Rabu, 02 Januari 2013

(Latihan Pacelathon) : NANDUR JAGUNG (Versi Kulonan-Wetanan-Bahasa Indonesiae Pisan)

Sugeng Siyang dherek kabeh
Iki aku mbalik maneh nang seri pacelathon sing tak jukuk tekok buku pelajaran Boso Daerah. Tapi iki tak gae mbandingno antarane Boso Jowo sing baku, ambek Boso Jowo sing versi Arekan (embuh Suroboyoan opo Malang sing penting arekan hahaha), plus Boso Indonesiane barang gae awak peno sing gak isok Boso Jowo utowo Boso Jowone sik pating mecotot. Sing versi arekan iki gak mutlak, polae tak gae sing model sing paling tak eruhi.

(Gedabrusan Taun Anyar) : JOWO BAKU AMBEK JOWO ETANAN

Sugeng warso enggal
Slamet taun anyar gae riko kabeh, mugo-mugo ae awake dhewe kabeh dike'i barokah ambek urip sing luwih apik nok taun 2013 iki. 

O yo, mau aku kilingan pas nok kantor onok kertas sing njekethek tulisan perkoro pacelathon boso Jowo. Aku penak ae nyacak nerjemahno nok boso Jowo Etanan sing tak eruhi hehehehee. Lha terus malah suwi-suwi kok nggarai kepengen nggae perbandingan antarane Jowo Baku ambek Jowo Etanan sing masiyo sejene gak sepiro'o akeh tapi pancet nggarai kethok khas. 

Iki tak jupuk tekok kene conto pacelaton/dialoge.

A : Piye Kabare? (Apa kabar?)
B : Apik. Hla kowe piye? (Baik. Lha kamu bagaimana?)
A : Aku ya apik. Wah, wis suwe ora ketemu ki. Kangen rasane karo kanca. ( Aku juga baik. Wah, sudah lama tidak ketemu nih. Kangen rasanya sama teman).
B : Saiki kowe wis nyambut gawe apa durung? (Sekarang kamu sudah kerja apa belum?)
A : Aku durung nyambut gawe isih nganggur. Hla kowe piye? (Aku belum kerja masih nganggur. Lha kamu bagaimana?)
B : Alhamdulillah, aku wis oleh gawean. Ya wis ayo mangan bareng ning warung mi ayam kae. Tak traktir tenang wae.(Alhamdulillah, aku sudah dapat kerja. Ya udah makan bareng di warung mi ayam itu yuk.Aku traktir tenang saja)
A : Ayo. (Ayo)

Versi Jowo Etanane

A : Yok opo kabare rek?
B : Apik. Lha awakmu yok opo?
A : Aku yo apik ae. Wah, suwi yo gak ketemu. Kuangen rasane ambek konco.
B : Saiki awakmu wis kerjo opo gurung?
A : Aku gurung kerjo e. Sik nganggur. Lha awakmu?
B : Alhamdulillah, aku wis oleh kerjoan. Yo wis, ayok mangan bareng nok warung mi ayam iko. Tenang ae, tak traktir kok.
A : Ayo

Iku mek sak klebetan ae conto sejene Jowo Baku ambek Jowo Etanan masiyo yo iku gak patek mutlak. Sing penting ayo podo nglestarekno dialeke dhewe-dhewe hehehehe.


Bambang Priantono
2 Januari 2013

Sumber pacelatone tekok kene