Kamis, 10 Mei 2012

IRI

Njae iku boso Malangan gae kata 'IRI'

Sakjane aku gelek ngrasakno koyok ngono. Njae ndhelokno kahanane sak ubenganku. Njae ndhelok wong-wong sakpantaranku opo malah ngisoranku sing uripe dadi-dadi. Pas reunian ngono kadang koyok dadi ajang pameran status siji ambek liyane. Paribasane sukete tonggo kethok-kethoken luwih ijo timbang suket omahe dhewe. Aku dhewe kadang rodok mindek tapi yo ndhuwe roso njae iku. Ditambah maneh ibukku mesti ngomong "Dheloken dulurmu, si A wis isok tuku montor, tuku iki, tuku iku." Duh Gusti! Opo'o se bondho mesti didadekno ukuran suksese wong? Kadang aku sutris karepe dhewe ambek roso njaeku tambah ndadi-ndadi gak karuan.

Lah kadang yo aku mikir dhewe...Holaopo aku kok ngene terus? Opo maneh mari onok kedadian pirang-pirang dino iki nggarai aku koyok kegibeng. Kegibeng lek sakjane aku sik onok kesempatan gae ngadeg maneh. Insyaallah wis tak cobaki saiki. Opo ae masalahe, ojok sampek njae ambek uripe wong liyo maneh...Aku nontok iklan rokok sing gambare wedhus slenden nang wit lan nyantai nang sukete dhewe.. hahahahaha. Iklan iku lucu tapi mak jleb nang ati. Lumayan gae nyemangati awak dhewe..

Mugo ae nang umur sing wis mid thirties iki onok perubahan sing mendasar opo maneh mari ngliwati poso taun iki. Aku mek ngarep ambek ndungo cek iso terus melok poso-poso taun sakteruse. Tapi yo iku mau... umur, rejeki ambek jodo iku urusane Gusti. Kene mek pasrah ambek tawakal ae. Gak ngurus maneh wis lambene wong2. Bah koen manak ping piro, bah koen tuku opo, bah koen munggah jabatan..gak ngurus!...menungso isone mek ngomong thok. Hehehehe.

Ndengaren aku mellow ngene? Bahno wis! sing penting kudu semangat maneh masiyo saiki ngadepi kondisi sing gak pasti. Gak usah njae ambek uripe wong liyo maneh, cekno ae dheke sukses, cek gak njae yo gak usah diwoco opo dianggep cerito panyebar semangat ae hahahahaha. Fokus nang kene dhewe ae.


Mandar mugo Gusti ngijabahi