Rabu, 21 November 2012

Boso Jowoe ‘Air Terjun’


Sugeng ndalu dherek, yok opo kabare riko kabeh? Apik a? Wis suwi puol puolan aku gak ngisi-ngisi nok blog iki. Opo maneh alhamdulillahe blog iki molai diparani wong-wong, embuh iku ngerti opo gak ambek boso etanan iki. Hehehehehe.

O iyo, gae pemanasan, aku tak mbahas boso Jowoe ‘air terjun’ ae lek ngono. Males lek mbahasi politik sing gak kiro enthek koyok susur iku. Cek no ae wong-wong rame-rame perkoro iku soale lek jareku mbahas iku koyok ngomongno enthut berut. Jane onok macem-macem istilah gae ngarani ‘air terjun’ iku. Lek nang Jawa Tengah sisih kulon, molai tekok Brebes sampek Semarang, ‘air terjun’ diarani ‘curug’. Curug iku dhewe lek gak salah asale tekok boso Sundo. Contoe ‘Curug Cipendok, Curug Ceheng, Curug Pitu, Curug Sewu lan sakteruse.

Lha terus lek tambah ngetan, iku diarani ‘Grojogan’. Koyok contoe ‘Grojogan Sewu sing parake nok Tawangmangu kono. Eruh gak? Iku lho sing ndik tracakane Gunung Lawu sisihe Jawa Tengah mlebu Karanganyar. Lek sik gak ngerti, tak kon ndelok peta lho yo.

Terus tambah ngetan, utamane nang daerah Malang ambek sak ubengane, ‘air terjun’ iku wis diarani ‘Coban’. Lha sing iki isok akeh ngomonge aku…Coban Rondo, Coban Tengah, Coban Manten, Coban Pelangi, Coban Rais, Coban Baung, Coban Cindhe ambek sak teruse.

Ngetan maneh malah diarani ‘Curah’. Embuh opo’o diarani curah…be’e polahe iku mau. Banyune mancur nyurah-nyurah koyok banyu mili sing gak kiro enthek sampek dunyo kukutan (halah cangkemmu iku Caak,…Cak!). Yo wis lah, sak mono sik yo crito critone…Perkoro ‘air terjun’ ae isok seje-seje kok masiyo podho Jowoe. Hehehehee.  


201112

6 komentar: