Catetan :
Iki cerpen terjemahan tekok cerpen aslie sing gae boso Indonesia. 100% tulisanku dhewe, gudhuk nyolong tekok karyane wong liyo. Dijamin!
Aaah!! Bengokku
“Opo’o se koen gak legi-legi?” aku ndremimil dhewekan nok pawonku sing
koyok kapal pecah iku. Kebek pol ambek turah2ane endhok, glepung ambek loyang
sing pating jlentrekan. Onok pirang loyang isie lapis legit sing gatot alias
gagal total nok kono…muesti onok ae sing salah. Kelegen lah, bantet lah,
ampyang lah…embuh wis! Gak isok diandelno blas pokoke! Terus aku lungguh
ndlosor nok ngarepe oven sing wis tak pateni ket mau. Ganok sopo-sopo ndik omah
pas iku. Bojoku wis pirang dino iki gak mulih polae sik onok tugas nang luar
kota, terus Sinta anak wedhokku sithuk ndil lagi nginep nok omahe morotuoku
polae pas preian sekolah. Dadi aku ijenan ae, terus embuh opo’o ketepakan aku
pengen ijenan padahal biasane aku sueneng pol lek onok Sinta. Isok ngrungokno
ètès ambek èblase ambek disambi nyacak nggae lapis legit iku.
Suwi pol aku ndeloprok nok ngarepe oven. Bahan-bahane lapis legit iku
tak jarno nggletak ae, kethoke lek nok motoku njaluk ndang digarap. Tapi..aku
sik mualese puol. Aku mek meneng ae koyok-koyoko tas ndelok Nyi Blorong liwat.
Enthek pirang-pirang tapi sik pancet bantet, gak iso dadi lapis legit sing tak
karepno. Bojoku se mben dino ngebel opo sms aku, ganok lerene blas. Tapi rasane
koyok kosong, aku males mbalese, lek pas ngebel aku mek nanggepi sak
onoke…koyok ademe kulkas.




