Minggu, 30 September 2012

(Cerito PojokLambe) : Oppa Mekangkang eh..Gangnam Style


Saiki-saiki wong-wong podho megaya kabeh melok-melok gaya tandhakan sing di populerno ambek wong Korea. Aku gak patek nggathekno asline, tapi kok kakean mecungul nok tivi, terus uakeh sing ndhelok youtube-e. Tak mat-matno gaya sing diarani Gangnam Style “opo nek tak arani malah koyok wong mari disunat gayane” malah persis gayane wong mancal jaran. Ceklak cekluk ceklak cekluk kadang gayane koyok kodok ate mencelat, terus langsung booming koyok bom atom sing dilugurno Amerika pas ngenthekno Jepang mbiyen. Eh, Si Bisnis Spir yo jare sueneng puol ambek gayane Gangnam iku...sak dunyo wis pendhekane kenek kuabeh.


Oppa Gangnam Style! Uakeh sing nirokno gaya iku saiki. Malah tau barang nok Jakarta onok gaya mekangkang model ngono berjamaah nang Bunderan HI. Aku moco britae ae mek isok ngempet ngguyu. Opo’o? polahe ngelingno aku ambek jathilan sing ambek Gubernur Jawa Tengah diarani kesenian paling uelek iku. Diarani eleke yo tekok endi aku gak ndelok eleke blas. Embuh be’e pas iku lagi galau koyok arek nom-nom saiki sing jare “kalau gak galau gak gaooll” dadi kethok pas tampilan paling elek. Embuh lah! Aku gak wani dulinan unda-undi, engkok digibeng berjamaah malah.

Mbalik nok Oppa Mekangkang Stail, iku kabeh gak isok diculno tekok invasi budayane Korea Selatan sing disponsori ambek pemerintahe dhewe. Dodolan budaya opo lek boso Dhuro Etane Cultural Marketing –e jyan sukses sampek isok nggarai dunyo kene Ombak Korea (Korean Wave) sampek mindho. Molai 2000-an awal sampek saiki lah pendekane opo-opo sing mambu Korea (gudhuk ambu kringete lho) digandrungi, molai tekok dramane sampek bogel (boy ambek girl) band-e dadi idolane arek-arek nom ndik kene. Opo sing kaitan ambek idolae muesti wis dadi bahan baku gedabrusane arek nom, molai tekok alam nyata sampek jejaring sosial. Lek gak eruh aroma Korea diarani gak gaul ngono. Malah aku krungu nek kadang antar fans 2 boyband /girlband Korea isok musuhan sampek incim-inciman barang. We ladalah…cek nemene rek lek wis ngono. Mbok yo wajar ae ngono. Nah, Gangnam Mekangkang Style iki yo dipopulerno ambek sarana sing nggarai cepet ngetop. Opo maneh lek gudhuk youtube. Wis akeh bukti nek pingin cepet beken (bekenyelan maksude hahaha) isok unggah videone sing aneh-aneh gayane cek ndang ngetop. Sing isok ngetop langsung ngono mek siji banding sewu rek! Hehehehe..

Arek-arek saiki luwih njowo ngomong budayane njoboan timbang budayae dhewe. Padahal Mekangkang Stail iku yo lek ditambahi jaran kepang malah dadi jathilan. Tapi ngonolah, jenenge melok trend opo maneh lek diewangi ambek pemerintahe mesti cuepete. Cepet ndadi, cepet pisan ilange. Aku pas ndelok video klipe si Oppa Gangnam Style iku malah pingin nambahi jaran kepang dadi cek sisan jenenge Gangjaran Style. Iki sakjane yo kudu dadi pelajaran gae pemerintah, opo’o kok budayane kene gak iso ngetop ngetop nang negoro liyane. Kabeh-kabehe kancrit sik kaet nyadar.

Iki gudhuk maksude ngenyek opo lapo. Paling gak gaya Oppa Oppa iku sing nirokno wong numpak jaran iki isok dadi pelajaran gae kene kabeh. Yok opo carane cek isok mamerno –sukur-sukur isok mengaruhi- bongso liyane cek niru gayane kene. Minimal Gangnam-e ditambahi jaran kepang ambek pecut…dadi wis jathilan gaya Korea..hahahaha. Gak usah dilebokno ati, opo maneh rempelo. Iki mek guyonan ambek misan ngekei opini. Jenenge trend iku mesti genta-genti sak karepe, tergantung selerane wong-wong ae. Lek Gangnam Style iku wis molai kukutan yo mesti bakal ilang2 karepe dhewe. Persis koyok Keong Racun sing saiki wis ilang polahe mendhem kakean keong campur Baygon..hehehehe. Sing penting, awake dhewe kudu wasis lek ngadepi trend-trend koyok ngene. 

Lek seneng yo monggo diterusno, lek gak seneng ambek Jathilan Korea iki yo monggo...sekecakaken wis pokoke rek! Hahaha


Gambare dijukuk tekok kene
Terus ambek kene lek sing jathilan  


PojokLambe
30 September 2012

10 komentar:

  1. lha iyo tarian mek koyok ngunu ae osi mendunia, tp korea ancene hebat, pemerintah e mendukung.
    lha ndek indonesia? bingung korupsi sakarepe dhewe

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iyo, Indonesia mek mumet ambek ngamanno korupsie..gak kober dodolan budaya maneh.Wajar ae lek engkok diemplok liyane. Mengong kan?

      Hapus
  2. aku yo heran cak kog nyampe do seneng men nirokno polah kaya ngono berjamaah..
    ndek jowo ae loh awit taun kapan wis ono jathilan kog, ana jaran kepang,,
    luwih seneng nontoni arek cilik2 do dolanan jaran kepang iku timbang do nirokno gangnam berjama'ah hahahaha
    gaya numpak jaran lagi mendunia ancen kekekekekek

    BalasHapus
    Balasan
    1. Sakjane gampang ae..
      Pas arepe Gangnaman dikei jaran kepang sak pecute pisan ae cek seru. Hahahahaha....

      Hapus
  3. He-eh yo, iku jane memper ambek jathilan alias jaran kepang kae......
    Ancene nek aku ngarani, gak apik babar blas kok, malah isih luwih apik si cilik Brandon sing tekok Suroboyo nek pentalitan kae lho.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Cumak gayane Brandon angel ditirukno Tan. Wong saiki senenge sing gampang ditiru dadine gaya mekangkang jaran kepang korea iku yo wis..tapi sak letan ngkas engkok yo ilang2 dhewe

      Hapus
  4. roaming cakkkkkkkk

    BalasHapus
  5. Koyone memang niru jathilan, hehehhe

    BalasHapus
  6. Sing versi jowo yo ono, kok. Jenenge Jowo Style neng kene:
    https://www.youtube.com/watch?feature=player_embedded&v=mXmMPPTGb1U

    BalasHapus