Saiki-saiki
wong-wong podho megaya kabeh melok-melok gaya tandhakan sing di populerno ambek
wong Korea. Aku gak patek nggathekno asline, tapi kok kakean mecungul nok tivi,
terus uakeh sing ndhelok youtube-e. Tak mat-matno gaya sing diarani Gangnam
Style “opo nek tak arani malah koyok wong mari disunat gayane” malah persis
gayane wong mancal jaran. Ceklak cekluk ceklak cekluk kadang gayane koyok kodok
ate mencelat, terus langsung booming koyok bom atom sing dilugurno Amerika pas
ngenthekno Jepang mbiyen. Eh, Si Bisnis Spir yo jare sueneng puol ambek gayane
Gangnam iku...sak dunyo wis pendhekane kenek kuabeh.
Tampilkan postingan dengan label Budaya. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Budaya. Tampilkan semua postingan
Minggu, 30 September 2012
Senin, 20 Februari 2012
Boso Walikan Malangan / Osob Kiwalan Ngalaman
Assalamualaikum sedherek kabeh sing setia ambek Pojoklambe
Yok opo kabare riko kabeh? Seger waras kabeh kan? Dino iki pojoklambe ate njlentrekno ambek ngenalno sithik perkoro boso gaul (lek nang Malaysia diarani bahasa slanga, ndhik Indonesia diarani bahasa gaul utowo nok boso Inggris diarani slang) sing dituturno lan dadi populer ndhik kalangan warga kutho Malang lan sak ubengane. Bosone biasa diarani boso walikan utowo osob kiwalan. Lek jare crito sing mubeng-mubeng perkoro sejarae onoke boso iki, iku mbiyene dadi boso sandine poro bromocorah (lek saiki korak utowo preman) sing terus didadekno boso sandine pejuang gae mbingungno teliksandi (mata-mata) Londho pas perang mertahanno kemerdekaan tekok penjajah.
Yok opo kabare riko kabeh? Seger waras kabeh kan? Dino iki pojoklambe ate njlentrekno ambek ngenalno sithik perkoro boso gaul (lek nang Malaysia diarani bahasa slanga, ndhik Indonesia diarani bahasa gaul utowo nok boso Inggris diarani slang) sing dituturno lan dadi populer ndhik kalangan warga kutho Malang lan sak ubengane. Bosone biasa diarani boso walikan utowo osob kiwalan. Lek jare crito sing mubeng-mubeng perkoro sejarae onoke boso iki, iku mbiyene dadi boso sandine poro bromocorah (lek saiki korak utowo preman) sing terus didadekno boso sandine pejuang gae mbingungno teliksandi (mata-mata) Londho pas perang mertahanno kemerdekaan tekok penjajah.
Jumat, 02 Desember 2011
(Pojok Lambe Sabtu Kliwon) : Aksoro Jowo Siap Dilebokno Dadi Font Windows..Melok Bungah
Sugeng enjang dherek,
Wingi Jemuah, onok brita sing mbungahno ati, utamane gae wong-wong sing konsen ambek tresno ambek aksoro lan budaya Jowo. Ndhelokno nasib aksoro Jowo sing wis molai kukut polahe karek thitik sing nggae ditambah maneh lek jare arek nom aksorone mlungker-mlungker koyok ulo. Nang Kongres Boso Jowo kaping 5 sing dianakno nok Suroboyo tanggal 27 nganthek 30 Nopember winginane, Ki Demang Sokowetan salah siji pemerhati aksoro ambek boso Jowo njlentrekno lek mari ngene aksoro Honocoroko ate dilebokno dadi FONT-e Windows paling anyar, paling gak rong taun ngkas.
Rabu, 16 November 2011
(Pojok Lambe) : Perkoro 'JANCUK'
Sing gudhuk wong Jawa Timur biasane podho takok-takok, opo se Jancuk iku? Lek gae wong Jawa Timur utamane sing ndhik daerah arekan (antarane Gresik sampek Malang, ambek antarane Jombang sampek wetan mbablas), ukoro jancuk iki artine saru pol. Iku biasane digae misuh-misuh lek lagi muntap opo lambene gak isok dikendalekno maneh. Nah, kata jancuk iki yo gae wong etanan luwih get timbang asu.
Minggu, 18 September 2011
(Pojok Lambe) : Nontok Wayangan
Aku dadi kelingan jaman cilikan mbiyen, pas lek ate turu, mbahku mesti
nyetelno aku tembang-tembang klenengan opo wayang kulit sing disetel
tekok radio tape-e. Mesti lek ganok suoro ngono-ngono iko aku malah gak
iso turu. Kasete Suwargi Eyang Kungku wuakeh sakndayak sampek aku
bingung milih sing endi lek ate ngrungokno.
Mesti lek mben bengi
opo maneh aku luwih seneng turu ambek mbah timbang ambek ebes memes, aku
njaluk disetelno gending-gending wayangan.
"Mbah, aku setelno gending wayang yo." Pas wis molai mancal kemul
"Lakone opo No? " takok Mbahku
"Lakone (aku lali, tapi pokoke wayang wis)" sauranku ngono.
Gak kakean cangkem, wis disetelno lagu gendingan wayang iku nganthek aku keturon.
Eh,
masiyo Mbahku wis ganok..senenganku nang wayang yo gak ganti-ganti.
Masiyo lek dikongkon nontok wayang langsungan sak wengi munjul aku sik
gak iso..maklum mbiyen guduk bongso kalong (wkwkwkwkwkw). Eh, iyo aku
nduwe crito perkoro nontok wayang iki. Pas jamanku kuliah mbiyen kiro2
taun 96-97, aku tau nontok wayang sakwengian ambek koncoku nang ngarepe
perpus UNAIR. Aku lali lakone opo, gendingane enak se masiyo bosone Ki
Dalange kadang ngerti kadang gak maklum bosone kedukuren se.
Hahahahaa...Sing nonton lumayan sak ndayak ngono.
Eh, njekethek
aku keturon pas tengah-tengah acara, maklum mari onok acara nang UKMku
dadi awak rasane legrek kabeh, gak sadar aku keturon nang tengah-tengah
acarane wayang. Pas tangi-tangi, wis ate Subuh!!!!! wong-wong wis buyar
kabeh tapi wayange tetep mlaku terus. Aku mek iso kriyep-kriyep ambek
misuh-misuh nang ati..soale ditinggal koncoku mulih!
Aku seneng nontok wayang, tapi lek dikon nontok langsung sik kudu nyepakno tenogo gae ngalong sik ah..hehehehe.
Pojok Lambe
Langganan:
Postingan (Atom)


