Selasa, 30 Oktober 2012

SUMPAH PEMUDA, SUMPAHE SOPO REK?


Sumpah Pemuda, Sumpahe Sopo Rek?
Iku sing dadi dulinan sing mubeng-mubeng koyok bido nok utekku. Sakjane aku ate nulis perkoro iki pas tanggal 28 Oktober wingi, tapi polae lagi males-malesan utowo mumet endhase kenek perkoro reno-reno, yo wis rek tak simpen ae nok utek. Lha ngepas upacarae dino Minggu aku gak teko, yo jelas rek aku melok sing endhi. Wong sing cedhek-cedhek ae aku gak tau kober. Aku sek eling terakhir melok upacara iku pas dadi mahasiswa anyaran, iku ae mek TA alias Titip Absen, terus kene ngenteni nang njobo ae hahahaha.

Sabtu, 20 Oktober 2012

Cara Omonge Arekan


Lek jare wong-wong, logate wong asal daerah Arekan molai tekok Jombang sampek Jember, molai Gresik sampek Malang iku seje dibandingno ambek cara omonge wong Jowo nok sisih kulone. Aku dhewe ket ngrasakno pas pertama kali pindah nduk Semarang. Mben aku ngomong, wong kene mesti isok nengeri lek aku iki gudhuk wong Semarang.
“Sampeyan mesti seko Jatim yo?” takok wong sing kaet kenalan ambek aku.
“He-eh.” Aku nyauri ngono. Nirukno cara omonge Semarangan tapi pancet ae gaya Etanan gak isok dibusek blas.

Mangayubagyo yo Pak Jokowi-Pak Ahok


Critane iki Pojoklambe wis suwi gak diisi-isi. Polahe sing nduwe omah sik uakeh urusan, sakliyane aras-arasen mergo onok kukutan. Kukutan? Iyo, kukutan enggon kerjo lawas ambek kukutan omah maya sing pualing disayang tapi saiki dadi mbencekno gara-gara genaro-genaro mengong ndik kono. Oh iyo rek, aku sampek lali ate mbahas perkorone Pilkada DKI Jakarta sing akhire dimenangno pasangan Jokowi ambek Ahok. Ancen wong loro iki gudhuk wong Jakarta asli, sithuke tekok Solo ambek pas iku sik njabat dadi walikota Solo sing paling sukses noto PKL-PKL, terus sithuke maneh turunan Tionghoa sing tau dadi Bupati Belitung Timur masiyo gak sampek enthek masa jabatane.