Senin, 24 September 2012

(PojokLambe Crito) : BALIK KANAN, GRAK!!!!

Iki crito-crito jaman aku sik SMA. Pas iku aku ditunjek eh ditunjuk dadi anggota paskibra gae jatah upacara dino Senen. Mben Senen mesti onok upacara lan mben kelas yo kenek jatahe dadi petugase. Aku wis lali persise kapan, sing jelas kedadiane taun 1993-an, jaman aku sik sweet sweet seventeen alias sik ngganteng-nggantenge (sampek saiki yo sik ngganteng, ojok katik protes yo! uawas peno lek protes2..hahahahaha). Lha pas iku aku, ambek loro koncoku liyane (sijine wedhok) dadi petugas pengibar bendera. Kene latian enthek-enthekan masiyo mek level sekolahan. Maklum kabehe kudu kethok sempurna. Disemprot ambek kakak pembina ae yo sampek menter.


Wis, latiane kiro-kiro onok rong mingguan. Mesti pas wayahe mulih sekolah, pas liyane wis dhulinan, sing dadi petugas Senen iku kudu latian sik. Gak ilok lek gak latian, isok-isok dikutuk dadi kodok (opo kaitane rek?). Aku kenek bagian nyekel tali cagak tengen, koncoku sing sithuke bagian ngibarno, lha sing wedhok mesti bagian nyekeli gendheroe rek. 

Nah, kabehe wis kethok uapik. Lek jareku se...maklum aku paling sueneng ambek jenenge baris-berbaris masiyo rodok2 lebay gayane. Senen iku wayahe wis tekan. Kene wis nyepak sing paling uapik soro. Wong aku surian ae sampek bolak-balik cek kethok ngganteng kok hahahaha. Ndredheg? oyi jes! wong ditontok sak sekolahan e. Opo maneh onok guru-guru sing setel rai kereng barang. Aku mek mlerek koncoku, maksude takok wis siap a gae beraksi. Koncoku liyane mek nglerek titik....maksude...wis, isok gak isok kudu maju.

Lha pas wayahe pengibaran gendhero, kene langsung maju. Prak pruk prak pruk prak pruk...wis jyan cek muantepe rek! Pas nyampek cagak gendhero, kene molai beraksi. Nah, pas iki bencanae kaet dimolai. Pas wis nalekno gendherone..ambek pas ditarik. Koncoku ngomong "BENDERA SIAP!!!" Ya Allah Ya Gusti! njekethek gendherone mlintir koyok pita! Waduh! yok opo iki rek! kene wis kadung kringet anyep temenan e...

E alah, moro-moro pemimpin upacarane langsung ngene "SEMUANYA! BALIK KANAAAN...GRAKK!!!" Langsung kabeh peserta upacara malik nengen, tapi ambek cekikikan...jane gak pathek krungu, tapi soale jamaah dadine kroso banter. Jyamput! Aku ambek koncoku kisinan puollll...sampek kene cepet-cepet ndandakno gendherone maneh cek ndang isok dikibarno. Pas wis mari, koncoku nglirik nang pimpinan upacara ngekeki tondo lek wis mari mbenaknoe....wis, akhire maneh...BALIK KANAAAAANNN....GRAKKK!!!!! Suoro cekikikane sik krungu...Wis, cek uisin pol iki rek! 


Pojoklambe 
24 September 2012
Arek Jatim asli tapi nyasar nok Jateng

14 komentar:

  1. Haha,, gendherone ora bersahabat :)
    Biyen pas SD biasane aku dadi sing moco UUD'45 sampek apal aku!!

    BalasHapus
  2. Hehehehee..iyo, mbencekno kok ancene.

    BalasHapus
  3. hahahaha,,,ngakaaaakkk,,
    ngelingno ndek jaman SMP..
    gara2 kasus kaya ngene dadi disindir ambek pembina upacarane, trus kanca2ku pada nesu karo guru iku mau...nyampe pas ngajar ndek kelasku gurune trus njaluk maap..hahahaha

    BalasHapus
  4. Nengmetty : makanya waspadalah...ini khusus bahasa lokal hehehehe

    BalasHapus
  5. Ari Wahyuni : ngesakno gurune dipuriki hehehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. hahahaha,,
      kanca-kancaku pada sadis og, sing cewek terutama,gara-gara diomongi latiane ngga tau serius trus pada mutung, iku gurune lanang trus isih bujang cak dadi pada wani njaraki, setiap do lewat kantor guru mesti sinis ambek guru kuwi padahal biasane bocah2 yo cedak ambek bapak iku mau hahaha

      Hapus
    2. Hehehehehee..wah, gak tahan banting iku. Ngesakno gurune hehehehe

      Hapus
    3. hahaha jenenge arek SMP cak, wanine juga cuma karo guru iku mau, sik bujang trus sabar asline hehehe

      Hapus
  6. aku biyen ga tau kebagian ngibarno gendero, biasane yo moco UUD '45 ambe dadi MC ne upacara, lek gak yo derijen iku.

    BalasHapus
  7. Fatika : iyo, sakjane paling enak sing iku. Cuma saking mbuh kok gelek keduman dadi nggembol gendhero

    BalasHapus
  8. HAhahahaha........ lha mbok ngene sih crito-crito ndik kene maneh, ben aku biso melok ngguyu........

    Ancene petugas upacara senenan situk-situk yo onok sing sok salah kok. Kancaku maneh dadi komandan upacara le ngabani "hormat bendera........ grak. Tegaaaaap....... GAP!!!" Iku buntute iku monine tegap-gap hahahaha........

    Saiki denen dadi PNS ndik RSU, mbuh opo isih kelingan tah nang polahe, aku gak eruh, gak tau takokno maneh.

    BalasHapus
  9. Tante Julie : Hahahaha..ra popo Tan. Neng kene kanggo lucu-lucuan kok rencanae...

    WAKAKAKAKAKAKAKAK......TEGAAPPP...GAAPPP!!

    BalasHapus