Jumat, 30 September 2011

(Pojok Lambe) : Sinau Boso Etanan (Nomer 2)

Assalamualaikum, Sugeng Ndalu Dherek
Yok opo kabare riko kabeh? Cek gelis isok boso Etanan alias Jawa Timuran, iki tak ke'i ae pelajaran boso Etanan sing didadekno boso dino-dino nok daerah Jawa Timur bagian tengah, molai tekok Jombang sampek Pasuruan (malah ngantek Jember), tekok Gresik sampek Malang. Mben daerah iku onok bedone dhewe-dhewe tapi yo kacek 11-12 lah. Diarani kasar yo ancen kasar, soale boso Etanan iki sifate luwih egaliter timbang boso Jowo standar sing acuane tekok dialek Jogja-Solo, ambek logate gampang ditengeri. Jare koncoku sing tekok Jateng, wong Arekan iku logate koyok wong ngotot...ate gelut. Hahahaha..

Thitik sik yo

Selasa, 27 September 2011

(Pojok Lambe) : Konsep Ngeblog Gaya Pojok Lambe


Opo se sing riko goleki tekok ngeblog iku?
Opo’o riko ngeblog?
Terus opo’o riko ujug-ujug pengen ngeblog?
Tako’an iku mesti uakeh nok utheke riko kabeh. Saurane yo tergantung awak peno dhewe-dhewe, sekarepe peno ngethokno opo nok jeroane ati, opo sing dirasakno ambek liya-liyane wis pokoke.

Masiyo ngono ngeblog yo pancet onok aturane, paling gak kene gak iso maidho wong sak penak udhele dhewe, gak isok ngilok-ngilokno barang tanpo nduwe roso tanggungjawab. Nah sakjane gak kacek adoh kok ambek Etika Ngeblog sing wis diguyubrukuni ambek poro blogger sak Endonasuwah, mek istilae ae sing rodok seje…yo kacek titik gak oleh protes. Hehehehehe.

(Pojok Lambe) : ATI

Ati onok loro
Sing kethok moto
Sing kethok roso
Sijine iso loro
Sijine iso nelongso
Sithuk kelaran golek tombo cepet
Tapi..
Sing sithuk iki kelaran yok opo nambanine


Pojok Lambe 
27 September 2011

Sabtu, 24 September 2011

(Warta Pojok Lambe) : Social Media Fest 2011 Nok Semarang

Wingi tanggal 24 September 2011 onok acara Social Media Fest 2011 sing dianakno ambek komunitas-komunitas internet nok kutho Semarang. Sing melok nang acara iki antarane : salingsilang.com., opojal.com, loenpia.net. KCB alias Komunitas Cah Semarang, Komunitas Sepeda Lipat, Bike to Work , Radioonline Loenpia.net lan sakpanunggale. Pokoke uakeh pol komunitas sing teko pas iku. 

Dimolai jam 7 bengi nok Cafe Parahita sing enggene ndik sebelahe Tri Lomba Juang Semarang, acara iki disponsori ambek XL sing wis dadi sponsor setia pas molai tekok acara buka bersama wulan winginane. Isi acarane intine ancen gae kenal-kenalan, temu tinemu ambek podo nambah jaringan. Mben komunitas nggowo barange dhewe-dhewe gae hadiah cabutan koyok kaos, jam tembok, tas baik, ngantek buku sing didadekno hadiah nek iso njawab takokane MC.

Jumat, 23 September 2011

(Pojok Lambe) : LALI....

Sugeng enjang dherek.
Yok opo kabare kabeh?

Onok siji sing lali tak atur nang blog iki. Konco-konco podo sambat soale gak isok komen nang enggon anyarku iki. Aku yo sempat bingung se, opo'o yo? Lho, kok isok yo? Padahal onok sing isok mlebu ambek komen mrene. Lha ndilalah mau iki ket ae aku ngecek settingane, sempat bingung golek-golekane aku. Maklum sik nubitol.

Kirane yo aku durung ngatur settingan gawe everyone (including anonymus), cuma sing registered ae sing diset. Yo wis lah tak setting ulang ae kabehe iki. 

Dadi wis iso dileboni komen gawe sopo ae ngono yo....Sepurane sing uakeh.

Wis iki sik..Sugeng enjang nedho nrimo


Pojok Lambe

Kamis, 22 September 2011

(Pojok Lambe) : Sugeng Rawuh Nang Blogku

Alhamdulillah iki postinganku sing kaping sepuluh. Ancen sengojo aku nulis-nulis nang kene nggae boso asliku dhewe. Boso sing tak kenal molai cilik lan dadi boso dino-dino masiyo a kadang kecampur ambek boso Indonasuwah. Saiki aku wis nyasar nok Semarang, dadine coro Semarangan yo mlebu barang nang boso dino-dino.

Nah blog iki ancen sengojo tak gae nggentheni Kembang Lambe Jowo sing biasane tak tulis mben Rebo nok lapak sijine. Maksude opo? cek gak rancu antarane blog siji ambek liyane polahe bosone campur aduk. Dadi yo wis lah, tak putusno iki tak pisah ae dadi podo fokus ambek blog endi sing dipilih plus opo sing ate diwoco. Jelase siji ae, aku gak mikir maneh opo iki diwoco opo nggak, sing penting aku nulis nulis nulis terus nulis. Aku sik sinau gae njlenthrekno opo sing tak rasakno, sing tak pikirno, sing tak eruhi nang boso mbok-mbokanku dhewe. Tanpo rumongso dipekso, tanpo rumongso diatur-atur, bebas merdeka lan isok kapan ae sak karep-karepe nulis gak kathik macem-macem.

Sengojo aku gak nggae boso Indonesia nang blog anyar iki. Opo'o? Aku nyadar lek nang blog sijine sing moco akeh lan gak cumak wong Jowo opo maneh wong Etanan... tapi aku yo butuh enggon sing isok aku bebas ngoceh nang bosoku dhewe sing kadang gak isok dijlentrekno nang boso Jowo standar opo maneh boso Indonesia. Yo sepurane dherek lek misale roaming moco blog iku. Hehehehehe..

Sengojo ancene tak rahasiakno sik..ngenteni posting ke-10. 

Oke dherek...
Lek misale bingung opo sing tak jlentrekno nang kene monggo ae takok-takok. Bebas kok hehehehe...anggep ae iki nggedabrusane aku nang bosoku dhewe. 

Sugeng moco...

Pojok Lambe 2011

(Crito Kilat) : BENGI IKU

"Mas!! Mas!! Bukaen lawange!!" Sri nggedhok-nggedhok lawang toko sing ditutup pas iku.
Wis suwi Sri pisah ambek bojone, Maryoto polahe masalah omah-omah. Sri wis gak tahan, soale sikape Si Maryoto wis gak koyok jaman dhe'e rabi pertama kali. Ancen wis welasan taun wong loro iki rabi, ambekan wis ndhuwe anak telu sing lucu-lucu. Gurung maneh usaha tokone sing laris manis nganthek mbukak cabang nang Sidoarjo.

Sri bingung, opo'o rong taun iki bojone koyok ngono. Wis suwi pisan gak kumpul sakbojoan, padahal biasane mesti masiyo mek itungan menit. Pikire yo wis lah...paling wonge pegel mari kerjo.

Cumak Sri saiki kok curiga...kok lawang toko gak dibukak-bukak ambek Maryoto sing mblayu mrono mari tukaran wingi. Sri wis gak kuat.....

"Mas!! bukaen lawange po'o!" Ayo, ngomong2an sik cek ndang mari!" Sri nggedhok lawang bantere eram-eram. Untunge gak onok sing tangi tonggo kiwo tengene.
Gak onok sautan...
Sri wis gak kuat, langsung ae nyepak lawang sing tibake gak kekonci..

Sri langsung mlebu kamar sing biasa dienggoni bojone lek kesel njogo toko..

Sri kaget...motone rasane koyok ate metu, gak percoyo. Sementara bengi tambah surup

Onok wong lanang liyo sing ngeloni bojone....mesra.

Sri rumongso kiwo tengene langsung peteng ndedet...


Crito Pojok Lambe 2011

Senin, 19 September 2011

(Jepretan Lawas) : Iklan Simpati Jawa Tengah Ambek Jawa Timur


Iki tak jupuk taun 2008 Sing ndukur nok Malang, ngisore nok Semarang...bedo-bedo tipis..yo 10-11 ngono hehehehehee..
Monggo dinikmati

Minggu, 18 September 2011

(Sinau Boso Etanan) : TAKON-TAKON

Sugeng enjang dherek...
Saiki mbukak blog iki ambek bagi-bagi ilmu titik gawe wong-wong sing pengen sinau boso Jowo Etanan (Wetanan). Opo yo sing ape tak ajari? Sing gampang-gampang sik ae....Molai teko kata takonan (tak jembrengno ambek padanan kulonan plus boso Indonasuwane).

