Minggu, 30 September 2012

(Cerito PojokLambe) : Oppa Mekangkang eh..Gangnam Style


Saiki-saiki wong-wong podho megaya kabeh melok-melok gaya tandhakan sing di populerno ambek wong Korea. Aku gak patek nggathekno asline, tapi kok kakean mecungul nok tivi, terus uakeh sing ndhelok youtube-e. Tak mat-matno gaya sing diarani Gangnam Style “opo nek tak arani malah koyok wong mari disunat gayane” malah persis gayane wong mancal jaran. Ceklak cekluk ceklak cekluk kadang gayane koyok kodok ate mencelat, terus langsung booming koyok bom atom sing dilugurno Amerika pas ngenthekno Jepang mbiyen. Eh, Si Bisnis Spir yo jare sueneng puol ambek gayane Gangnam iku...sak dunyo wis pendhekane kenek kuabeh.

Rabu, 26 September 2012

(Crito Pojok Lambe) : Fatimah...Mbeeeekkk



Aku kelengan salah siji kedadian sing sampek saiki sik nggarai aku ngguyu cekakak gerr gerran tapi ambek mikir pisan. Sakjane iki wis suwi soro, kiro-kiro taun 98. Jaman aku sik ngganteng-nggantenge dadi arek (tapi saiki yo sik ngganteng gak kethulungan….enak kan timbang minder mending pede). Pas iku aku mbolos kuliah seminggu padahal pas iku daerah Banyuwangi lagi rame-ramene soal dukun santet. Tapi yo polahe aku pengen nontok kesenian Janger nok kono, yo wis bonek-bonekan ae. Ambe’an aku yo mek wong situk sing tak kenal nok kono. Iku sik dhulure koncoku ndik kampus.
Aku nginep ndik daerah Banyuwangi persise meh nyedeki gapurone kutho. Lha pas iku kenalan-kenalanku tambah uakeh polahe aku yo njuk referensi perkoro seni Janger iko. Jenenge arek nom, lek kadung pengen eruh yo golek sampek temok. Tapi onok siji sing iku mau, nggarai aku cekekekan poll. Critane pas kenalanku sijine, arani ae Pak Az ngejak aku bengi-bengi nang tukang pijet langganane. Enggone mlebu kampung banget, tapi aku wis lali sisih endi enggene. Maklum ganok catetan pas iku. 

Senin, 24 September 2012

(PojokLambe Crito) : BALIK KANAN, GRAK!!!!

Iki crito-crito jaman aku sik SMA. Pas iku aku ditunjek eh ditunjuk dadi anggota paskibra gae jatah upacara dino Senen. Mben Senen mesti onok upacara lan mben kelas yo kenek jatahe dadi petugase. Aku wis lali persise kapan, sing jelas kedadiane taun 1993-an, jaman aku sik sweet sweet seventeen alias sik ngganteng-nggantenge (sampek saiki yo sik ngganteng, ojok katik protes yo! uawas peno lek protes2..hahahahaha). Lha pas iku aku, ambek loro koncoku liyane (sijine wedhok) dadi petugas pengibar bendera. Kene latian enthek-enthekan masiyo mek level sekolahan. Maklum kabehe kudu kethok sempurna. Disemprot ambek kakak pembina ae yo sampek menter.

Rabu, 12 September 2012

(Pojok Lambe Crito) : THE SHOW MUST GO ON

Sugeng enjang dherek kabeh
Yok opo kabare peno-peno kabeh? Apik kan? Wis sak ulan aku gak ngisi omah iki. O iyo, sakdurunge SUGENG RIYADI gae riko kabeh yo. Sing nom akeh salahe, sing tuwek akeh dhuwite....sing tuwek aku njaluk galak gampile (angpao) po'o (hloh? ngomong opo aku iki rek!). Nang omah sebelah sing diarani Multiply opo lek arek-arek ngarani Mulkiplid, Mulpid, Multupid, Mulstupid lan sak panunggale, podho rame-rame mbahas sing jenenge dom pentul eh..tools sing dijanjekno ambek pihak Mulkiplid iko. Wis tak coba'i yo sik gatol ae alias gagal total. Yo wis lah gak popo lek ancen kudu alon-alon yo dipreteli sithok-sithok sampek njendhol jithoke, koyok jithoke ponakanku sing bonong alias botak nonong. 

Aku sampek mbukak omah akeh polahe iku. Nang Wordpress yo wis tak cacak alon-alon. Jurnal sampek ewonan iku yo sampek elek gak mari-mari mindahe. Akhire sing tak lakoni yo hara-kiri alias ngilangi jurnal-jurnal sing tak anggep gak penting blas, koyok curhatan ambek konco-konco sak kompine. Sing penting-penting kudu ndang dislametno. Omah anyar iki yo sik uakeh cacate. Gak sepenak Mulkiplid iko, cuma aku dadi kelengan artikel sing tau tak woco nok internet perkoro ZONA NYAMAN. Zona sing wong-wong rumongso nyaman, gak usah eksplorasi maneh, soale wis kepenak nok kono. Padahal yo lek diarani Zona Nyaman iku sing paling medheni, soale kene malah buntu, gak isok ngembangno awak dhewe ambek gak iso luwih apik maneh ketimbang saiki.