Selasa, 27 September 2011

(Pojok Lambe) : Konsep Ngeblog Gaya Pojok Lambe


Opo se sing riko goleki tekok ngeblog iku?
Opo’o riko ngeblog?
Terus opo’o riko ujug-ujug pengen ngeblog?
Tako’an iku mesti uakeh nok utheke riko kabeh. Saurane yo tergantung awak peno dhewe-dhewe, sekarepe peno ngethokno opo nok jeroane ati, opo sing dirasakno ambek liya-liyane wis pokoke.

Masiyo ngono ngeblog yo pancet onok aturane, paling gak kene gak iso maidho wong sak penak udhele dhewe, gak isok ngilok-ngilokno barang tanpo nduwe roso tanggungjawab. Nah sakjane gak kacek adoh kok ambek Etika Ngeblog sing wis diguyubrukuni ambek poro blogger sak Endonasuwah, mek istilae ae sing rodok seje…yo kacek titik gak oleh protes. Hehehehehe.

Iki lho…arane AMBLAS…guduk amblas anjlok ngono yo rek, tapi iki akronim tekok sing ate liwat :

Aman : maksude iku gae njlentrekno opo sing nok pikiran kene, kudu onok roso aman, ayem tentrem, gak onok pikiran macem-macem (sakmacem ae nggliyeng opo maneh macem-macem), terus isok nonggo nang blog-blog liyane luwih penak.

Merdeka : ngeblog istilae yo butuh merdeko. Lek kene rumangsane keincim terus keintimidasi lek ate ngeblog..artine awake dhewe wis gak merdeko maneh. Lek merdeka ngono kene luwih penak, ate beropini yo enak, ate diskusi yo enak.

Bertanggungjawab : nah, riko tanggungjawab gak nang isi bloge riko? Peno kudu iso mertanggungjawabno jeroane bloge dhewe. Dadi lek didebat yo kudu siap, dicelathu yo siap, gak kathek colong playu..posting ngene, kenek debat titik langsung pindah gae sing anyar. Masiyo ngono, jawab sik..masiyo kene gak iso nyenengno kabeh menungso.

Lancar : cek isok ngeblog lancar, riko kudu akeh moco, akeh ngrasakno ambek golek pengalaman sing akeh, dadi gak kiro entek sumbere. Eh, lek lagi males yo ngasuh sik yo.

Semangat : iki sing penting. Ngeblog iku kudu semangat ambek konsisten. Paling gak sak ulan ngisi bloge minimal sithuk-sithuko ngono cek pengunjunge tetep isok mampir gae ndelok opo sing anyar. Semangat masiyo dicelathu endhi-endhi. Soale lek wis ganok semangat yo gak iso lapo-lapo.

A.M.B.L.A.S


Iku yo konsep sing memper-memper ambek etika ngeblog. Blogger iku akeh jenise, onok sing ndelikno aslie alias pencitraan, onok sing ngethokno aslie. Iku sekarepe, sing penting ojok ngrugekno wong liyo. 



Pojok Lambe 
28 September 2011 

4 komentar: