Rabu, 12 September 2012

(Pojok Lambe Crito) : THE SHOW MUST GO ON

Sugeng enjang dherek kabeh
Yok opo kabare peno-peno kabeh? Apik kan? Wis sak ulan aku gak ngisi omah iki. O iyo, sakdurunge SUGENG RIYADI gae riko kabeh yo. Sing nom akeh salahe, sing tuwek akeh dhuwite....sing tuwek aku njaluk galak gampile (angpao) po'o (hloh? ngomong opo aku iki rek!). Nang omah sebelah sing diarani Multiply opo lek arek-arek ngarani Mulkiplid, Mulpid, Multupid, Mulstupid lan sak panunggale, podho rame-rame mbahas sing jenenge dom pentul eh..tools sing dijanjekno ambek pihak Mulkiplid iko. Wis tak coba'i yo sik gatol ae alias gagal total. Yo wis lah gak popo lek ancen kudu alon-alon yo dipreteli sithok-sithok sampek njendhol jithoke, koyok jithoke ponakanku sing bonong alias botak nonong. 

Aku sampek mbukak omah akeh polahe iku. Nang Wordpress yo wis tak cacak alon-alon. Jurnal sampek ewonan iku yo sampek elek gak mari-mari mindahe. Akhire sing tak lakoni yo hara-kiri alias ngilangi jurnal-jurnal sing tak anggep gak penting blas, koyok curhatan ambek konco-konco sak kompine. Sing penting-penting kudu ndang dislametno. Omah anyar iki yo sik uakeh cacate. Gak sepenak Mulkiplid iko, cuma aku dadi kelengan artikel sing tau tak woco nok internet perkoro ZONA NYAMAN. Zona sing wong-wong rumongso nyaman, gak usah eksplorasi maneh, soale wis kepenak nok kono. Padahal yo lek diarani Zona Nyaman iku sing paling medheni, soale kene malah buntu, gak isok ngembangno awak dhewe ambek gak iso luwih apik maneh ketimbang saiki.


Wis enak wis, gak usah neko-neko. Lek iki ancene seneng gak seneng kudu ngalih. Polahe iku mau, dhuwik ngalah-ngalahi kabeh termasuk sing didadekno ajang golek konco ambek dhulur iki. Kukutan kono kene, efeke dadi sepi nyenyet koyok maesan nok kuburan. Gak popo wis, sing penting kudu iso makaryo sing nggenah. Mosok mek perkoro ngene thok kreativitas kudu matek cemlethek? Oh gak isok iku jes! Ganok critane! Galau yo galau, susah yo susah, tapi jare wong kulonan THE SHOW MUST GO ON alias pertunjukane mlaku terus. Lek nggenahe urip kudu mlaku terus. Lek wis ilang yo wis gak usah ditangisi maneh. Gak usah gethun opo maneh nangis cerak cerik koyok bedhes ketulup. Wis yo wis...molai maneh tekan sing anyar. Masiyo iku -amit- njancuki, tapi dadi pelajaran gae kene kabeh lek ganok sing awet nang dunyo iki. 

Ayo wis, molai maneh tekok sing anyar. Omah anyar sing mugo2 isok nggarai kene luwih kereatip eh kreatif makaryo. Yuk riko kabeh, podho sambung silaturrahmi masiyo wis gak nang omah lawas sing tambah gak menaki iko. 


Salam Manis
Nedho Nrimo


Pojok Lambe

24 komentar:

  1. Yo yo pindahan nang omah anyar yo....

    BalasHapus
  2. lek mari boyongan kuwi kudu slametan disik ya, jo lali lek boyongan jo gawe praoto seng cilik ra cukup kudu gae tronton

    BalasHapus
  3. iya dah, selamat rapi-rapi rumah baru,
    mari hapus saja rumah lama :)

    BalasHapus
  4. Welly : iyo,...opo mbajak praotone mulpid ae yo?

    BalasHapus
  5. Kok mung sak ulan? Prasaanku wis suweeeeeee nemen awit jamane jebodh!!! :-P

    BalasHapus
  6. Eiiiii..... tak kandani, dulinan ndik kene ketoke enak pisan lho! Sing tekok WP biso following, awake dewe yo biso pisan following WP. Piye arep diomong gak penak?

    BalasHapus
    Balasan
    1. He-eh Tan..iki wis tak jajal, uenak polll..masi gurung iso madani MP.

      Hapus
  7. Yo, do molai ninggal omah lawas, ben ae de'e do kroso gak onok gaweyan penting maneh mene iki..... :-P

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iyo Tan..ben Mulstupid iku dodolan dhewe ae...wis dadi robot mesin jual beli hehehe

      Hapus
  8. banyak rumah bikin pusyiing, gw binun ngapalin kuncinya :S

    BalasHapus
  9. nyoba komen pakai akun ini



    #maaphjaditempatcobacoba

    BalasHapus
  10. nunut msmpir sik lah yo...
    emang dadine dilemma nemen yo mas
    nyelametke ribuan postinganmu kuwi... hehehe

    BalasHapus
  11. Ya wis ndang resik-resik cak.
    **OOT** aku yo arep pindahan cak nang Pakis

    BalasHapus