Selasa, 30 Oktober 2012

SUMPAH PEMUDA, SUMPAHE SOPO REK?


Sumpah Pemuda, Sumpahe Sopo Rek?
Iku sing dadi dulinan sing mubeng-mubeng koyok bido nok utekku. Sakjane aku ate nulis perkoro iki pas tanggal 28 Oktober wingi, tapi polae lagi males-malesan utowo mumet endhase kenek perkoro reno-reno, yo wis rek tak simpen ae nok utek. Lha ngepas upacarae dino Minggu aku gak teko, yo jelas rek aku melok sing endhi. Wong sing cedhek-cedhek ae aku gak tau kober. Aku sek eling terakhir melok upacara iku pas dadi mahasiswa anyaran, iku ae mek TA alias Titip Absen, terus kene ngenteni nang njobo ae hahahaha.


Sumpah Pemuda umure wis 84 taun. Dideklarasikno nang Kongres Pemuda II sing dianakno ndik Jakarta tanggal 28 Oktober 1928. Pas iku akeh organisasi pemuda tekok endi-endi sak Indonesia teko, tujuane mek siji yoiku ngraketno sedhuluran ambek podho kompak merjuangno kemerdekaan tekok penjajah Londho. Pas Kongres Pemuda iku barang lagu kebangsaane kene pertama kaline ditampilno. Gesekan biolane W.R Supratman, arek Suroboyo sing nggawe lagu iku dadi momen tangine bongso iki sing ping pindho, sak marine Kebangkitan Nasional 20 taun sakdurunge.

Unine Sumpah Pemuda iku

KAMI PEMOEDA- PEMOEDI INDONESIA, MENGAKOE BERBANGSA SATOE, BANGSA INDONESIA.
KAMI PEMOEDA-PEMOEDI INDONESIA, MENGAKOE BERTANAH AIR SATOE, TANAH AIR INDONESIA.
KAMI PEMOEDA-PEMOEDI INDONESIA, MENDJOENDJOENG BAHASA PERSATOEAN, BAHASA INDONESIA.

Molai iku akhire boso Melayu ganti jeneng dadi boso Indonesia. Semangat persatuan iku wis kethok pol nang atine poro muda-mudi jaman iku. Semangat gae ngrebut kemerdekaan tekok penjajah liwat dalan gandeng tangan ambek dhulur-dhulur Indonesia liyane gak mandheng sukune, agamane, politike, daerahe ambek reno-reno liyane. Sing onok roso saknasib saktanggungan liwat boso sing siji. Iku untunge bongso iki, soale wis gak eker-ekeran maneh perkoro boso nasional gak koyok negoro-negoro liyane sing soal boso nasional ae sampek eyel-eyelan dhewe.

Tapi emane, pas aku nontok nok TV, kedadiane malah mriatinno. Ndik Jember pas dites apal gak-e isi sumpah pemuda, njekethek poro mahasiswa sampek petinggi ae akeh sing gak apal. Dadi eling arek saiki piro sing apal ambek sila-silane Pancasila. Iku nggarai ati miris kok. Lha nek gak apal engkok yok opo generasi sakteruse yo? Wong boso Indonesia dhewe ae wis molai dirusak ambek penuture dhewe nggae jeneng globalisasi. Nek iku ancen gak iso kene podo ngeles, soale gelem gak gelem mesti kedadian. Sing parah maneh lek didelok, bosone alay sing paling ngetop saiki. Sampek-sampek wedine aku engkok Sumpah Pemuda digae versi alay-e. Ciyus? Miapa? Iyo, Miyabi…Mi aYAm baBI ngono yo? Hahahahaa.

Gudhuk masalah kene mersoalno koyok ngono-ngono. Tapi yo kudu didelok, kene nduwe boso sing dadi tengerane kene tekan bongso liyane. Boso daerah yo molai kalong-kalong penuture, polahe arek nome wis akeh sing ngalih nang boso Indonesia. Lha sisi liyane, boso Indonesia yo kalah pamor ambek boso monconegoro koyok boso Linggis eh Inggris. Kesadarane kene tak akoni kurang lek gae nglestarekno bosone dhewe. Boso daerah ambek boso persatuan iku gae aku podho pentinge, dadi masiyo cilik-cilikan, onok upaya gae nyelametno boso sing nduduhno ramene bongso Indonesia iki.

Bulan bahasa jareku luwih apik lek digae ningkatno kemampuan boso Indonesia. Tapi lek luwih asik maneh lek onok lomba pidato utowo lomba ngobrol boso Indonesia gae wong asing. Lek gae boso daerah isok digae model lomba siaran ala pojok kampung (iki kasus boso Etanan yo). Sakliyane iku sing paling penting, tetep diajarno bosone kene masiyo awak peno nok endi ae. Mbuh nok luar negeri tah opo nok endi asal sik nang alam ndunyo heheheh, pokoke ojok lali diajarno nang anak-anake masiyo iku abot, tapi asile pasti ciamik soro.

Jamane wis genti, tapi semangate poro pemuda taun 28 iku kudu tetep diteladani lan diajeni masiyo ujude bedo. Mbiyen ngrebut kemerdekaan, nek saiki ayo podo kreatif ambek inovatif gae bangsane.

Sugeng Sumpah Pemuda gae riko-riko Bongso Indonesia!

*Telat gak popo, timbang gak blas..hehe*

4 komentar:

  1. Ancene persatuan Indonesia wis meh gak kroso babar blas. Deloken ae iku, kabeh uwong dho nggaweni persatuan kedaerahan dewe-dewe. Menungso situk ambek situke ben dino mung dho tukaran ae. Tawuran wis dadi kebiasaan. Onok maneh, bahasa nasional wis gak karu-karuan unine. Arep digowo ngendi bangsaku iku?

    *sedih nang pojokan omah*

    BalasHapus
    Balasan
    1. Lha presidene dhewe ngomonge acak kadut campur boso linggisan ngono e saiki. Kadang aku pegel pol kok Tan...Tugase kene saiki sing kudu njogo kabehe.

      Hapus
  2. Sing ngomong ciyus miapah ancen njaluk dibalang sendal. Ngisin-ngisini thok ae.

    eh, Selamat yoo... pagerank-mu siji, lha aku koyok baru mulai, sik nol :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. Suwun Mas...mbiyen tau sempat pagerank 2 lho, cuma rodok sepi hehehehee..

      Nek aku ngene ae Mas. Engkok lak mari ngene ciyas ciyus iku bakal ilang karep2e dhewe kok.

      Hapus