Minggu, 11 Desember 2011

(Crito Pojok Lambe) : KALIMAS


Ngalir terus molai tekok watese Suroboyo, mbagi Suroboyo dadi terus sing pungkasane mandeg nang Selat Medhuro. Kali iki sing dadi salah siji urat nadi uripe Suroboyo molai jaman mbiyen. Molai jaman Suroboyo jenenge sik Hujung Galuh sampek saiki, kali iki pancet dadi andelan urip, kabeh kegiatan dianakno nang kono. Tekok jasa sebrangan gae prau gethek, umbah-umbah, tempat sampah sampek WC raksasa.

Kalimas kadang diarani Kali Suroboyo

Minggu, 04 Desember 2011

Wong Jowo Sak Dunyo

Sing diarani wong Jowo iku awale wong-wong sing manggon nang pinggire segoro lor Jowo Kulon, Jowo Tengah, Jogjakarta ambek Jowo Etan. Ngamalno budhoyo Jowo, mboso Jowo ambek nglakoni aspek-aspek uripe Jowo. Jumlahe Wong Jowo jare meh separuhe Wong Indonesia, terus dadi suku nomer telu paling gedhe ndik Suriname sing teko nang kono antarane taun 1890-1939 soale didadekno buruh nok kebon-kebon terus akeh sing gak isok mbalik maneh nang lemah leluhure, onok maneh yutoan Wong turunan Jowo (gudhuk TKI) sing manggon nok Malaysia utamane Semenanjung. Nah, nang Semenanjung iki paling uakeh nok Selangor, Johor, Melaka ambek Perak.

Jumat, 02 Desember 2011

(Pojok Lambe Sabtu Kliwon) : Aksoro Jowo Siap Dilebokno Dadi Font Windows..Melok Bungah

Sugeng enjang dherek,

Wingi Jemuah, onok brita sing mbungahno ati, utamane gae wong-wong sing konsen ambek tresno ambek aksoro lan budaya Jowo. Ndhelokno nasib aksoro Jowo sing wis molai kukut polahe karek thitik sing nggae ditambah maneh lek jare arek nom aksorone mlungker-mlungker koyok ulo. Nang Kongres Boso Jowo kaping 5 sing dianakno nok Suroboyo tanggal 27 nganthek 30 Nopember winginane, Ki Demang Sokowetan salah siji pemerhati aksoro ambek boso Jowo njlentrekno lek mari ngene aksoro Honocoroko ate dilebokno dadi FONT-e Windows paling anyar, paling gak rong taun ngkas.

(Pojok Lambe) : DESEMBER

Assalamualaikum
Sugeng ndalu, yok opo kabare riko kabeh?

Wis rodok suwi rasane Pojok Lambe gak nganyari tulisane nok kene. O iyo...meh lali, Sugeng Wulan Desember yo gae riko-riko kabeh sing gelek teko nang Pojok Lambe. Sepurane sing akeh lek Pojok Lambe sik arang-arang marani omahe riko kabeh. 
Desember iki pungkasane taun, mesti riko-riko klebu Pojok Lambe wis molai mikir opo ae sing wis dilakoni molai awal taun nganthek saiki sing ate enthek-enthekan iki. Mestine yo wis akeh barang sing nggae resolusi-resolusi, iyo kan? Resolusi gae opo sing dilakokno taun ngarepe terus arep-arepane sing kudu isok gak isok kedaden. Desember lek digathuk-gathukno artine dadi Gede-Gedene Sumber, polahe mben Desember mesthi udane get-getan lan nang daerah-daerah akeh sing kebanjiran. Istilah gede-gedene sumber iki yo Pojok Lambe gak ngerti tekok endi asale, palingo polahe wong Jowo iku senengane nggathuk-gathukno dadine cek kethok tepak ngono yo wis. Tapi lek dinalar yo njekethek akeh benere kok. 

Jumat, 25 November 2011

(Pojok Lambe) : SUGENG DINTEN GURU, INDONESIA

Ndhek winginane guru-guru sak Indonesia podo ngrayakno dinone sing diarani Dino Guru, iku sejarahe polahe PGRI (Persatuan Guru Republik Indonesia) lair tanggal 25 Nopember 1945, dadi saiki umure wis 66 taun. Nah, pas laire PGRI iku sing didadekno momen dino guru. Mestine nang instansi-instansi utowo sekolah-sekolah dianakno upacara gae mringati dino iku, mestine. Tapi polahe gak didadekno dino prei yo akhire podo ae ambek dino-dino liyane...mek thithik sing eling ambek ngrayakno masiyo sederhana ae. 

Minggu, 20 November 2011

(Pojok Lambe) : "SEMPEL"

Onok maneh salah siji ukoro sing gelek tak rungokno molai cilik. Yoiku SEMPEL. Embuh aslie tekok endi kata-kata iku, krungue kok koyok kata SIMPLE  nok Boso Linggis...Simpel..simpel..suwi-suwi dadi sempel...halah! Isok ae rek!!!

Sempel iku sak ngertiku artine podho ae ambel koplak, gemblung, gendheng, kenthir, utowo gila. (isok gendeng temenan utowo gendeng-gendengan).

Contoe gak usah adoh-adoh :

Ancene arek sempel kok iku! Foto-fotone ancene nggarai wong ngguyu cekakan
(Dasar orang gila! Foto-fotonya bikin orang terbahak-bahak)

Ojok cedek-cedek ambek si A. Areke sempel, engkok awakmu ketularan sempele
(Jangan dekat-dekat si A. Dia gila, nanti kamu ketularan gila)
Nono sempel!!!
(Nono gila!)
Iku sik yo contoe dhulur-dhulur...engkok ditambai maneh


Pojoklambe 2011

Sabtu, 19 November 2011

Kamis, 17 November 2011

(Gambar Pojok Lambe) : SEGO GORENG JANCUK..(plange thok)


Gelem tah nyacak (mencoba) sego goreng koyok ngene?
Pojok lambe dhewe gurung keturutan mangane kok
Kapan-kapan ae wis lek nok Suroboyo maneh
Opo isok mari mangan sego goreng iki langsung misuh-misuh 'jancuk'?

Hahahahahaa..

PojokLambe 2011

Rabu, 16 November 2011

(Pojok Lambe) : Perkoro 'JANCUK'

Sing gudhuk wong Jawa Timur biasane podho takok-takok, opo se Jancuk iku? Lek gae wong Jawa Timur utamane sing ndhik daerah arekan (antarane Gresik sampek Malang, ambek antarane Jombang sampek wetan mbablas), ukoro jancuk iki artine saru pol. Iku biasane digae misuh-misuh lek lagi muntap opo lambene gak isok dikendalekno maneh. Nah, kata jancuk iki yo gae wong etanan luwih get timbang asu.

Selasa, 15 November 2011

(Pojok Lelayu) : Yusnita Febri In Memoriam

Innalillahi wa innailaihi rojiun

Pojok Lambe mau isuk oleh SMS tekok dherek-dherek Multipliers sing nyritakno lek sedhulur MP jenenge Yusnita Febri utowo sing biasa diceluk Febri wis tilar dunio (berpulang ke rahmatullah). Jare arek-arek, tilar dunione polahe mendadak wathuk pas online mau bengi.

Rabu, 09 November 2011

(Pojok Lambe) : SUGENG DINTEN PAHLAWAN

SUGENG DINTEN PAHLAWAN..

Dino iki tepak tanggal 10 Nopember 2011, tepak sewidak nem (66) taun pristiwane arek-arek Suroboyo ngangkat senjata gae nglawan pasukan sekutu sing dibonceng ambek Londho sing pengen njajah maneh negoro iki. Perang 10 Nopember iki klebu perang gedhe pertama antarane pejuang Indonesia ambek tentara asing lan dadi perang paling abot, paling mangan akeh korban lan dadi simbol perjuangan revolusine bongso Indonesia. 

Minggu, 06 November 2011

(Cerito Pojok Lambe) : Riyoyo Qurban


Sanip, Marto ambek Rudin lagi cangkrukan nang warung kopine Ning Laowra (ssst..jare artine Lanang ora wedok ora) bengi-bengi. Riyoyo kaji sik rong dhino ngkas, pas iku nok sebelahe warung akeh wedhus sing dicancang. Wedhuse kethok suebok mangan ae, koyok dipenak-penakno soale menene ate dibeleh. Dadi lek biasae mangan suket rasane ampyang, saiki rasa pizza.


Sabtu, 29 Oktober 2011

(Pojok Lambe Minggu) : Sumpah Pemuda, Sumpahe Sopo?

Tanggal 28 Oktober Jemuah wingi bongso Indonesia sakjane podo ngrayakno dino sing diarani “Sumpah Pemuda”. Sumpah iki ndhisike diikrarno ambek poro nom-noman tekok pirang-pirang organisasi agama, suku ambek golongan sing nyebar nang sak ubengane Nuswantoro. 83 taun ndhisik, Jong Java, Jong Sumatra, Jong Islamieten Bond, Jong Batak, Sekar Roekoen lan sak panunggale podo nglumpuk nok Jakarta (sing jaman iku sik diarani Batavia) gae melok Kongres Pemuda jaman ini. Asile dadi Sumpah Pemuda sing dadi salah siji dalan merdekane bongso iki.

1.    Kami, Pemuda pemudi Indonesia mengaku bertumpah darah satu, tanah  Indonesia.
2.    Kami, Pemuda pemudi Indonesia mengaku berbangsa yang satu, bangsa Indonesia.
3.    Kami, Pemuda pemudi Indonesia menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.

Sumpah iki sing digegem arek-arek sak Nuswantoro jaman iku gae nguatno solidaritas lan kesatuane, gak kathik mikir bedo-bedone SARA (suku, agama, ras, antar golongan). Sakjane sumpah iki sumpah sing adiluhung, polahe ndekek landasan utowo cita-cita luhur ndadekno bongso Indonesia dadi bongso sing merdeka tekok penjajah sing nyengkrem negoro pas iku.

Kamis, 20 Oktober 2011

(Sinau Boso Etanan 2) : MENE ambek MBEN

Cak Ruslan ambek Cak Marto cangkrukan nang Warunge Mak Laras. Loro-lorone lagi ngopi ambek ngemil gorengan opo maneh tas mari udan.
Cak Ruslan : To, mene sido gak dulin nang omahe Pak Sarip?

Rabu, 19 Oktober 2011

(Crito Etanan) : Kawinan Bendoro

"Cak Rus, aku pengen nek kawinane awake dhewe koyok Kanjeng Bendoro iko" jare Sulastri mari ndelokno acara TV ngunduh mantune Sultan Hamengku Buwono X.
Ruslan mek ndelokno ae calon bojone iku, ketepakan dhe'e yo lagi dulin nok omahe Sulastri sing gak patek gedhe tapi resik iku.

Minggu, 16 Oktober 2011

(Puisi Pojok Lambe) : Tikus


Tikuse onok sak paran-paran
Onok sing gedhe onok sing cilik
Cepak nyathek lek onok pakan
Lek teko koyok setan, nginclik-nginclik

Kewan iki paling uakeh sak jagad
Mben nggen mesti akeh tunggale
Gak rewel mangan masiyo ganok ragad
Opo ae diunthal sing penting kebek wetenge

Senengane enggen sing kotor-kotor
Toh gae dhe’e masi kotor sing penting enak
Masiyo rejekine oleh tekok barang kotor
Sing penting uripe tetep penak

Koyok omah, negoroku akeh tikuse
Tekok ndukuran sampek ngisor sakbajek-bajek
Nggae dasi, klambi necis, mbois rupane
Tapi tingkahe nggarai endhas mbededek

Sing siji nang got, sijine nok gedhong
Siji ngrokoti sampah, siji ngrokoti bondho
Sing siji mek ngrugekno sak kampung
Sing siji ngrugekno rakyat sak negoro

Tikus wulu, tikus dasi
Ngadeg sikil papat, ngadeg sikil loro
Ngrusak pawon, ngrusak sak negeri
Bedo prawakan tapi tingkahe podo


Pojoklambe 2011

(Crito Sambung) : PASAR (1)


Wis rong dino iki bojoku loro, dhe’e sampek gak isok tangi tekok dipane. Winginane awake puanas sing pas tak prikso ambek termometer ngantek 39 drajat. Gara-gara iku, dhe’e gak iso nglakoni aktivitas koyok biasane, sawetoro aku dhewe yo ruwet ambek gaweanku nok kantor. Kathik kene sik ganok anak, tapi yo mosok isok aku ngladeni kabehe, kerjoanku ambek ngramut bojoku sing gering. Wis digowo nang dokter wingi sore, jare dokter ancen bojoku kudu istirahat total nang omah.


Rabu, 12 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : DUNGO

Gae opo kene podo gelut karepe dhewe
Lek akhire sak kabehe ajur dadi bledug
Gae opo kene podo ngurus egone dhewe
Lek akhire iku ngrusak tatanan urip
Saiki kabeh golek slamete dhewe-dhewe
Gak mikir opo sing kedadian ngarepe

Minggu, 09 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Alun-Alun Malang


Alun-alun aslie wis onok molai jaman mbiyen, utamane nang Jowo. Enggone mesti nang tengah-tengah pemukiman lan dadi pusat gae kumpule warga. Pas jaman Hindu-Buddha, alun-alun fungsine yo dadi panggonan ibadah gae muja utamane dewi pari, terus pas jamane Wali Songo yo dadi pusate nyebarno agama Islam. Alun-alun yo pas jaman Mataram dadi pusat latian gae prajurit-prajurite.

(Pojok Lambe) : BONDET


Sak eruhku, bondet iku istilah gae bom iwak sing bahane tekok karbit. Biasae digae poro nelayan cek oleh iwak sing akeh. Tapi dampak eleke yo nggarai terumbu karang rusak kabeh ambek papan panggonane poro iwak sidoajur (guduk Sidoarjo lho yo). Sakjane bondet kan wis gak oleh digae, tapi yo ngono jenenge menungso, pingin olehe akeh wegah susah susah, yo wis lek gak gae bondet yo racun.

Kamis, 06 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Slamet Ulang Taun Jogja!!!

Sakjane opo boso etanane 'Selamat Ulang Tahun' iki gak onok sing baku. Lek pengen ngalus-alusi paling pol Sugeng Tanggap Warso, tapi iku ae arang-arang digae nang daerah kono. Embuh ate ngomong opo sing jelas Jogja iki yo nduwe kesan gae Pojok Lambe. Gak kroso yo umure wis 355 taunan, berarti ngadege wis molai tanggal 7 Oktober 1756, pas jamane Kraton Mataram mecah dadi loro, Jogja ambek Solo.

Jogja mestine nduwe crito sing akeh. Tekok awal mula ngadege, sampek tau dadi Ibukota Republik Indonesia taun 1946-1949 plus tau ngalami perang Agresi Militer Londho sing nggarai Jogja dilungguhi pasukan Londho. Tanggal 1 Maret 1949, Jogja mbalik maneh dilungguhi pasukan RI. Ditambah maneh sempat kawuran awu Merapi ambek dihorek lindu gede. Statuse yo istimewa, polahe gubernure yo Sultan Jogja. Masiyo secara budaya be'e daerahku gak tau dadi bagiane (soale diarani daerah Bang Wetan, uadoh pol). Status istimewae iki yo kudu pancet, ojok digenti-genti masiyo iku tekok pusat, polahe iki wis dadi kesepakatane molai pertama merdeka. 

Yo wis lah, yok opo yok opo Pojok Lambe ngaturno Selamet Ulang Taun utowo lek boso inggilane Sugeng Tanggap Warso. Mugo-mugo ae Jogja tambah maju, pancet ayem tentrem, gak akeh macem-macem perkoro ambek dadi Never Ending Asia sing sejati. 

Gunung Merapi gununge gagah agung
Parang Tritis segarane asri
Kutho Jogja tambah agung
Maju makmur aman bestari

Sugeng tanggap warso yo 

Pojok Lambe 2011

Rabu, 05 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Sedot WC, Sedot Gajih & Sedot Pulsa


Sedot WC akeh dibutuhno polahe wong-wong akeh sing nok omahe nduwe WC bermasalah. Embuh WC-ne buntet, sapitenge wis kebek ambek dicor sampek gak iso nyerap dadie yo wis nggarai lele kuning mecungul nang jamban gak iso diglontor maneh. Nah lek wis  ngono karek nelpon spesialis sedot WC wes ewes ewes  bablas masalahe. Perkoro nang endhi lele kuninge dibuak yo iku urusane ahli sedot WC iko. 

Selasa, 04 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Lanang Pacakan?

Kamuse
Pacakan = dandan
Macak = berdandan, bertingkah laku
Melk = lotion (boso jaman ndisik)

Lek jaman mbiyen, macak iku gaenane arek wedhok thok. Wong lanang? waduh isok diarani wandhu, bencong, mbanci lan sak panunggale. Istilae arek lanang iku kudu macho (mantan cowok? wakakakaka...kliru rek, guduk iku), gak macak, wis pendhekane sing alami-alami ae (alami mambu lebuse? glodakk). Sepuluh taun ndisik sik gurung akeh produk-produk pacakan (make up) gawe wong lanang, paling pol mek deodorant gae oser-oser kelek, utowo parfum lanang. Paling onok yo lengo rambut, ambek titik-titiko sampo lanang (brisk ambek clear lek jaman mbiyen).

Bareng ngono Cak Beckham mopulerno istilah sing diarani METROSEKSUAL. Macak mbois, wangi ambek seger. Lha mari ngono, istilah Metroseksual molai misuwur gondho arum sak paran-paran, gak kecuali nang Indonasuwa iki. Wis tambah akeh arek lanang sing tambah mbois. Nggatekno kesehatan awake sak jero-jeroane barang. Molai rambut, kulit, untu, moto sampek yo iku lah..gak usah omong maneh, riko mesti eruh. Kadar Metroseksuale yo macem-macem. Onok sing biasa-biasa ae, sampek onok sing alat macake ngalah-ngalahi wong wedhok sing kadang isok diarani maho (bosone arek Kaskus). Tapi yo ngono iku pancet ae ndelok-ndelok wonge.

Minggu, 02 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Kacek Titik Gak Oleh Protes

Iki guyonan jaman mbiyen, jamanku sik cilik..

Cak Marto : "To, topi opo sing paling ngetop?"
Cak Karto : "Topi saya bundar, bundar topi saya?"
Cak Marto : "Guduk"
Cak Karto : "Lha opo se?"
Cak Marto : "Topia Latjuba."
Cak Karto : "Lho! kan iku Sopia Latjuba" (artis terkenal jaman 80-90an sing saiki ngendhog nang LA)
Cak Marto : "Kacek titik gak oleh protes!" 

Kamuse
Kacek = bedho
Titik = sithik, sedikit

Pojok Lambe 
Oktober 2011

Jumat, 30 September 2011

(Pojok Lambe) : Sinau Boso Etanan (Nomer 2)

Assalamualaikum, Sugeng Ndalu Dherek
Yok opo kabare riko kabeh? Cek gelis isok boso Etanan alias Jawa Timuran, iki tak ke'i ae pelajaran boso Etanan sing didadekno boso dino-dino nok daerah Jawa Timur bagian tengah, molai tekok Jombang sampek Pasuruan (malah ngantek Jember), tekok Gresik sampek Malang. Mben daerah iku onok bedone dhewe-dhewe tapi yo kacek 11-12 lah. Diarani kasar yo ancen kasar, soale boso Etanan iki sifate luwih egaliter timbang boso Jowo standar sing acuane tekok dialek Jogja-Solo, ambek logate gampang ditengeri. Jare koncoku sing tekok Jateng, wong Arekan iku logate koyok wong ngotot...ate gelut. Hahahaha..

Thitik sik yo

Selasa, 27 September 2011

(Pojok Lambe) : Konsep Ngeblog Gaya Pojok Lambe


Opo se sing riko goleki tekok ngeblog iku?
Opo’o riko ngeblog?
Terus opo’o riko ujug-ujug pengen ngeblog?
Tako’an iku mesti uakeh nok utheke riko kabeh. Saurane yo tergantung awak peno dhewe-dhewe, sekarepe peno ngethokno opo nok jeroane ati, opo sing dirasakno ambek liya-liyane wis pokoke.

Masiyo ngono ngeblog yo pancet onok aturane, paling gak kene gak iso maidho wong sak penak udhele dhewe, gak isok ngilok-ngilokno barang tanpo nduwe roso tanggungjawab. Nah sakjane gak kacek adoh kok ambek Etika Ngeblog sing wis diguyubrukuni ambek poro blogger sak Endonasuwah, mek istilae ae sing rodok seje…yo kacek titik gak oleh protes. Hehehehehe.

(Pojok Lambe) : ATI

Ati onok loro
Sing kethok moto
Sing kethok roso
Sijine iso loro
Sijine iso nelongso
Sithuk kelaran golek tombo cepet
Tapi..
Sing sithuk iki kelaran yok opo nambanine


Pojok Lambe 
27 September 2011

Sabtu, 24 September 2011

(Warta Pojok Lambe) : Social Media Fest 2011 Nok Semarang

Wingi tanggal 24 September 2011 onok acara Social Media Fest 2011 sing dianakno ambek komunitas-komunitas internet nok kutho Semarang. Sing melok nang acara iki antarane : salingsilang.com., opojal.com, loenpia.net. KCB alias Komunitas Cah Semarang, Komunitas Sepeda Lipat, Bike to Work , Radioonline Loenpia.net lan sakpanunggale. Pokoke uakeh pol komunitas sing teko pas iku. 

Dimolai jam 7 bengi nok Cafe Parahita sing enggene ndik sebelahe Tri Lomba Juang Semarang, acara iki disponsori ambek XL sing wis dadi sponsor setia pas molai tekok acara buka bersama wulan winginane. Isi acarane intine ancen gae kenal-kenalan, temu tinemu ambek podo nambah jaringan. Mben komunitas nggowo barange dhewe-dhewe gae hadiah cabutan koyok kaos, jam tembok, tas baik, ngantek buku sing didadekno hadiah nek iso njawab takokane MC.

Jumat, 23 September 2011

(Pojok Lambe) : LALI....

Sugeng enjang dherek.
Yok opo kabare kabeh?

Onok siji sing lali tak atur nang blog iki. Konco-konco podo sambat soale gak isok komen nang enggon anyarku iki. Aku yo sempat bingung se, opo'o yo? Lho, kok isok yo? Padahal onok sing isok mlebu ambek komen mrene. Lha ndilalah mau iki ket ae aku ngecek settingane, sempat bingung golek-golekane aku. Maklum sik nubitol.

Kirane yo aku durung ngatur settingan gawe everyone (including anonymus), cuma sing registered ae sing diset. Yo wis lah tak setting ulang ae kabehe iki. 

Dadi wis iso dileboni komen gawe sopo ae ngono yo....Sepurane sing uakeh.

Wis iki sik..Sugeng enjang nedho nrimo


Pojok Lambe

Kamis, 22 September 2011

(Pojok Lambe) : Sugeng Rawuh Nang Blogku

Alhamdulillah iki postinganku sing kaping sepuluh. Ancen sengojo aku nulis-nulis nang kene nggae boso asliku dhewe. Boso sing tak kenal molai cilik lan dadi boso dino-dino masiyo a kadang kecampur ambek boso Indonasuwah. Saiki aku wis nyasar nok Semarang, dadine coro Semarangan yo mlebu barang nang boso dino-dino.

Nah blog iki ancen sengojo tak gae nggentheni Kembang Lambe Jowo sing biasane tak tulis mben Rebo nok lapak sijine. Maksude opo? cek gak rancu antarane blog siji ambek liyane polahe bosone campur aduk. Dadi yo wis lah, tak putusno iki tak pisah ae dadi podo fokus ambek blog endi sing dipilih plus opo sing ate diwoco. Jelase siji ae, aku gak mikir maneh opo iki diwoco opo nggak, sing penting aku nulis nulis nulis terus nulis. Aku sik sinau gae njlenthrekno opo sing tak rasakno, sing tak pikirno, sing tak eruhi nang boso mbok-mbokanku dhewe. Tanpo rumongso dipekso, tanpo rumongso diatur-atur, bebas merdeka lan isok kapan ae sak karep-karepe nulis gak kathik macem-macem.

Sengojo aku gak nggae boso Indonesia nang blog anyar iki. Opo'o? Aku nyadar lek nang blog sijine sing moco akeh lan gak cumak wong Jowo opo maneh wong Etanan... tapi aku yo butuh enggon sing isok aku bebas ngoceh nang bosoku dhewe sing kadang gak isok dijlentrekno nang boso Jowo standar opo maneh boso Indonesia. Yo sepurane dherek lek misale roaming moco blog iku. Hehehehehe..

Sengojo ancene tak rahasiakno sik..ngenteni posting ke-10. 

Oke dherek...
Lek misale bingung opo sing tak jlentrekno nang kene monggo ae takok-takok. Bebas kok hehehehe...anggep ae iki nggedabrusane aku nang bosoku dhewe. 

Sugeng moco...

Pojok Lambe 2011

(Crito Kilat) : BENGI IKU

"Mas!! Mas!! Bukaen lawange!!" Sri nggedhok-nggedhok lawang toko sing ditutup pas iku.
Wis suwi Sri pisah ambek bojone, Maryoto polahe masalah omah-omah. Sri wis gak tahan, soale sikape Si Maryoto wis gak koyok jaman dhe'e rabi pertama kali. Ancen wis welasan taun wong loro iki rabi, ambekan wis ndhuwe anak telu sing lucu-lucu. Gurung maneh usaha tokone sing laris manis nganthek mbukak cabang nang Sidoarjo.

Sri bingung, opo'o rong taun iki bojone koyok ngono. Wis suwi pisan gak kumpul sakbojoan, padahal biasane mesti masiyo mek itungan menit. Pikire yo wis lah...paling wonge pegel mari kerjo.

Cumak Sri saiki kok curiga...kok lawang toko gak dibukak-bukak ambek Maryoto sing mblayu mrono mari tukaran wingi. Sri wis gak kuat.....

"Mas!! bukaen lawange po'o!" Ayo, ngomong2an sik cek ndang mari!" Sri nggedhok lawang bantere eram-eram. Untunge gak onok sing tangi tonggo kiwo tengene.
Gak onok sautan...
Sri wis gak kuat, langsung ae nyepak lawang sing tibake gak kekonci..

Sri langsung mlebu kamar sing biasa dienggoni bojone lek kesel njogo toko..

Sri kaget...motone rasane koyok ate metu, gak percoyo. Sementara bengi tambah surup

Onok wong lanang liyo sing ngeloni bojone....mesra.

Sri rumongso kiwo tengene langsung peteng ndedet...


