Jumat, 30 September 2011

(Pojok Lambe) : Sinau Boso Etanan (Nomer 2)

Assalamualaikum, Sugeng Ndalu Dherek
Yok opo kabare riko kabeh? Cek gelis isok boso Etanan alias Jawa Timuran, iki tak ke'i ae pelajaran boso Etanan sing didadekno boso dino-dino nok daerah Jawa Timur bagian tengah, molai tekok Jombang sampek Pasuruan (malah ngantek Jember), tekok Gresik sampek Malang. Mben daerah iku onok bedone dhewe-dhewe tapi yo kacek 11-12 lah. Diarani kasar yo ancen kasar, soale boso Etanan iki sifate luwih egaliter timbang boso Jowo standar sing acuane tekok dialek Jogja-Solo, ambek logate gampang ditengeri. Jare koncoku sing tekok Jateng, wong Arekan iku logate koyok wong ngotot...ate gelut. Hahahaha..

Thitik sik yo



Mari  : nang Jawa Tengah mari iku kanggo nek wis waras tekok lorone (sembuh), lek nang Etan mari iku artine bar (selesai).
Contone :
Wis mari a kerjaanmu? 
Wis bar tha kerjaanmu (Jw standar)
Sudah selesai pekerjaanmu? (Indonasuwa)

Waras : artine sembuh, tapi nang Jawa Tengah (standar) ngarah nang loro kejiwaan masiyo akeh podone.

Gak : wong Arekan luwih akeh ngomong gak timbang ora (tidak)
Niliki : nang Etan artine cenderung nang nyicipi utowo nyobak panganan biasane.
Nontok : artine iso nonton, iso pisan ndeloki
Tekok : artine soko, utowo seko (dari)
Ngeramut  : artine ngrawat
Ndrawasi  : nggegirisi (mengerikan)
Amprin : pacar, bojo (Malangan)
Ancen : pancen, (memang)
Pancet : tetep
Mene : sesuk (besok)
Masiyo : najan (meskipun)
Nggilani : njelehi (menjijikkan)
Endhel : genit
Eblas : lincah, ra iso meneng
Petrak : wong wedok sing tingkahe koyok lanang (boso lawas nok Malang)
Bedhes : kethek (monyet)
Nyambik : sliro, cawak (biawak)
Jedhing : kamar mandi, kolah
Embong : dalan, ratan (jalan)
Ladhing : piso (pisau)
Budhing : golok
Lampu setopan : bangjo (lampu merah)
Arek : bocah
Ate : arep, meh (hendak, mau)
Korah-korah : isah-isah (cuci piring)
Engkok : mengko (nanti)

Iki sik yo sing isok tak tulis..mugo-mugo onok manfaate. Engkok-engkok tak terusno


Pojoklambe 2011






14 komentar:

  1. Nuwun sewu, tak koreksi thithik yo :

    "Wis bar tha kerjaanmu?" sing bener "Apa wis rampung nggonmu nyambud gawe?" utawa "Wis bar tha nggonmu nggarap gaweyanmu?" Amargo "kerja" = nyambud gawe.

    BalasHapus
  2. nesu[ Jateng ] = Ngamuk( koyo edan]

    BalasHapus
  3. kebone = keboe
    susuhe manuk = SUSUe manuk

    BalasHapus
  4. MAdaviros = hahahahahahaah....
    Aku jarang banget ngomong kata nesu

    BalasHapus
  5. Madaviros = yo, soale geleke ngomong iwak timbang lawuh

    BalasHapus
  6. Hmm.. heran, kok cek angele ngepos komen y mas -_-
    Wahh, ono Gresik disebut..
    Sangar seru gok! hahahaaa :D

    BalasHapus
  7. Hahahahahaa.....mosok se? padahal wis tak set epriwan lho

    BalasHapus
  8. Mohd Faridz Sobari2 Oktober 2011 pukul 18.12

    Keren banget postinganmu mas Nono...

    BalasHapus