Sabtu, 24 September 2011

(Warta Pojok Lambe) : Social Media Fest 2011 Nok Semarang

Wingi tanggal 24 September 2011 onok acara Social Media Fest 2011 sing dianakno ambek komunitas-komunitas internet nok kutho Semarang. Sing melok nang acara iki antarane : salingsilang.com., opojal.com, loenpia.net. KCB alias Komunitas Cah Semarang, Komunitas Sepeda Lipat, Bike to Work , Radioonline Loenpia.net lan sakpanunggale. Pokoke uakeh pol komunitas sing teko pas iku. 

Dimolai jam 7 bengi nok Cafe Parahita sing enggene ndik sebelahe Tri Lomba Juang Semarang, acara iki disponsori ambek XL sing wis dadi sponsor setia pas molai tekok acara buka bersama wulan winginane. Isi acarane intine ancen gae kenal-kenalan, temu tinemu ambek podo nambah jaringan. Mben komunitas nggowo barange dhewe-dhewe gae hadiah cabutan koyok kaos, jam tembok, tas baik, ngantek buku sing didadekno hadiah nek iso njawab takokane MC.


Mben komunitas ngenalno kelompoke dhewe-dhewe ambek opo ae kegiatan sing dilakokno. Misale koyok KCB alias Komunitas Cah Semarang (lek di etanno dadi Komunitas Arek Semarang) sing ate nganakno Wayang Orang tanggal 8 Oktober gae nyambut tamu-tamu agung tekok negoro-negoro sak ASEAN sing atene kongres nok kutho Semarang. Kadang onok ngguya ngguyune (masiyo ancen akeh guyonane) ambek disambi mangan-mangan sing rupane koyok sop krim, jus jeruk ambek bistik ayam. Tapi sing paling penting guyub rukun ambek podo golek konco sing akeh...paling heboh maneh pas onok live streaming ambek komunitas liyane nok Medan, Jogja ambek Jakarta. 

Bagi-bagi hadiah cabutan iku sing paling asik. Sopo ae sing isok nyauri takokane MC ambek poro wakil komunitas bakal oleh hadiah iku. Acara iki yo diliput ambek TV Borobudur salah siji tivi lokal sing saiki yo kerjasama ambek Kompas TV. Sing paling lucu pas hadiah paling terakhir dikekno gae sing isok mbuktikno lek dhe'e sing paling tuwek nok acara, carane? mek nduduhno KTPne...hehehehehe. Sing penting acarane tetep rame, guyub rukun lan insyaallah disambung maneh nang acara liyane sing luwih greng.


Warta Pojok Lambe 
25 September 2011

2 komentar:

  1. ako karo kancaku yo khusus diwawancarai TVB amergo komunitas bike-to-work ...
    mboh ditayangkene kapan ...
    tapi, eh, biasane TVB ki live show ding ... opo wektu iku langsung tayang be'e ya?

    (ga iso nyawang awake dewe ... haghaghaghag)

    BalasHapus
  2. Hehehehee....iyo be'e Jeng
    Angel nontok TVB, burek gambare..hehehee

    BalasHapus