Sabtu, 20 Oktober 2012

Mangayubagyo yo Pak Jokowi-Pak Ahok


Critane iki Pojoklambe wis suwi gak diisi-isi. Polahe sing nduwe omah sik uakeh urusan, sakliyane aras-arasen mergo onok kukutan. Kukutan? Iyo, kukutan enggon kerjo lawas ambek kukutan omah maya sing pualing disayang tapi saiki dadi mbencekno gara-gara genaro-genaro mengong ndik kono. Oh iyo rek, aku sampek lali ate mbahas perkorone Pilkada DKI Jakarta sing akhire dimenangno pasangan Jokowi ambek Ahok. Ancen wong loro iki gudhuk wong Jakarta asli, sithuke tekok Solo ambek pas iku sik njabat dadi walikota Solo sing paling sukses noto PKL-PKL, terus sithuke maneh turunan Tionghoa sing tau dadi Bupati Belitung Timur masiyo gak sampek enthek masa jabatane.

 

Aku dhewe yo gak pathek ngerti kok isok yo Jokowi-Ahok dicalonno dadi Gubernur-Wagub DKI padahal wong loro iku gudhuk warga asli kono. Yo masalae be’e iki, polahe Jakarta wis kahanane tambah parah, langganan banjir, masalah sampah sing gak enthek-enthek, terus urbanisasi sing tambah uakeh sing lek diibaratno Jakarta iku lampu strongking, wong2 sak Indonasuwa iku larone, plus maneh masalah keamanan sing regane luarang gae wong Jakarta saiki, sampek wong2 kono akeh sing gak rumongso aman nang enggene dhewe e. Be’e polahe Jokowi isok nangani masalah-masalah nok Solo sampek kepilih mindho iku palingo sing akhire nggarai parpol koyok PDI-P nyalonno dhe’e ambek Ahok.

Tapi yo ngono, sing njegal pancet akeh. Sing paling lumrah yo nggae kampanye SARA (gudhuk SARA Sechan lho yo jes), maksude Suku Agama Ras Antar golongan iku digae maneh. Wah, lek soal ngono-ngono iku yo aku gak kompak blas ambek akeh wong. Jarene kan ‘pilihlah yang seagama’, iyo lah akhire kan milih sing sak agama. Jokowi Islam, sing milih yo Islam..hehehehe. Soal bapak ibuke barang yo disenggol-senggol pas kampanye ireng tunteng (luwih enak timbang black campaign, rasane koyok ngunthal keju sak kilo lek ngomong iku..beh, yah mene udan-udan malah mikiri panganan, dasar rai badhogan!), yo jelas ae Jokowi munthap. Liyane se oleh diutak-atik, oleh dipaidho, tapi lek soal pribadi ambek wongtuweke yo ojok disenggol. Sopo ae lek disenggol sampek wongtuweke yo bakale mecungul sungute koyok kebo dicubles eri sak karung. Terus pasangan Jokowi-Ahok yo diilok-ilokno ambek akeh kalangan, malah sampek kalangan sing jare muliyo ambek agamis yo sinis ambek wong loro iku.

Njekethek, tambah dienyek tambah ndadi kan? Akhire sing ngenyek-ngenyek dhe’e mincep kabeh. Aku sik eling lek Jokowi sampek diilokno walikota goblok ambek gubernure gara-gara gak setuju bekase Pabrik Es Petojo didadekno mall. Mall opo? Mallen…hehehehe. Sing ngilokno Jokowi-Ahok? Meneng kabeh, kisinan polahe ngono, lek wong tambah dielek-elekno, justru ndadi lan pamore kinclong koyok koco kristal nomer siji. Nah..kisinan kaan? Ancen nok politik kabeh cara digae, molai tekok sing paling ruesik sampek sing paling nggilani rusuhe. Iku ancen biasa, tapi aku yo percoyo sik akeh politikus sing tingkahe gak tiru-tiru koncoe sing poli-tikus.

Saiki Jokowi-Ahok wis dadi. Wong sak-Jakarta podho ngenteni janji program satus dinoe wong loro iku. Aku masiyo gudhuk wong Jakarta yo melok seneng, tapi iku mau, Jakarta iku gudhuk Solo, gudhuk Belitung Timur, dadi kudu kerjasama ambek akeh wong. Masalah tatakota, kerijikan (kebersihan), keamanan ambek kenyamanane iku kudu dadi fokus gae noto Jakarta. Yok opo cek Jakarta iki isok luwih penak gae wargane, iku pe-er gedhe gawe wong loro iki sampek 2017 engkok.

Mangayubagyo Jokowi-Ahok! Mugo2 Jakarta iso luwih apik sampeyan cekel.


Gambar dijukuk tekok kene


2 komentar:

  1. Aku yo melok seneng iku masiyo aku mung warga tonggone Jakarta. Mugo-mugo ae penduduk Jakarta biso diatur pak Djoko supoyo mandeg nggone ngrusaki kawasan Jawa Barat iku.

    BalasHapus
  2. Aamiin Tante Julie, mugo2 ae isok ngono...wis gak usum maneh ngerusak-ngerusak.

    BalasHapus