Crito Pojok Lambe 2011

Senin, 19 September 2011

(Jepretan Lawas) : Iklan Simpati Jawa Tengah Ambek Jawa Timur


Iki tak jupuk taun 2008 Sing ndukur nok Malang, ngisore nok Semarang...bedo-bedo tipis..yo 10-11 ngono hehehehehee..
Monggo dinikmati

Minggu, 18 September 2011

(Sinau Boso Etanan) : TAKON-TAKON

Sugeng enjang dherek...
Saiki mbukak blog iki ambek bagi-bagi ilmu titik gawe wong-wong sing pengen sinau boso Jowo Etanan (Wetanan). Opo yo sing ape tak ajari? Sing gampang-gampang sik ae....Molai teko kata takonan (tak jembrengno ambek padanan kulonan plus boso Indonasuwane).

Yok opo 
Tekan kata "koyok opo", padanane nang kulonan piye utowo kepriye nek bahasa Indonasuwane Bagaimana.

Contone : Yok opo kabare, rek?  padanan kulonane Piya kabare, cah? lek Indonesia Bagaimana kabarnya? utowo lek boso gaule...Gimana kabarnya, coy?

Boso aluse gampang ae...karek (kari) nambahi n nang opo dadi yok nopo

Opo'o
Artine nang boso kulonan keneng opo  (tapi gak pasti pisan iki, soale nang Jowo dheles yo iso reno-reno gae nggambarno) nyapo kadang yo digae. Boso Indonesiane kenapa

Contone : Opo'o sampeyan iki?  = keneng opo sampeyan iki? = kenapa kamu ini?

Boso aluse : Nopo'o 

Lapo
Ning kulonan nyapo  , lha nang boso Indonesia kurang luwih ngapain utowo sedang apa

Contone : Koen lapo turu nok kono? = kowe nyapo turu ning kono? = ngapain kamu tidur disitu


Iku sik yo rek...engkok disambung maneh nang posting terusane...lek onok kelirune yo njaluk sepuro sing akeh.


Pojok Lambe

(Pojok Lambe) : Nontok Wayangan

Aku dadi kelingan jaman cilikan mbiyen, pas lek ate turu, mbahku mesti nyetelno aku tembang-tembang klenengan opo wayang kulit sing disetel tekok radio tape-e. Mesti lek ganok suoro ngono-ngono iko aku malah gak iso turu. Kasete Suwargi Eyang Kungku wuakeh sakndayak sampek aku bingung milih sing endi lek ate ngrungokno.

Mesti lek mben bengi opo maneh aku luwih seneng turu ambek mbah timbang ambek ebes memes, aku njaluk disetelno gending-gending wayangan.

"Mbah, aku setelno gending wayang yo." Pas wis molai mancal kemul
"Lakone opo No? " takok Mbahku
"Lakone (aku lali, tapi pokoke wayang wis)" sauranku ngono.
Gak kakean cangkem, wis disetelno lagu gendingan wayang iku nganthek aku keturon.

Eh, masiyo Mbahku wis ganok..senenganku nang wayang yo gak ganti-ganti. Masiyo lek dikongkon nontok wayang langsungan sak wengi munjul aku sik gak iso..maklum mbiyen guduk bongso kalong (wkwkwkwkwkw). Eh, iyo aku nduwe crito perkoro nontok wayang iki. Pas jamanku kuliah mbiyen kiro2 taun 96-97, aku tau nontok wayang sakwengian ambek koncoku nang ngarepe perpus UNAIR. Aku lali lakone opo, gendingane enak se masiyo bosone Ki Dalange kadang ngerti kadang gak maklum bosone kedukuren se. Hahahahaa...Sing nonton lumayan sak ndayak ngono.

Eh, njekethek aku keturon pas tengah-tengah acara, maklum mari onok acara nang UKMku dadi awak rasane legrek kabeh, gak sadar aku keturon nang tengah-tengah acarane wayang. Pas tangi-tangi, wis ate Subuh!!!!! wong-wong wis buyar kabeh tapi wayange tetep mlaku terus. Aku mek iso kriyep-kriyep ambek misuh-misuh nang ati..soale ditinggal koncoku mulih!

Aku seneng nontok wayang, tapi lek dikon nontok langsung sik kudu nyepakno tenogo gae ngalong sik ah..hehehehe.


Pojok Lambe

(Pojok Lambe) : Bokong Kukusan

Bokong kukusan lek dijlentrekno langsungan artine bokong..yo bokong, kukusan...eling dandang kan? dandang kan bagian bokonge gosong-gosong soale panas diobong terus. Nah, bokong kukusan iku maksude wonge gak iso meneng, lek lungguh ngono usrek ae terus menclok-menclok. Istilah liyane bokong landep (tajam), maksude yo podo, wonge gak iso anteng nang sak enggen.

