Minggu, 11 Desember 2011

(Crito Pojok Lambe) : KALIMAS


Ngalir terus molai tekok watese Suroboyo, mbagi Suroboyo dadi terus sing pungkasane mandeg nang Selat Medhuro. Kali iki sing dadi salah siji urat nadi uripe Suroboyo molai jaman mbiyen. Molai jaman Suroboyo jenenge sik Hujung Galuh sampek saiki, kali iki pancet dadi andelan urip, kabeh kegiatan dianakno nang kono. Tekok jasa sebrangan gae prau gethek, umbah-umbah, tempat sampah sampek WC raksasa.

Kalimas kadang diarani Kali Suroboyo

Molai tekok Sepanjang Kalimas iki terus mlaku. Ngalirno banyu turah-turahan teko kali semange yoiku Kali Brantas. Sakdurunge taun 1994, Kalimas iki wis koyok tempat pembuangan sampah nok endhi-endhi. Sampek-sampek rupane kaline meh gak kethok polahe kakean sampah embuh tekok sampah domestik opo sampah industri. Ditambah maneh akeh warga sing gak ndhuwe kesadaran perkoro eleke ngguak sampah nang kali (lek iku ancene molai jaman kolobendhu sampek saiki gak isok diilangno). Lha pas taun 1994 nasibe Kalimas molai digatekno ambek dianakno sing jenenge BERSIH-BERSIH KALI SURABAYA sing nglibatno kabeh unsur masyarakat kutho Suroboyo. Sik onok nang elingan pas iku, tuwek, nom, lanang, wedhok, gedhe, cilik, sugih, kere podho gotong royong ngrewangi ngangkati sampah-sampah tekok Kalimas sing wis mlebu kategori ndhrawasi. Sak marine iku Kalimas kethok luwih resik, opo maneh ditambah ambek iwak-iwak mas ukuran guedhe sing disebar sakmarine program iki enthek.

Antarane taun 1995 nganthek 1997, keadaane Kalimas isok diarani paling resik timbang ndhisike. Lek sore-sore pas mlaku-mlaku nok jembatan Pemuda utowo nang Darmo Kali kethok bedhone pas iku. Luwih bening, meh gak onok sampah sing kinthir, malah akeh iwak mas gedhe-gedhe sing nglangi sakgrombolan opo maneh pas onok srengenge, mestine tambah apik.

Tapi emane sakmarine taun 1997, Kalimas mbalik maneh nang keadaan sakgurunge. Soale pas iku ancen gak diterusno program resik-resik Kalimase. Iwak mas sing biasa sliweran, sing akeh malah iwak sapu-sapu sing ngethokno nemene pencemaran nok kono. Iki polae akeh konflik pas walikota jaman iku dadine perkoro koyok ngene gak direken maneh. Malah nang enggon-enggon tertentu, meh ketutupan ambek eceng gondok.

Saiki Kalimas wis luwih resik. Opo maneh saiki bantaran Kalimas wis molai ditoto gae klangenane warga, bantaran Kalimas nok Jalan Pemuda contoe wis didadekno kawasan hijau ditambahi patung Suro-Boyo ambek didadekno arena skateboard. Sakjane wis molai diterapno molai taun 2000an wisata air mubengi Kalimas utamane nok Kawasan Pemuda nganthek mburine Grahadi tapi embuh kok kethoke program iki sik gurung oleh tanggepan. Tapi yok opo yok opo Kalimas iki jantunge Suroboyo sing kudu diramut terus-terusan. Guminte Suroboyo ambek Jawa Timur yo sakmestine terus nggathekno isu koyok ngene polahe iku dadi sumbere PDAM kono, dadi gelem gak gelem yo kudu dilestarekno.

Pojoklambe 2011

12 Desember 2011 

Gambar peta Suroboyo tekok kene 

5 komentar:

  1. lantaran mboco tulisan mu. saiki aku ngerti asal usul ae SURO BOYO...kesuwon mas

    BalasHapus
  2. bisa gak sih pake bahasa nasional,giant?

    BalasHapus
  3. dadi kelingan pojok kampunge jtv hehehehehe

    BalasHapus