Yok opo 
Tekan kata "koyok opo", padanane nang kulonan piye utowo kepriye nek bahasa Indonasuwane Bagaimana.

Contone : Yok opo kabare, rek?  padanan kulonane Piya kabare, cah? lek Indonesia Bagaimana kabarnya? utowo lek boso gaule...Gimana kabarnya, coy?

Boso aluse gampang ae...karek (kari) nambahi n nang opo dadi yok nopo

Opo'o
Artine nang boso kulonan keneng opo  (tapi gak pasti pisan iki, soale nang Jowo dheles yo iso reno-reno gae nggambarno) nyapo kadang yo digae. Boso Indonesiane kenapa

Contone : Opo'o sampeyan iki?  = keneng opo sampeyan iki? = kenapa kamu ini?

Boso aluse : Nopo'o 

Lapo
Ning kulonan nyapo  , lha nang boso Indonesia kurang luwih ngapain utowo sedang apa

Contone : Koen lapo turu nok kono? = kowe nyapo turu ning kono? = ngapain kamu tidur disitu


Iku sik yo rek...engkok disambung maneh nang posting terusane...lek onok kelirune yo njaluk sepuro sing akeh.


Pojok Lambe

(Pojok Lambe) : Nontok Wayangan

Aku dadi kelingan jaman cilikan mbiyen, pas lek ate turu, mbahku mesti nyetelno aku tembang-tembang klenengan opo wayang kulit sing disetel tekok radio tape-e. Mesti lek ganok suoro ngono-ngono iko aku malah gak iso turu. Kasete Suwargi Eyang Kungku wuakeh sakndayak sampek aku bingung milih sing endi lek ate ngrungokno.

Mesti lek mben bengi opo maneh aku luwih seneng turu ambek mbah timbang ambek ebes memes, aku njaluk disetelno gending-gending wayangan.

"Mbah, aku setelno gending wayang yo." Pas wis molai mancal kemul
"Lakone opo No? " takok Mbahku
"Lakone (aku lali, tapi pokoke wayang wis)" sauranku ngono.
Gak kakean cangkem, wis disetelno lagu gendingan wayang iku nganthek aku keturon.

Eh, masiyo Mbahku wis ganok..senenganku nang wayang yo gak ganti-ganti. Masiyo lek dikongkon nontok wayang langsungan sak wengi munjul aku sik gak iso..maklum mbiyen guduk bongso kalong (wkwkwkwkwkw). Eh, iyo aku nduwe crito perkoro nontok wayang iki. Pas jamanku kuliah mbiyen kiro2 taun 96-97, aku tau nontok wayang sakwengian ambek koncoku nang ngarepe perpus UNAIR. Aku lali lakone opo, gendingane enak se masiyo bosone Ki Dalange kadang ngerti kadang gak maklum bosone kedukuren se. Hahahahaa...Sing nonton lumayan sak ndayak ngono.

Eh, njekethek aku keturon pas tengah-tengah acara, maklum mari onok acara nang UKMku dadi awak rasane legrek kabeh, gak sadar aku keturon nang tengah-tengah acarane wayang. Pas tangi-tangi, wis ate Subuh!!!!! wong-wong wis buyar kabeh tapi wayange tetep mlaku terus. Aku mek iso kriyep-kriyep ambek misuh-misuh nang ati..soale ditinggal koncoku mulih!

Aku seneng nontok wayang, tapi lek dikon nontok langsung sik kudu nyepakno tenogo gae ngalong sik ah..hehehehe.


Pojok Lambe

(Pojok Lambe) : Bokong Kukusan

Bokong kukusan lek dijlentrekno langsungan artine bokong..yo bokong, kukusan...eling dandang kan? dandang kan bagian bokonge gosong-gosong soale panas diobong terus. Nah, bokong kukusan iku maksude wonge gak iso meneng, lek lungguh ngono usrek ae terus menclok-menclok. Istilah liyane bokong landep (tajam), maksude yo podo, wonge gak iso anteng nang sak enggen.

Sik kelingan jaman SMA mbiyen, lek guru sejarahku mesti nyindir salah siji koncoku sing gaeane umek usrek ae nang kelas. Sitik-sitik pindah bangku, embuh wis ping piro de'e pindah bangku. Ketoke areke yo gak iso meneng pisan, sampek dingenekno guruku "Koen iku gak iso anteng a? Koyok bokong kukusan ae. Ngerti gak bokong kukusan?" Lha liyane langsung pating clakep kep...alias mincep, opo maneh koncoku iku. Embuh opo enggon lungguhe disumeti kompor opo kok nganthek gak iso lungguh anteng.

Tapi yo dimaklumi ae lah, bokong kukusan kan gak mesti elek. Dinamis ngono lho, menclok kono menclok kene. Aku dhewe yo sakjane rodok bokong kukusan. Lungguh yo umek gak iso anteng, opo maneh lek pas nang acara-acara sing mboseni, wis umek karepe dhewe. Poso-poso iki yo senenganku menclak-menclok tekan mesjid siji terus mesjid liyane. Bukone nang mesjid A, trawehe nang mesjid B...klebu bokong kukusan gak se? Hahahahaha...embuh wis. Karepe, sing penting gak landep..lek bokonge landep lak gak iso lungguh engkok.

Lek polahe ambeien yo embuh maneh rek..onok sing embeken gak?

Wis iki sik, endhek-endhek ae...kerjoan akeh dadi mek nulis sakmene sik ae.




Pojok Lambe
19 September 2011

(Pojok Lambe) : Umur 25

Lek soal jodo, wong wedhok tergantung umure....pas ndelok arek lanang sing nyedheki dhe'e opo komentare?

Umur 20-25  :  "Lha koen sopo?"
Umur 25-30  : " Iki sopo yo?"
Umur 30- sakteruse : " Sopo ae wis" 

Hahahahahahaha...ojok njae sik.. iki mek guyonan

Pojok Lambe
19 September 2011




(Pojok Lambe) : Setan Adu-Adu

Mbiyen lek dhulinan barang-barang sing landhep, mesti dielingno ambek wong-wong tuwek. “Ati-ati nek dhulinan barang koyok ngono, engkok kesenggol setan adu-adu.” Lek dipikir iyo se, polahe moro-moro lek barang landhep iku ngeneki kene yo dhowo urusane yo, opo maneh lek dhulinan peso-pesoan ambek wong liyo. Iku barang isok dadi eling-elingan cek gak ndadhekno barang landhep dadi dhulinan. Soale….yo iku mau..ndrawasi.

(Pojok Lambe) : Endi Ae Se Daerah Arekan Iku?


Arek lek nok boso kulonan ngaranine bocah. Iku biasa digae nyeluk koncone nang konteks sing akrab ambek guyub. Lek sampeyan gae nang wong tuwek yo iso-iso ditabok. Daerah Arekan iki yo aran gae wilayah Jawa Timur sing budaya ambek coro omonge rodhok seje ambek coro omonge wong Jawa Tengah ambek wong Jawa Timur Mataraman. Nah, sak jane lek tekok geopolitik ambek budayane, propinsi Jawa Timur iki kebagi dadi koyok ngene

Senin, 12 September 2011

Tulisan Pambuko

Assalamualaikum

Sugeng sonten dherek kabeh. Iki postinganku sing paling pertama nok Pojok Lambe. Pojokan iki khusus nggae boso Jowo, tapi sing tak utamakno boso Jowo dialek Etanan sing dituturno tekok Suroboyo sampe Malang, Jombang nganthek Pasuruan mbablas Jember barang. 

Kenalno ae, aranku Pojok lambe. Lambe sing endi? Ojok ngeres pikirane!!!! Iki istilah gae pojokan lambe sing akeh ngecewes, timbang aku ngecewes reno-reno tapi gak akeh sing ngereken yo mendingan tak lebokno kene ae wis. Sebagian blog iki tak comot tekok blogku sing sijine. Hehehehehee...Sing penting seneng madhep mantep mak mbedundung. 

Blog iki engkok yo isine reno-reno sing penting nggae boso Jowo Etanan sing dadi boso mbok-mbokanku molai cilik nganthek saiki. Masiyo saiki manggon nok Semarang lan titik akehe molai kecampur lek ngomong, tapi sak enggake aku pengen ngomong ngoceh ngalor ngidul nang kene ae....Aku ngerti lek iki koyok kedaerahan banget, malah be'-be'e yo gak kabeh wong Jowo ngerti soro opo sing tak tulis nok kene. Yo iku mau, boso Etanan sing paling tak banggakno.

Yo wis dherek, iku sik ae gae posting pambukoku, engkok lek kober maneh tak nyoret nang kene. Ojrit???

Wassalamualaikum,



Sing nduwe lapak