Sik kelingan jaman SMA mbiyen, lek guru sejarahku mesti nyindir salah siji koncoku sing gaeane umek usrek ae nang kelas. Sitik-sitik pindah bangku, embuh wis ping piro de'e pindah bangku. Ketoke areke yo gak iso meneng pisan, sampek dingenekno guruku "Koen iku gak iso anteng a? Koyok bokong kukusan ae. Ngerti gak bokong kukusan?" Lha liyane langsung pating clakep kep...alias mincep, opo maneh koncoku iku. Embuh opo enggon lungguhe disumeti kompor opo kok nganthek gak iso lungguh anteng.

Tapi yo dimaklumi ae lah, bokong kukusan kan gak mesti elek. Dinamis ngono lho, menclok kono menclok kene. Aku dhewe yo sakjane rodok bokong kukusan. Lungguh yo umek gak iso anteng, opo maneh lek pas nang acara-acara sing mboseni, wis umek karepe dhewe. Poso-poso iki yo senenganku menclak-menclok tekan mesjid siji terus mesjid liyane. Bukone nang mesjid A, trawehe nang mesjid B...klebu bokong kukusan gak se? Hahahahaha...embuh wis. Karepe, sing penting gak landep..lek bokonge landep lak gak iso lungguh engkok.

Lek polahe ambeien yo embuh maneh rek..onok sing embeken gak?

Wis iki sik, endhek-endhek ae...kerjoan akeh dadi mek nulis sakmene sik ae.




Pojok Lambe
19 September 2011

(Pojok Lambe) : Umur 25

Lek soal jodo, wong wedhok tergantung umure....pas ndelok arek lanang sing nyedheki dhe'e opo komentare?

Umur 20-25  :  "Lha koen sopo?"
Umur 25-30  : " Iki sopo yo?"
Umur 30- sakteruse : " Sopo ae wis" 

Hahahahahahaha...ojok njae sik.. iki mek guyonan

Pojok Lambe
19 September 2011




(Pojok Lambe) : Setan Adu-Adu

Mbiyen lek dhulinan barang-barang sing landhep, mesti dielingno ambek wong-wong tuwek. “Ati-ati nek dhulinan barang koyok ngono, engkok kesenggol setan adu-adu.” Lek dipikir iyo se, polahe moro-moro lek barang landhep iku ngeneki kene yo dhowo urusane yo, opo maneh lek dhulinan peso-pesoan ambek wong liyo. Iku barang isok dadi eling-elingan cek gak ndadhekno barang landhep dadi dhulinan. Soale….yo iku mau..ndrawasi.

(Pojok Lambe) : Endi Ae Se Daerah Arekan Iku?


Arek lek nok boso kulonan ngaranine bocah. Iku biasa digae nyeluk koncone nang konteks sing akrab ambek guyub. Lek sampeyan gae nang wong tuwek yo iso-iso ditabok. Daerah Arekan iki yo aran gae wilayah Jawa Timur sing budaya ambek coro omonge rodhok seje ambek coro omonge wong Jawa Tengah ambek wong Jawa Timur Mataraman. Nah, sak jane lek tekok geopolitik ambek budayane, propinsi Jawa Timur iki kebagi dadi koyok ngene

Senin, 12 September 2011

Tulisan Pambuko

Assalamualaikum

Sugeng sonten dherek kabeh. Iki postinganku sing paling pertama nok Pojok Lambe. Pojokan iki khusus nggae boso Jowo, tapi sing tak utamakno boso Jowo dialek Etanan sing dituturno tekok Suroboyo sampe Malang, Jombang nganthek Pasuruan mbablas Jember barang. 

Kenalno ae, aranku Pojok lambe. Lambe sing endi? Ojok ngeres pikirane!!!! Iki istilah gae pojokan lambe sing akeh ngecewes, timbang aku ngecewes reno-reno tapi gak akeh sing ngereken yo mendingan tak lebokno kene ae wis. Sebagian blog iki tak comot tekok blogku sing sijine. Hehehehehee...Sing penting seneng madhep mantep mak mbedundung. 

Blog iki engkok yo isine reno-reno sing penting nggae boso Jowo Etanan sing dadi boso mbok-mbokanku molai cilik nganthek saiki. Masiyo saiki manggon nok Semarang lan titik akehe molai kecampur lek ngomong, tapi sak enggake aku pengen ngomong ngoceh ngalor ngidul nang kene ae....Aku ngerti lek iki koyok kedaerahan banget, malah be'-be'e yo gak kabeh wong Jowo ngerti soro opo sing tak tulis nok kene. Yo iku mau, boso Etanan sing paling tak banggakno.

Yo wis dherek, iku sik ae gae posting pambukoku, engkok lek kober maneh tak nyoret nang kene. Ojrit???

Wassalamualaikum,



Sing nduwe lapak