Kamis, 13 Desember 2012

(Gedabrusan PojoLambe) : RolasRolasRolas

Rolas
Rolas
Rolas
Tanggalane wingi cek tepake lek digatuk-gatukno. Opo maneh lek gae sing seneng nogel biasane dianggep ongko jitu. Ambekan arang-arang pol lek dipikir nemokno tanggal sing anyar ngono jes. Aku dadi kelingan lek tau nontok film judule 2012, sing jarene tanggal 12-12-12 bakale kiamat. Lek tak tontok filme, isie ancen medheni. Nggambarno dunyo iki bakale ajur sak ajur-ajure. Onok udan es sing guedhe, banjir tsunami sing dhukure sak Gunung Everest, sampek wong keplayu-playu kepontal-pontal golek slamete dhewe masiyo ndik filme jare gak kiro slamet. Jenenge film yo mesti kudu onok sing slamet...lek matek kabeh yo gak kiro seru rek. 

Menungso lak senengane golek sing seneng-seneng ae, sing happy ending jarene. Sing onok pahlawane sing slamet, polahe nang alam nyata yo gak kiro ngono barang. Yo iku, arane film yo mesti isie ngayal thok..hehehehehe. Malah yo akeh sing rabi tanggal sakmono, ambek lairan pas tanggal sakmono koyok Kris Dayantun...eh....Dayanti iko.

Rolas
Rolas
Rolas
Tanggalane cek pas temenan. Wong-wong sak dunyo podo rame kabeh, onok sing wis nyepakno lompongan gae mblayu lek kiamat teko, onok sing mbisnisno nggae bunker ngisor lemah sing jare gak kiro ajur ambek tahan kiamat (anggite opo ngono?). Iki kabeh gara-gara tanggalane suku Maya sing diplintir, lek taun 2012 iku dunyo bakale enthek thek mak jlentrek. Malah onok barang sing saking cupet utheke milih matek dhisikan timbang ndelok kiamat. Gak sadar tah lek matek iku yo podo ae ambek kiamat, cumak kiamat pribadi arane. 

Rolas
Rolas
Rolas
Wong isone mek mbadhek-mbadhek opo sing bakal kedadian mene-menene. Lha buktie sampek tanggal 14 iki gak kiamat-kiamat. Wong Indian Maya dhewe yo gak trimo lek tanggalane enthek iku artine dadi kiamat. Lek jare wong-wong iku, taun 2012 ancen enthek-enthekan tanggalan tradisionale wong kono sing genti mben 5000 sepisan. Dadi jare iku gudhuk entheke dunyo, tapi ngganti tanggalan. Podo ae lek aku ngomong tanggal 31 Desember 2012 iku kiamat..iyo...ancen kiamat...kiamat gae taun 2012, polahe menene wis 2013...

Rolas
Rolas
Rolas
Mau aku nontok brita jare onok isu lek kiamat dadine pindah jadwal tanggal 21 Desember. Keat! Keat! Sik onok ae sing manas-manasi. Bejoe wis dicelathu ambek NASA, buktine sing ilmiah gak onok blas, mek bedhek2ane wong gendheng thok. Masiyo yok opo-yok opo, kiamat gak kiro bakal iso diperkirakno, iku podo ae ambek jodo, rejeki ambek matek awak peno kabeh. Kabeh rahasiane Gusti sing gak kiro isok dieruhi menungso. Sing penting akeh amalan nang dunyo sik cek nyepak lek ancen wayahe wis teko.

Yok...rolas rolas rolas iki ancen ongko istimewa kok.


Sugeng enjang dherek

Gambare dijukuk tekok kene 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar