Rabu, 08 Agustus 2012

(Pojok Lambe Crito) : BLOG MULTIPLY ATE KUKUTAN

Assalamualaikum Dherek, Yok Opo Kabare Riko kabeh?
Wis suwi aku gak ngisi blog iki yo. Maklum ae luwih gelek nok lapak sithuke sing guampang aplikasine. Lapak iki wis tak eloki meh wolung taun. Ndhik kono akeh kenangane, kekancanane, pasedhulurane, uakeh acara-acarane. Molai tekok baksos, antologi buku sampek lomba-lomba sing asik-asik. Iku kabeh onoke mek nang lapak sithuk iku....opo iku? Yo jenenge Multiply.

Molai taun 2004 sampek saiki aku wis meloki lapak iku. Molai tekok fiture sing sik cekeremes, sampek canggih koyok saiki. Lha saiki onok kabar lek Multiply ate mateni fitur blog sak towo-towo fotone. Pokoke sing mambu-mambu jejaring sosial ate diilangi kuabeh per tanggal 1 Desember 2012 engkok. Iki kabeh marai poro penggunane dadi galau berjamaah. Bek-beke onok barang sing nangis ngejer mbrebes mili polae brita iku. Si Stefan sing dadi CEO Multiply wis mutusi ngono lek Multiply ate didadekno enggon dodolan ae, ganok maneh fitur gae blogger. Iki kabeh nggarai cidro atine poro penggunane sing wis nggae Multiply pirang-pirang taun.