Rabu, 26 September 2012

(Crito Pojok Lambe) : Fatimah...Mbeeeekkk



Aku kelengan salah siji kedadian sing sampek saiki sik nggarai aku ngguyu cekakak gerr gerran tapi ambek mikir pisan. Sakjane iki wis suwi soro, kiro-kiro taun 98. Jaman aku sik ngganteng-nggantenge dadi arek (tapi saiki yo sik ngganteng gak kethulungan….enak kan timbang minder mending pede). Pas iku aku mbolos kuliah seminggu padahal pas iku daerah Banyuwangi lagi rame-ramene soal dukun santet. Tapi yo polahe aku pengen nontok kesenian Janger nok kono, yo wis bonek-bonekan ae. Ambe’an aku yo mek wong situk sing tak kenal nok kono. Iku sik dhulure koncoku ndik kampus.
Aku nginep ndik daerah Banyuwangi persise meh nyedeki gapurone kutho. Lha pas iku kenalan-kenalanku tambah uakeh polahe aku yo njuk referensi perkoro seni Janger iko. Jenenge arek nom, lek kadung pengen eruh yo golek sampek temok. Tapi onok siji sing iku mau, nggarai aku cekekekan poll. Critane pas kenalanku sijine, arani ae Pak Az ngejak aku bengi-bengi nang tukang pijet langganane. Enggone mlebu kampung banget, tapi aku wis lali sisih endi enggene. Maklum ganok catetan pas iku. 

Pas mrono, e…tukang pijete iki mek iso boso Osing deles. Lha aku mek nyandhak sithik-sithik mek isok canggih alias cangkeme nggah nggih…polahe cuepete lek ngomong. Lha pas Pak Az iki mlebu kamar ambek mbah pijete, aku dikancani ambek bojone. Boso Jowone aku nyandhak dadi iso saut-sautan (opoo iki? Saut-sautan prasane manuk a?). Critane yo standar-standar ae..molai tekok keluargane sampek akhire iki sing nganeh-anehi.
“Kulo nggadah wedhus namine Fatimah” jare wonge
“Eh, saestu Pak?” aku dhewe gak percoyo kok. Lha wong Fatimah kok dijenengno nang wedhus..mudun drajat engkok rek!
Wonge terus crito lek ‘Fatimah’ iki molai lair wis nginthil dhe’e, polahe mbok-mbokane wis dibeleh pas dhe’e dibrojolno. Nang endhi-endhi pokoke dieloki pak e iki sampek lek ate metu ae Pak e iki kudu mindhik-mindhik cek gak kethok kok. Hahahahahaaa….
Ndelok raiku sing koyok gak mercayani critone dhe’e…wonge langsung ngene
“Menawi mboten percoyo, monggo kulo tingalaken.” Wonge ngejak aku metu omah, njekethek kandange persis nok ngarep omah. Onok rong kandang, tapi ‘Fatimah’ jare didhewekno polahe diadohi ambek wedhus gibas liyane…mambu menungso palingo..iku pikiranku. Lha Pak e langsung nyeluk
“Fatimaah” ganok suoro
“Fatimaah” sik sepi…mek krungu suara jangkrik. Lha iyo wis bengi
“Fatimaaah”………
“Mbeeeeekkk” ono suoro mbek tekan njero kandang sithuke.
Aku yo jelas ae kaget rek! Yok opo iku? Lha mari ngono “Fatimah” sing tibake gibas cilik menthik-menthik iku langsung metu kandang lan lungguh manis nok sofa ngarep. Sik gurung iku, “Fatimah” langsung mak brolllll nok nduwure kursi maksude dhelek! Aku mek iso ndlongop koyo bidho pas iku…cek mengonge ngono yo…tapi aku dadi kelengan siji maneh, akeh kewan sing dijenengi koyok menungso, malah luwih apik timbang menungsone dhewe..
Fatimah??? Mbeeeeekkk
Sing nduwe jeneng Fatimah ojok njae (nesu) yo…iki kisah nyata sing didadekno pelajaran gae riko kabeh. 


Pojoklambe 
27 September 2012

10 komentar:

  1. hahahaha...
    ono2 ae cak2..jan wedhuse apik tenan jenenge..:D

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iyo, gak main kok..tapi yo yok opo maneh hahahahaa

      Hapus
  2. pelajarane: nek ngekeki jeneng wong sing apik, lha mosok kalah mbek wedhus.

    BalasHapus
  3. pak bambang melu pijet ora pas kui?

    janger ki koyo opo toh pak?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Jange iku kesenian khase Banyuwangi. Wis molai arang2 dipertunjukno...kombinasine Ketoprak Jowo karo Bali

      Hapus
  4. Ouch......... tujune mbah buyutku udu Fatimah nanging Mutmainah hahahaha....... isih luwih apik mbah buyut lah....... gak mambu prengus koyok Fatimah sing iku.

    Cak terusno dulinan ndik kene yo. Aku seneng macane.

    Kae lho...... cak Iwan barang melok mlipir mrene. :-)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Insyaallah Tan....hehehehehee...iki mumpung mood-ku lagi apik-apike.

      Hapus
  5. Jaaan,,, mengong tenan. Kebo barang onok sing jenenge Kyai,,,

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahahaha..kebo bule sing nok kraton iku se? Wis mbalik a?

      Hapus