Rabu, 08 Agustus 2012

(Pojok Lambe Crito) : BLOG MULTIPLY ATE KUKUTAN

Assalamualaikum Dherek, Yok Opo Kabare Riko kabeh?
Wis suwi aku gak ngisi blog iki yo. Maklum ae luwih gelek nok lapak sithuke sing guampang aplikasine. Lapak iki wis tak eloki meh wolung taun. Ndhik kono akeh kenangane, kekancanane, pasedhulurane, uakeh acara-acarane. Molai tekok baksos, antologi buku sampek lomba-lomba sing asik-asik. Iku kabeh onoke mek nang lapak sithuk iku....opo iku? Yo jenenge Multiply.

Molai taun 2004 sampek saiki aku wis meloki lapak iku. Molai tekok fiture sing sik cekeremes, sampek canggih koyok saiki. Lha saiki onok kabar lek Multiply ate mateni fitur blog sak towo-towo fotone. Pokoke sing mambu-mambu jejaring sosial ate diilangi kuabeh per tanggal 1 Desember 2012 engkok. Iki kabeh marai poro penggunane dadi galau berjamaah. Bek-beke onok barang sing nangis ngejer mbrebes mili polae brita iku. Si Stefan sing dadi CEO Multiply wis mutusi ngono lek Multiply ate didadekno enggon dodolan ae, ganok maneh fitur gae blogger. Iki kabeh nggarai cidro atine poro penggunane sing wis nggae Multiply pirang-pirang taun. 


Masiyo akeh sing akhire ngukuti Multiplyne polahe kecantol media sosial liyane, tapi aku sik pancet setia ambek fitur situk iki. Si Stefan dhewe wis mutusi ngono, ambek iki koyoke ancen pucuke konflik sing dimolai sak marine Multiply mbukak markase nok Jakarta. Tekok kono kethoke orientasine molai genthi nang dodolan-dodolan online sing sempat rame ambek poro blogger. Barek ngono rek, akhire sing diwedheni kedadian temenan. Akhire poro multipliers sing utamane blogger podho galau, bingung ate pindah nang endhi. Persis koyok wong sing wis ngomah taun-taunan tapi njekethek digusur sak penak udhele dhewe koyok tanah iku enggon mbok-mbokane ambek wong liyo. Ancen jare Kang Pezaris (diringkes Kampez), pindahe markas Multiply tekok Florida, Amriki nok Indonesia iki cek isok cedhek ambek pasar potensiale sing mayoritas wong Indonesia ambek Filipina. Multiply (opo Mulpid). Aku yo nelongso jes! Polahe saiki wong2 luwih ngenal MP iku enggon dodolan thok!

Gudhuk enggon sosialisasi sing tak kenal mbiyen. Molai 2004 nganthek saiki (paling gak sakdurunge 1 Desember wis tak pateni akun iku) aku wis kadung cinta mati. Saiki? kudu berjuang sik cek isok mertahanno. Lek gak isok, yo wis...sik akeh coro liyane gae pasedhuluran. Koncoan karo dhuluran iku gak isok digenti ambek duwik ripisan utowo kapital-kapitale kapitalis. Saiki semboyanen mek siji...Berjualan dan berbelanja...engkok gudhuk maneh Berbagi...sing berbagine wis dikalongi alias dikukuti. Karepe wis...Tapi saiki arek-arek Multipliers sik berjuang gae mertahanno platform sing saiki. Didhelok ae opo CEO Mulpid iko isok ngubah keputusane opo gak? Soale sing getun gak cumak sing nok Indonesia, tapi yo sak dunyo. Dadi kelingan kasuse Friendster sing dikukuti terus dituku ambek perusahaan Malaysia tapi njekethek mari ngono ilang ganok tracakane blas. Yok opo iku? Opo mari ngene Multiply nasibe koyok ngono?

Ancen ganok sing awet nok ndunyo iki. Tapi yok opo yok opo pasedhuluran nok Multiply iki -sepisan maneh- gak isok diijol ambek duwik ripisan. Iki ragat sing paling mbejani, gak popo lek misale engkok kudu kukutan..mugo ae iki nggarai moto kabehe melek. 


Sugeng enjang
Nedho nrimo

Cak Nono a.k.a Pojoklambe

9 Agustus 2012

18 komentar:

  1. hadeuh....boso malang-an rek...rodo2 angil nerjemahke kekekkeke,,...


    aseli galau berjamaah huhuhuhuhu

    BalasHapus
  2. hhmmm.....jadi semuanya pake bahasa jawa timur ya Mas
    roaming kelas berat nih

    BalasHapus
  3. wis ben...!
    empe suk lak dadi suueepi
    njur gantian stefan sing kukutan...

    BalasHapus
  4. Embunpagi : heheheee...sudah diwarning kok

    BalasHapus
  5. walaah, rasane koyo neng bungurasih wakaka
    suroboyonan reek

    BalasHapus
  6. Ckakakaakkkk...iyo, anggep ae koyok nang Mbungur

    BalasHapus
  7. Nak Nono, tak follow ndik kene yo!
    Nuwun, gak sah nangisi dipedhot Mp gawe paseduluran anyar ae ndik kene yuk?!

    BalasHapus
  8. moga2 iso nyampah wae neh kene maneh, hehehe

    BalasHapus