Sabtu, 01 Desember 2012

(Cerito Pojok Lambe) : Bal-Balan

Bal-balan iku lek diarani dadi klangenane wong-wong, utamane wong lanang. Muesti lek onok pertandingan bal-balan ngono, embuh amatiran opo sing profesional mesti podho rame-rame nontok. Mben Sabtu ambek Minggu sampek diarani jatahe bal-balan. Masiyo tayange nok tv pas jame Mbak Kunti ambek Mas Gondo dines, tapi pancet ae dienteni. Yo ancen se, lek nok Eropah kono sik parak sore dadi yo gae wong kono wis kulino, lek Indonesia? sing kacik 6 jam jarake iku sing masalah. Opo maneh lek wis kesel remek awake. Karek nyepakno kopi, klithikan, rokok (gae sing rokokan) njegidheg nok ngarep tv sampek parak isuk mesti dilakoni wis.

Lek pas wayahe tanding seru sak jagad ngono, mesti wong-wong telat kerjo ambek klangopan bakale nambah, polahe podo rame-rame berjamaah nontok bal-balan. Yo masiyo guduk negorone, tapi polahe didol sampek elek yo bakal laris manis. Liga Linggis, eh Inggris ambek Itali contoe. Mesti akeh ditontok, terus Piala Champion, Euro, ambek saiki AFF yo sik rame dicritakno. Lha wong-wong podho njogrok nang ngarep tv wis tak delok sakdurunge aku nulis iki rek.

Tapi...
Emane aku molai cilik gak seneng nontok bal-balan. Padahal pas aku sik cilik, aku gelek dijak Mbah ambek Bapakku nontok. Pas jaman cilikanku, yo sing ngetop pertandingan GALATAMA sing lek gak salah onok bapake Irfan Bachdim (wah gak nyono wis kewut pol yo aku..wakakakakak..mengong!). Tapi embuh kok aku malah seneng ndeloki tingkahe penonton timbang pemaine. Hahahaha. Aku yo tau kelingan, pas iku taun 94, jamane Piala Dunia dianakno nok Amerika sing wargane luwih seneng dulinan basket timbang bal-balan sikil. Pas iku tvne didim ambek bapakku, ganok sing oleh ganti-ganti salurane...padahal onok sinetron senengane ibukku. Tapi ndilalah, pas wis tengah wengi, bapakku malah turu, aku pas nglilir, dadi ambek mlaku nang kulkas njupuk setup polahe ongkep pol hawane, aku malah sing nontok. Lek gak salah Jerman ambek Bulgaria pas iku. Yo wis, pas gak isok turu maneh aku kepekso nontok soale ganok saluran TV sing akeh koyok saiki. 

Nah, lek pas ngumpul nang omah ngono lek wayahe bal-balan, aku mesti mlebu kamar. Nontok siaran favorit koyok flora fauna, film ambek komedi. Embuh lah...kan gak kabeh wong lanang seneng bal-balan. Yo tepak aku akeh tunggale kok, dadi lek sing ngomong gak seneng bal-balan bencong, yo emploken dhewe enyekan iku. Hehehehehe...Akeh wedhok sing seneng bal2an kok, tapi lek tak delok akeh2ane (gak kabeh lho yo) nontok bal-balan polahe ndelok pemaine, guduk permainane. 

Yo wis lah..sing penting gak usrek-usrekan perkoro seneng gak seneng. Mben wong nduwe selerae dhewe-dhewe, gak isok diganggu gugat. 

Sing seneng bal-balan yo nontoko, sing gak seneng yo nglakoni liyane cek penak ngono rek. 



1122012

6 komentar:

  1. Indonesia angkat koper, manajemen kacau, sakno pemaine aku, koyoke gak bener-bener diopeni, ding ngurusi kisruh dhewe-dhewe.

    Ngomong2, sopo bapake Irfan Bachdim iku?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Bapake Irfan Bachdim iku mantan pemaine AREMA (opo Persema yo) era 80an. Turunan Arab Malang.

      Sing nggapleki ancen pimpinane kok, koyok tlethong kabeh. Mek ngurusi weteng mblendunge thok ae Mas...aku yo masiyo gak seneng bal-balan yo melok pegel kok.

      Hapus
    2. Arane sopo tah bapake iku? Isih penasaran ae aku iki.

      Hapus
  2. Ah gak sido takon, wis onok sing penasaran pengen eruh sopo arane bapake Irfan iku. Arab Malang yo?

    BalasHapus