Jumat, 02 Desember 2011

(Pojok Lambe) : DESEMBER

Assalamualaikum
Sugeng ndalu, yok opo kabare riko kabeh?

Wis rodok suwi rasane Pojok Lambe gak nganyari tulisane nok kene. O iyo...meh lali, Sugeng Wulan Desember yo gae riko-riko kabeh sing gelek teko nang Pojok Lambe. Sepurane sing akeh lek Pojok Lambe sik arang-arang marani omahe riko kabeh. 
Desember iki pungkasane taun, mesti riko-riko klebu Pojok Lambe wis molai mikir opo ae sing wis dilakoni molai awal taun nganthek saiki sing ate enthek-enthekan iki. Mestine yo wis akeh barang sing nggae resolusi-resolusi, iyo kan? Resolusi gae opo sing dilakokno taun ngarepe terus arep-arepane sing kudu isok gak isok kedaden. Desember lek digathuk-gathukno artine dadi Gede-Gedene Sumber, polahe mben Desember mesthi udane get-getan lan nang daerah-daerah akeh sing kebanjiran. Istilah gede-gedene sumber iki yo Pojok Lambe gak ngerti tekok endi asale, palingo polahe wong Jowo iku senengane nggathuk-gathukno dadine cek kethok tepak ngono yo wis. Tapi lek dinalar yo njekethek akeh benere kok. 
Resolusi iku yo apik kok, nyepakno rencana gae taun ngarepe iku gak salah. Cumak kudu dipikir siji, ojok saklek-saklek temen ambek resolusine iku, polae kene isok rencana tapi Gusti Allah sing nentokno. Dadi luwih enak kene kadang setel kendho, kadang setel kenceng ae dadi  lek onok kedadian-kedadian sing gak kene nyono gak sepiro'o cegek utowo nelongso mene-menene. Sing penting kene wis rencana, tapi legowo lek misale gak podo ambek sing diarepno.

Wulan iki yo sik seger-segere kene mlebu wulan Muharram ambek Suro. Semangat anyar gae sedhulur lan mugo taun 1433 Hijriyah utowo 1945 Jowo iki isok dadi pramilo.

Desember gede-gedene sumber
Mugo-mugo ae rejekine koyok sumber

Mugo riko kabeh iso nglakoni wulan pungkasane 2011 iki ambek nggowo arepan lan dungo nang Gusti Pengeran. Ayok semangato rek! Gae urip sing luwih apik...

Sing ndisik gak usah dipikir
Cekno ae iku dadi kenangan utowo sejarah
Sing saiki dilakoni opo sing isok
Lek jare wong kulon do your best today
Mene sik nang awang-awang 
Dadi ojok dipikir abot-abot sampek lali mangan lali ngombe lali reno-reno
Ayo rek..
Semangat
Gae nyambut taun 2012

Sugeng Desember
Pojok Lamber
Jumat Wage
2 Desember 2011

Gambar teko kene

3 komentar:

  1. Semoga taun ini diakhiri dengan bulan yang membawa berkah. Amin :)

    BalasHapus
  2. semoga nanti apa yang kita harap kan dapat tercapai dengan kebarokahan..amin

    BalasHapus