Minggu, 04 Desember 2011

Wong Jowo Sak Dunyo

Sing diarani wong Jowo iku awale wong-wong sing manggon nang pinggire segoro lor Jowo Kulon, Jowo Tengah, Jogjakarta ambek Jowo Etan. Ngamalno budhoyo Jowo, mboso Jowo ambek nglakoni aspek-aspek uripe Jowo. Jumlahe Wong Jowo jare meh separuhe Wong Indonesia, terus dadi suku nomer telu paling gedhe ndik Suriname sing teko nang kono antarane taun 1890-1939 soale didadekno buruh nok kebon-kebon terus akeh sing gak isok mbalik maneh nang lemah leluhure, onok maneh yutoan Wong turunan Jowo (gudhuk TKI) sing manggon nok Malaysia utamane Semenanjung. Nah, nang Semenanjung iki paling uakeh nok Selangor, Johor, Melaka ambek Perak.

Lha, iku kethok barang tekok akehe daerah-daerah ndik Malaysia sing jenenge mambu Jowo, koyok Parit Ponorogo, Semarang, Sri Rejosari, Pachitan, Kampung Endah, lan sak panunggale. Terus ndik Suriname yo akeh jeneng-jeneng daerahe koyok Tamansari, Tamanrejo, Koewarasan (sing ngelingno aku ambek daerah nok Kebumen). Opo maneh ndik Indonesia, daerah-daerah ndik Sumatera, Kalimantan, nganthek Sulawesi ambek Papua ae onok daerah-daerah sing nggae jeneng Jowo, contoe Kecamatan Wonomulyo ndik Polewali Mandar, Sulawesi Kulon; wis pendhekane uakeh.

Wong Jowo liyane yo isok ditemoni nang negoro Walondho, Kaledonia Baru (sing nasibe podo ambek Wong Jowo Suriname) ambek negoro-negoro liyane sak dunyo. Dadi sakjane yo Jowo iku onok nang endhi-endhi opo maneh ndik Indonesia. Nang njoboe Jowo ae, Wong Jowo akeh sing nyebar molai jaman mbiyen tapi tambah ndadi pas jaman Londho nerapno program transmigrasi. Wong Jowo sing biasane nduwe cekelan urip ‘mangan ora mangan ngumpul’ iki molai pindah tekok enggon asale nok panggonan sing anyar. Nang Sumatera, Wong Jowo malah jumlahe ngalah-ngalahi wargo asli ndhik Lampung, terus luwih teko 20% nang propinsi-propinsi Sumatera liyane kecuali Aceh, Sumatera Barat ambek Bangka Belitung.

Boso Jowo sing dadi tenger-tengerane Wong Jowo iku yo akeh maceme. Sak liyane coro kedaerahan, yo onok barang coro (dialek) sosial sing kethok tekok onoke Ngoko-Kromo. Molai tekok boso Jowo Banten sampek Jowo Suriname ambek Jowo Malaysia sing kepengaruh boso-boso sakubengane. Jowo Suriname kenek pengaruh Londho ambek Sranang, lek Jowo Malaysia kenek pengaruhe boso Melayu ambek Inggris. Tapi yok opo, yok opo boso Jowo baku tetep dadi acuane. Masiyo blog iki nggae boso Jowo Etanan, tapi pancet (tetep) ndukung uri-urine boso Jowo, opo ae ujude, opo ae logate. Nang tulisan opo omongan dino-dino. Pojok Lambe yo percoyo lek akeh sing sik terus nguri-uri budhoyo ambek boso Jowo. Lha sing ndik Suriname ae sik nduwe tekad kok masiyo arek-arek nome saiki akeh sing luwih seneng boso Londho, opo maneh (kudune) Wong Jowo nok Indonesia sing pendhekane enggen asal mulane, sakjane kudu luwih.

Polae saiki arek nom akeh sing luwih seneng melok-melok budhoyo njobo sing gurung karuan apik, budhayane dhewe sampek-sampek meh dilalekno. Sopo sing ate nyinaoni gamelan? Sopo sing nyinaoni seni tarine? Sopo sing ate sinau mocopatan? Sopo sing atene main Ketoprak opo Ludruk? Wayangan? Mestine arek nom saiki akeh sing wis gak gelem. Gak praktis, gak gaul ngono jarene, wis kenek sing kethoke mbois tapi sakjane njerone gak nggenah.

Ancen mben bongso iku nduwe apik ambek eleke dhewe-dhewe. Wong Jowo yo ndhuwe luwih ambek kurange barang, iku ancen kudu diakoni. Tapi tekok eleke iku sakjane isok didadekno koreksi yok opo kene iso migunani gae bongsone. Masiyo tah iku Jowo Suriname opo Jowo Malaysia opo Jowo Kaledonia, wis bedho warganegarane, tapi pasedhuluran podo Jowone kudu diterusno, malah lek iso ditingkatno. Gak popo ngadheg nang gendhero negorone dhewe-dhewe, gak popo lek kabeh bangga karo negorone, sing penting siji…sedhulur-sedhulur-sedhulur Jowo Sak Dunyo kudu diterusno mbuh liwat coro langsung opo liwat alam maya utowo internet. Saiki jamane wis cepak, ringkes, gak kathik suwi, dadi riko kabeh isok kontak ambek sopo ae liwat jejaring sosial (social network) sing iso didadekno sarono gae ngraketno ikatan silaturahmi, pasedhuluran ambek pasamuane Wong Jowo sak dunyo.

Jowo Indonesia-Malaysia-Suriname-Singapura-Kaledonia-Walondho lan sak teruse…yuk podho gandeng tangan kanggo nguri-uri Jowo nang negorone dhewe-dhewe.

Pojoklambe
Minggu Legi
4 Desember 2011
7 Muharram/Suro 1433H/1945

2 komentar: