Minggu, 18 September 2011

(Pojok Lambe) : Setan Adu-Adu

Mbiyen lek dhulinan barang-barang sing landhep, mesti dielingno ambek wong-wong tuwek. “Ati-ati nek dhulinan barang koyok ngono, engkok kesenggol setan adu-adu.” Lek dipikir iyo se, polahe moro-moro lek barang landhep iku ngeneki kene yo dhowo urusane yo, opo maneh lek dhulinan peso-pesoan ambek wong liyo. Iku barang isok dadi eling-elingan cek gak ndadhekno barang landhep dadi dhulinan. Soale….yo iku mau..ndrawasi.



Lha koyok opo se setan adu-adu iku? Sakjane ujude yo isok rupo-rupo. Sing kethok moto ambek sing gak kethok moto blas-blaso. Sing kethok moto iku isok koyok menungso biasa ae, sing lek sampeyan wacakno Ayat Kursi gak kiro mlayu opo maneh sampek kobong koyok setan asline, malah setan wujud menungso iki mek ndrenges koyok jaran lanang ketemu jaran wedhok (sakliyane lek diuncal kursi paling kaet isok mlayu setane hahaha). Ujude isok ae koyok SMS, status utowo twit sing manas-manasi kadang nggae identitas sing gak jelas, tujuane siji gae ngedhu lan ngerusak sing apik-apik.

Nah, setan adu-adu iki onok nang endi-endi. Nang pasar, nang kantor, nang omah, nang konser-konser molai tekok ndangdut koplo sukoplo nganthek konsere arek alay sing hardcore-an iko (gurung ngerti kisruh nang konser-konser sing kelas dhukuran). Sak wayah-wayah setan adu-adu iso nyenggol sopo ae akhire senggol bacokan. Mek gara-gara perkoro sepele ae wis dadi kerusuhan gede sing ndrawasi terus ngrugekno wong akeh. Siji ngkas…mek gara-gara perkoro cilik menthik!

Koyok nang Ambon Minggu wingi, perkorone mek masalah cilik, tapi malah sampek obong-obongan ambek bengkerengan rong kelompok. Lha iki ate digeret nang masalah agama barang iku sing paling medeni lan dadi proyeke setan adu-adu. Saiki bongso iki wis bedo, wis dadi bongso sing emosian, titik-titik ngamuk, titik-titik ngerusak, senggolan titik wis njaene eram-eram. Jare penelitian, kiro-kiro 30% utowo 60 juta wong Indonesia saiki podho ‘loro’, lan wis 6 taun iki kondisi iku koyok ngono terus-terusan. Lha yok opo, ekonomi tambah ndrawasi, gak onok ketegesan tekok sing ndhuwur malah repot nyugehno dhe’e dhewe ae, rakyat akhire sing dadi korban. Frustasi boso mboise, wis nelongso, ngamuk, soro wis dadi sithuk. Lha gurung maneh rakyat dadi proyek dhulinane setan adu-adu sing kleleran nang endi-endi.

Ibarate lengo gas, diuncalno geni cilik ae langsung mak brusss. Masalah ekonomi, agomo, ideologi, suku, ras, golongan mesti dadi bancakan paling uenak gae poro setan adu-adu. Ujude mben jaman isok seje-seje, mereke isok genti, tapi isie pancet ae podho. Setan adu-adu iki inciman gae sopo ae, bongso iki kudu waspodo ambek makhluk sing isok malih rupo sak penake iki. Lek sing ndhuwurane terus-terusan ngene, wedhine engkok iso mbledhak dadi masalah sing isok ngincim rakete bongso iki.

Ati-ati, sopo ae isok dadi setan adu-adu.


Pojok Lambe
18 September 2011 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar