Rabu, 02 Januari 2013

(Latihan Pacelathon) : NANDUR JAGUNG (Versi Kulonan-Wetanan-Bahasa Indonesiae Pisan)

Sugeng Siyang dherek kabeh
Iki aku mbalik maneh nang seri pacelathon sing tak jukuk tekok buku pelajaran Boso Daerah. Tapi iki tak gae mbandingno antarane Boso Jowo sing baku, ambek Boso Jowo sing versi Arekan (embuh Suroboyoan opo Malang sing penting arekan hahaha), plus Boso Indonesiane barang gae awak peno sing gak isok Boso Jowo utowo Boso Jowone sik pating mecotot. Sing versi arekan iki gak mutlak, polae tak gae sing model sing paling tak eruhi.


Monggo disemak :

Versi Jowo Baku, Wetanan, Indonesia

Joko : Mas Bayu, apa kowe ngerti carane nandur jagung?
          Mas Bayu, Sampeyan eruh tah carane nandur jagung?
          (Mas Bayu, apa kamu tahu cara menanam jagung?)
Bayu : Ya ngerti ta, wong aku wis diajari Bapak.
           Yo eruh, wong aku wis diajari ambek Bapak.
           (Ya tahu dong, kan Bapak sudah mengajarkannya padaku)
Joko : Mbok aku dituturi Mas, ben ngerti !
           Aku diajari po'o Mas, cek eruh! 
          (Ajarkan aku dong Mas, biar mengerti!)
Bayu : Ngene lho Dhik, lemahe dipacul dhisik nganti mawur
          Ngene lho Dhik, lemahe dipaculi sik sampek mawur
          ( Begini Dik, tanahnya dicangkul dulu agar terurai)
Joko : Terus dikapakake, Mas?
           Terus diapakno, Mas?
           (Terus diapakan Mas?)
Bayu : Banjur dikowaki arang-arang, lete kira-kira sewidak sentinan kanggo nandur wiji jagung
          Terus dibolongi arang-arang, jarake kiro-kiro swidak sentian gae nandur wiji jagung
          (Lantas dilubangi jarang-jarang, kira-kira jaraknya 60 cm untuk menanam biji jagung)
Joko : Yen kecedhaken ngapa, Mas?
           Lek kecedheken opo'o, Mas?
          (Kenapa kalau terlalu dekat, Mas?)
Bayu : Ora becik Dhik, yen wis gedhe padha suk-sukan
           Gak apik Dhik, lek wis gedhe engkok podo desek-desekan
           (Tidak baik Dik, kalau sudah besar nanti akan berdesakan)
Joko : Dirabuk apa ora, Mas?
          Dirabuki gak, Mas?
          (Dipupuk tidak, Mas?)
Bayu : Ya kudu dirabuk, kareben mundhak subur
           Yo kudu dirabuk rek, cek tambah subur
          (Ya harus, agar nanti tambah subur)
Joko : Oh, yen ngono saiki aku ngerti, Mas! Kae, Bapak wis rampung. Dha mulih, yo!
           Oh, nek ngono saiki aku ngerti, Mas! Bapak iko wis mari. Mulih yuk!
          (Oh, sekarang aku tahu Mas! Itu, Bapak sudah selesai. Ayo kita pulang!
Bayu : Ayooo...!


Cekap semanten mugo2 oleh manfaat tekan kene

4 komentar: