Sabtu, 20 Oktober 2012

Cara Omonge Arekan


Lek jare wong-wong, logate wong asal daerah Arekan molai tekok Jombang sampek Jember, molai Gresik sampek Malang iku seje dibandingno ambek cara omonge wong Jowo nok sisih kulone. Aku dhewe ket ngrasakno pas pertama kali pindah nduk Semarang. Mben aku ngomong, wong kene mesti isok nengeri lek aku iki gudhuk wong Semarang.
“Sampeyan mesti seko Jatim yo?” takok wong sing kaet kenalan ambek aku.
“He-eh.” Aku nyauri ngono. Nirukno cara omonge Semarangan tapi pancet ae gaya Etanan gak isok dibusek blas.


Ancene tepak kok, cara omonge wong Etan iku lek jare wong Kulonan luwih kasar malah lek dibandingno ambek Pantura Etane Jawa Tengah sing jare wis kasar gae ukuran Jateng. Koyok wong ngejak gelut, gak onok alus-aluse blas, mangkane krungune gak penak ndhik kuping. Gaya omong koyok ngono ancen gak tak ilangno, masiyo kadang lek mulih Malang aku nggae gaya Semarangan. Yok opo-yok opo yo mesti katutan lek perkoro sithuk iku rek. Tapi engkok sedhiluk wis full total Etanan maneh.

Mben cara omong utowo dialek iku ndhuwe cirine dhewe-dhewe. Cumak boso standare digae sing tekok pusat-pusat pemerintahan. Koyok misale Jowo baku dhewe, njupuke tekok boso Jowo sing digae wong-wong Jogja ambek Solo, polahe iku buku-buku pelajaran boso Jowo sing jlenthrekan nang endhi-endhi mesti nggae dialek standar iko. Lek wong tekok Etan (Etane Kertosono) ancen lek ngomong ngarahe langsungan, gak kathik basa-basi opo gae boso-boso kembangan, dadi lek pas omong-omongan karo wong tekok daerah sing senengane nggae boso kembangan gelek gak srantan. “Maksude opo se?” iku mesti sing metu tekan pikiran.

Opo’o aku gak gae blog boso Jowo Baku? Polahe iku mau…sakjane aku yo isok boso Jowo baku, cumak aku rumongso nek logat asal enggonku yoiku Etanan yo kudu onok enggon nang jagad blog (lek boso Linggise, Blogosphere). Embuh onok piro blog sing nggae boso Jowo utowo dialek Etanan. Tapi mestine sik gurung akeh sing gae boso Etanan. Perkarane iku, sing ngerti yo mek wong2 asal Etane Jatim (Dhuro gak klebu polahe bosone wis seje). Yo sempat barang onok sing protes, polahe aku gak gae boso nasional. Aku nduwe alesan nek iki digae nglestarekno dialek lokal enggonku dhewe. Gak perkoro wong-wong akeh sing gak mudheng, mesti onok ae sing kirane bakal ngakses.

Akeh boso sing wis ilang tekan jagad iki. Polahe penuture dhewe sing luwih seneng milih boso sing dianggep luwih mbois alias bergengsi. Podo kasuse ambek kene, kegusur boso Indonasuwah ambek boso Linggis sing jare boso resmine monconegoro. Ancen iku wis alamiah, tapi sak enggak2e boso Jowo utamane dialek Etanan iki gak ilang cepet-cepet tekan bumi. Nduk Eropa dhewe wis akeh usaha gae nguripno boso-boso daerah sing wis matek opo meh matek, embuh ambek tulisan opo gae lesan. Iku sing tak goleki, masiyo logate koyok wong ate gelut, tapi aku pancet bungah ambek boso asliku dhewe. Iku barang sing dadi visine pojoklambe sampek saiki masiyo postinge arang2.

Iki tulisanku gae keragamane bongso iki.


7 komentar:

  1. Aku klebu sing ngakses cik ben aku biso melok nyinaoni coro Etanan sing kanggone kupingku unine aneh iku lho. :-)

    Keep writing yo Siiiiirrrrr..........

    BalasHapus
  2. Matur Nuwun Tante..mugo tetep konsisten hehehehehe

    BalasHapus
  3. ayas dukung umak duwe blog iki. kapan2 nulis nggae boso walikan

    BalasHapus
  4. Lanjutno, apik iki Jeh.. Aku yo asline gedhe nang luar pulau.. Urip nang jowo mek pas kuliah thok.. Boso Jowo paling isoke pasif, mbek tulisan.. Nang omah yo kanggo boso Indonesah koyo wes koen omongi mang..

    Yo aku yo ra isok boso Jeh, wong Suroboyoan ae ra pathek lancar (lisane, cek mari isok lancar tithik pas kuliah) opo maneh sing coro kembang kempis iku mang.. Luweh ancur jeh,

    Suwun akeh tulisane, aphik n lanjutkan!!!

    BalasHapus