Sabtu, 18 Februari 2012

Yok Opo Kabare Kabeh?

Assalamualaikum Dherek,

Yok opo kabare riko kabeh? Seger waras kabeh kan? Aku wis suwi gak nyorat-nyoret nok situs iki. Maklum uakeh pol alangan sing kudu tak adhepi....salah sijie yo iku, males nulis. Molai kenthekan ide sampek macem-macem perkoro wis sing nggarai si Pojok Lambe vakum rodok suwi (gak trimo suwi...suwii polll) sampek-sampek omahe dadi bledhuken koyok ngene. Kudu resik-resik maneh sing rijik cek omahe isok ditekani maneh ambek riko-riko kabeh. Opo maneh riko-riko sing wis gelek nyambangi omah iki. Wis, pendhekane ngono lah. 

Uakeh tibake crito sing kudu ditawak-tawakno nang riko kabeh. Tapi siji maneh, pancet ae nggae logat etanan sing dadi boso asli iki. Sing gak eruh takok ae yo..hehehehehe...

Monggo tak undang mampir-mampir maneh mrene...:)

Iku sik ae, insyaallah engkok-engkok disambung maneh nulise yooo..


Wassalamualaikum

Sugeng ndalu nedho nrimo

Pojok Lambe

4 komentar:

  1. puji Tuhan, sae-sae kemawon pakdhe ^_^

    BalasHapus
  2. salam alaik...kerep jugak neng jero ati kudu nilik e blog-blog seng iso nokok e ilmu pengetahuan...yo kuwi lah kadang kadang chok ora sempet lan megawean seng ora ora...hi hi hi

    BalasHapus
  3. Iblis Gemblung : Alhamdulillah, wis bar tho skripsine?

    BalasHapus
  4. Rahban : monggo, kadang-kadang dolan mrene Pak :)

    BalasHapus