wis, iseng-iseng ae aku takok nang koncone sing lagi lungguh-lungguh manis nok ruanganku ambek ngenteni surat proposale mari.

“Aku takok rek, opo’o se koncomu sithuk iku diceluk ‘sembre’? Kok aku sampek saiki gak nduwe bayangan ngono yo lek dhe’e isok diceluk iku.” Jareku ngono.

Tak pikir asale tekok gaya rambute tah opo, dadine koyok ngono.

“Ngethen Pak. Dhawuhe se inspirasine saking kata ‘sembre’ sing teng niku lho pak ‘Amigos para siempre’.” Jawab salah siji muridku.

“E alaaaah….kok yo mlenceng men yo reek” jareku ngono. Sembre tibake tekok kata ‘siempre’…ancene ilat Jowo kok mblesetan hehehehehee.

“Maksude amigos para siempre tah?” tambahku maneh

Arek-arek mek manthuk-manthuk koyok manuk tengak tenguk. “Meniko artine nopo Pak?” takok salah siji arek.

“Amigos iku artine agak minggir got (selokan, longkang) sedikit” Langsung arek-arek ayu iku ngguyu nggegek kabeh. Lha tak terusno

“Dadine rek, amigos para siempre iku artine koncoan sak lawase lek boso gampangane.” Jelasku ngono.  Nah, tekok kedadian iku aku dadi tambah ngerti opo’o areke diceluk sembre. Yooo ancen wong Jowo iku ngono kok, opo sing mlebu isok dadi mleset coro omonge. Tapi tekan mbleset iku akhire dadi tengeran, iyo gak?


19 Februari 2012


Sabtu, 18 Februari 2012

Yok Opo Kabare Kabeh?

Assalamualaikum Dherek,

Yok opo kabare riko kabeh? Seger waras kabeh kan? Aku wis suwi gak nyorat-nyoret nok situs iki. Maklum uakeh pol alangan sing kudu tak adhepi....salah sijie yo iku, males nulis. Molai kenthekan ide sampek macem-macem perkoro wis sing nggarai si Pojok Lambe vakum rodok suwi (gak trimo suwi...suwii polll) sampek-sampek omahe dadi bledhuken koyok ngene. Kudu resik-resik maneh sing rijik cek omahe isok ditekani maneh ambek riko-riko kabeh. Opo maneh riko-riko sing wis gelek nyambangi omah iki. Wis, pendhekane ngono lah. 

Uakeh tibake crito sing kudu ditawak-tawakno nang riko kabeh. Tapi siji maneh, pancet ae nggae logat etanan sing dadi boso asli iki. Sing gak eruh takok ae yo..hehehehehe...

Monggo tak undang mampir-mampir maneh mrene...:)

Iku sik ae, insyaallah engkok-engkok disambung maneh nulise yooo..


Wassalamualaikum

Sugeng ndalu nedho nrimo

Pojok Lambe