Minggu, 06 November 2011

(Cerito Pojok Lambe) : Riyoyo Qurban


Sanip, Marto ambek Rudin lagi cangkrukan nang warung kopine Ning Laowra (ssst..jare artine Lanang ora wedok ora) bengi-bengi. Riyoyo kaji sik rong dhino ngkas, pas iku nok sebelahe warung akeh wedhus sing dicancang. Wedhuse kethok suebok mangan ae, koyok dipenak-penakno soale menene ate dibeleh. Dadi lek biasae mangan suket rasane ampyang, saiki rasa pizza.


 

Ambek nyeruput kopi, Sanip ngomong ngene
“To, awakmu ngorban opo taun iki?”
Marto nyaut ngene
“Aku wingi mek tuku wedhus sithuk. Iku ae tukue ndadakan. Saiki wedhuse tambah larang e.”
“Lha peno Nip? Taun wingi sak eruhku nyumbang sapi. Lha saiki opo?”
Sanip sambat ambet ngutek-utek cethean kopie.
“Yok opo To, saiki bisnisanku lagi surem koyok ngene. Wis opo-opo larang, dadi yo kepekso saiki ngorban wedhus telu ae.”
Loro-lorone podo meneng mari ngono, Sanip nerusno nyethe, Marto ambek rokokan maneh. Rodok suwi, kaet takok nang Rudin sing ket mau mumet BlackBerryan .
“Din, koen lapo ae rek. Ket mau mueneng ae, nggethu ngematno BB. Onok opo se?” Takok Sanip
“Iki lho bojoku nok Dhuro SMS ngongkon aku ndang toron.” Jare Rudin

Toron iku opo?” moro Marto takok. Yo lah gak eruh maksude, pas iku Sanip mesen rujak cingur rong piring.
“Mudik lek boso biasane rek” jare Rudin
“Lek tradisie wong Dhuro, mben riyoyo kaji mesti rame-rame mudik opo lek nok boso enggonku diarani toron.” Sambung Rudin ambek nglebokno BB nok kesake.
“Lak podo ambek mudike pas riyoyo Idul Fitri la’an.” Saut Marto sing tas ae ngentekno pohong goreng sak lepek.
“Iyo, lek iku mesti podo mulih dadi Suramadu ambek Ujung-Kamal yo mesti kebeke.” Jare Rudin.

“Lha peno ngorban opo taun iki Din?” takok Ning Laowra sing moro-moro mecungul ambek nggowo rujak cingur rong porsi
“Adhuh dik, korban perasaan ae taun iki.” Saut Rudin
“Lha opo’o mek korban perasaan? Podo ae ambek aku Diin..din.” Ning Laowra nyauri terus mbalik nang mejoe.
“Yo gurung rejekine gae taun iki. Tapi aku wis tekad taun ngarep ngorban, gak mek ngorban perasaan, opo maneh ngorbanno cecek, coro ambek tikus.”
Marto nyaut
“Gak sisan nyambik tah?”
Wong telu ngguyu cekakan koyok kejiman kuntilanak sak Kembang Kuning

“Lek sing dikorbanno tikus-tikus sikil loro yo gak popo se.”
“Sakjane kudu onok korban tingkat nasional yo, sing dikorbanno iku kecoak ambek tikus sing seneng ngrusaki bongso iki.” Jare Sanip maneh.

“Hlaaaahhh…sing puenting iku iklase rek!” moro-moro Rudin mbengok banter sampek wedus-wedus sing klamutan suket iku mencelat kaget.
Marto njawab ngene : “Masiyo mek wedhus sing penting Lillahi Taala, ambek ganok pamrihe. Mugo ae iku dadi buka’ane rejeki gae taun ngarep
“Mugo-mugo ae taun ngarep isok ngorban.” Sambung Ning Laowra *ambek mbayangno warunge tambah laris cek isok tuku wedhus taun ngarep.
“Amiinnnn” jare sak warung
Disauti wedhus-wedhus sing tambah akeh nok sebelah warunge..Mbeeeekkkk …*maksude amiin*


POJOK LAMBE 
10 Besar 1944 

Beleh  : sembelih
Ampyang : hambar, tawar
Mek  : Cuma
Sithuk  : siji, satu
Cethe, cethean : ampas kopi sing digawe sedep2ane rokok. Biasane cethe iki dioles2no nang rokok. Iku tradisine wong Trenggalek-Tulungagung
Dhuro : medhuro, madura
Toron (Mdr) : mudun, turun maksude mudik
Cecek : cicak
Coro : kecoak, lipas
Nyambik : slira, mencawak, biawak
Kejiman : kesurupan, kerasukan
Kembang Kuning : salah siji kompleks pemakaman Kristen sing terkenal ndik Suroboyo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar