Tampilkan postingan dengan label Warta. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Warta. Tampilkan semua postingan

Rabu, 08 Agustus 2012

(Pojok Lambe Crito) : BLOG MULTIPLY ATE KUKUTAN

Assalamualaikum Dherek, Yok Opo Kabare Riko kabeh?
Wis suwi aku gak ngisi blog iki yo. Maklum ae luwih gelek nok lapak sithuke sing guampang aplikasine. Lapak iki wis tak eloki meh wolung taun. Ndhik kono akeh kenangane, kekancanane, pasedhulurane, uakeh acara-acarane. Molai tekok baksos, antologi buku sampek lomba-lomba sing asik-asik. Iku kabeh onoke mek nang lapak sithuk iku....opo iku? Yo jenenge Multiply.

Molai taun 2004 sampek saiki aku wis meloki lapak iku. Molai tekok fiture sing sik cekeremes, sampek canggih koyok saiki. Lha saiki onok kabar lek Multiply ate mateni fitur blog sak towo-towo fotone. Pokoke sing mambu-mambu jejaring sosial ate diilangi kuabeh per tanggal 1 Desember 2012 engkok. Iki kabeh marai poro penggunane dadi galau berjamaah. Bek-beke onok barang sing nangis ngejer mbrebes mili polae brita iku. Si Stefan sing dadi CEO Multiply wis mutusi ngono lek Multiply ate didadekno enggon dodolan ae, ganok maneh fitur gae blogger. Iki kabeh nggarai cidro atine poro penggunane sing wis nggae Multiply pirang-pirang taun. 

Senin, 02 Januari 2012

(Pojok Lambe 2012) : Sugeng Warso Enggal Yo Rek!!!

Sugeng Warso Enggal sedherek kabeh!

Yok opo kabare awak peno kabeh? Mugo-mugo podho sehat seger kuabeh yo nok taun anyaran iki. Wis suwi aku gak uthak-athik blog pojok lambe iku, ambek gak nyono rek wis diklik luwih ping 2000, alhamdulillah lek ngono.

Yok opo preian taun anyarane riko kabeh? Opo onok sing dhulinan nang enggon2 wisata? opo onok sing ngrayakno nok omah ae ambek keluarga polahe males metu gara-gara udhan dueres pirang-pirang dino iki? Ancene kok, nok Jawa Timur pas malam taun anyar malah akeh enggen sing kebanjiran, termasuk yo Suroboyo dhewe, malah kebanjiran nang endhi-endhi ngantek salah siji Rumah Sakit nok Wonokromo ae kelebon banjir nganthek sak dengkul, terus polae iku yo wis, wong-wong podho ngungsi kabeh nok lantai loro lan operasi ae sampek dibatalno gara-gara banjir iku. Lha nduk Malang dhewe ketepakan nang ngarep Balai Kota onok usaha pemecahan rekor dunia ngedram paling suwi sing dilakoni ambek Kunto Hartono molai tanggal 27 Desember jam wolu isuk sampek tanggal 1 Januari 2012 jam limo isuk.

Alhamdulillahe wonge isok ngedram sampek 122 jam, sing artine kacek 2 jam ambek pemecah rekor ngedram paling suwi tekok Amerika kono. Semboyane aku sueneng puoll....Jagad Malang Nang Dunyo, Jenggirat Tangi Indonesiaku. Sisane, udan dueres pas taun anyaran nok Jawa Timur umume sampek jare Pantura macet polae kebanjiran nok endi-endi.

Yo wis lah, iki tulisan pertamaku nok taun 2012 iki. Mugo-mugo awak peno kabeh oleh barokah sing luwih nduk taun ini. Sing mbiyen-mbiyen, embuh iku sing mbencekno, sing ndrawasi lsp dijarno ae nok mburi, sing penting nduk ngarepe kene ae....yuk podho semangat kuabeh ndik taun iki.


Sugeng Warso Enggal

Pojok Lambe 2012

Jumat, 02 Desember 2011

(Pojok Lambe Sabtu Kliwon) : Aksoro Jowo Siap Dilebokno Dadi Font Windows..Melok Bungah

Sugeng enjang dherek,

Wingi Jemuah, onok brita sing mbungahno ati, utamane gae wong-wong sing konsen ambek tresno ambek aksoro lan budaya Jowo. Ndhelokno nasib aksoro Jowo sing wis molai kukut polahe karek thitik sing nggae ditambah maneh lek jare arek nom aksorone mlungker-mlungker koyok ulo. Nang Kongres Boso Jowo kaping 5 sing dianakno nok Suroboyo tanggal 27 nganthek 30 Nopember winginane, Ki Demang Sokowetan salah siji pemerhati aksoro ambek boso Jowo njlentrekno lek mari ngene aksoro Honocoroko ate dilebokno dadi FONT-e Windows paling anyar, paling gak rong taun ngkas.

Sabtu, 24 September 2011

(Warta Pojok Lambe) : Social Media Fest 2011 Nok Semarang

Wingi tanggal 24 September 2011 onok acara Social Media Fest 2011 sing dianakno ambek komunitas-komunitas internet nok kutho Semarang. Sing melok nang acara iki antarane : salingsilang.com., opojal.com, loenpia.net. KCB alias Komunitas Cah Semarang, Komunitas Sepeda Lipat, Bike to Work , Radioonline Loenpia.net lan sakpanunggale. Pokoke uakeh pol komunitas sing teko pas iku. 

Dimolai jam 7 bengi nok Cafe Parahita sing enggene ndik sebelahe Tri Lomba Juang Semarang, acara iki disponsori ambek XL sing wis dadi sponsor setia pas molai tekok acara buka bersama wulan winginane. Isi acarane intine ancen gae kenal-kenalan, temu tinemu ambek podo nambah jaringan. Mben komunitas nggowo barange dhewe-dhewe gae hadiah cabutan koyok kaos, jam tembok, tas baik, ngantek buku sing didadekno hadiah nek iso njawab takokane MC.