Sabtu, 19 November 2011

(Puisi Pojok Lambe) : Urip Koyok Wayangan

Urip koyok wayangan
Kene dadi lakone
Dhalange Gusti Kang Murbeng Dumadi
Onok tresno
Onok benci

 
Lakonan malaekat
Lakonan setan
Iku onok kabeh
Sak wayah-wayah lakone kene didukno
Dilebokno maneh nok kotak wayang
Sing artine wis enthek jatah uripe
Gusti Kang Moho Dhalang
Iku sing Moho Sak kabehe
Kene mek isok ndungo
Ambek nglakoni sing paling uapik
Sak mampue kene
Sak kobere kene
Ngakeh-akehi amal apik
Polahe..
Urip koyok wayangan


Pojok Lambe 2011
Gambar ilustrasi dijukuk tekok kene

1 komentar: