Minggu, 02 Desember 2012

(Cerpen Terjemahan) : Lapis Legit (Versi Jowo Wetanan)

Catetan :
Iki cerpen terjemahan tekok cerpen aslie sing gae boso Indonesia. 100% tulisanku dhewe, gudhuk nyolong tekok karyane wong liyo. Dijamin!



Aaah!! Bengokku
“Opo’o se koen gak legi-legi?” aku ndremimil dhewekan nok pawonku sing koyok kapal pecah iku. Kebek pol ambek turah2ane endhok, glepung ambek loyang sing pating jlentrekan. Onok pirang loyang isie lapis legit sing gatot alias gagal total nok kono…muesti onok ae sing salah. Kelegen lah, bantet lah, ampyang lah…embuh wis! Gak isok diandelno blas pokoke! Terus aku lungguh ndlosor nok ngarepe oven sing wis tak pateni ket mau. Ganok sopo-sopo ndik omah pas iku. Bojoku wis pirang dino iki gak mulih polae sik onok tugas nang luar kota, terus Sinta anak wedhokku sithuk ndil lagi nginep nok omahe morotuoku polae pas preian sekolah. Dadi aku ijenan ae, terus embuh opo’o ketepakan aku pengen ijenan padahal biasane aku sueneng pol lek onok Sinta. Isok ngrungokno ètès ambek èblase ambek disambi nyacak nggae lapis legit iku.

Suwi pol aku ndeloprok nok ngarepe oven. Bahan-bahane lapis legit iku tak jarno nggletak ae, kethoke lek nok motoku njaluk ndang digarap. Tapi..aku sik mualese puol. Aku mek meneng ae koyok-koyoko tas ndelok Nyi Blorong liwat. Enthek pirang-pirang tapi sik pancet bantet, gak iso dadi lapis legit sing tak karepno. Bojoku se mben dino ngebel opo sms aku, ganok lerene blas. Tapi rasane koyok kosong, aku males mbalese, lek pas ngebel aku mek nanggepi sak onoke…koyok ademe kulkas.


******

Kriiinggg!!!
Onok telpon mak ndring ndring.
Cepet-cepet aku marani telpon sing cerak-cerik iku sing parake nang ruang keluarga. Setengah mblayu aku ngangkat telpon. Nok sebrang kono, onok suoro sing paling tak eruhi urip matekku.
“Ma..” suoro bass sing kudune isok nentremno atiku.
“Yo, Pa…Onok opo?” aku nyauti ambek roso abot.
“Opo awakmu sik pancet nggae lapis legit iku? Kok awakmu gak tau mbales SMSku, Ma…aku kuatir temenan iki.” Suoroe kethok lek dhe’e kuatir pol ambek aku. Aku sing kemedhan nggae lapis legit masiyo gak tau dadi. Seminggu ngkas sewu dinane ibukku. Ibuk paling sueneng lek nggae lapis legit, masiyo kadang lapis Suroboyo ambek lapis Malang. Tapi sing paling gelek digae yo lapis legit, embuh acara opo ae mesti nggae, lek onok slametan opo bancakan nang keluarga opo nang lingkungane mbiyen. Gak tau kethok kesel pokoke. Pas aku ambek dhulur-dhulurku liyane sik angler turu, parak isuk ibuk wis tangi gae nyepakno jladrèn lapis legite. Aku wis kulino ndelok dhe’e adus kringet nyepakno kabehe…ijenan.


Rasane ancen luegit, malah lek jareku lapis legite ibuk iki sing paling luegi sing tau tak rasakno, tapi gak nggarai mblenger opo maneh mblenek. Moro-moro kok aku kelingan jaman mbiyen Suwargi Ibu sik onok.

“Anti, thulung jukukno endhok nok lemari.” Jare ibuk nang aku.
“Piroan Buk.” Saurku ambek kriyip-kriyip ngempet ngantuk.
“Sik yo, tak tontok sedhiluk.” Ibuk ngethokno kotak cilik teko lemari klambie. Kethoke onok sing diwoco tekok kotak cilik iko. Opo yo sing nang kotak iku. Alon-alon aku nyedheki ibuk sing sik kethok khusyuk moco isie kotak iko. Jenenge ae arek cilik, mesti pengen eruh. Njekethek pas aku meh iso ndhelok isi kotake, ibuku langsung nutup kotake ambek mesem nang aku. Tapi kethoke meseme iku onok sing didelikno. Mari ngono, kotak iku terus dilebokno maneh nang lemari ambek dikonci. Lemarie ibuk ancen gak oleh diotak atik ambek sopo ae sak marine Suwargi Bapak gak onok.

“Thulung jukukno sak lusin yo endhoke, Nduk.” Jare ibuk ambek ngelus-elus sirahku.
“I..inggih Buk” jareku, terus mlayu njupukno endhok sing dimaksud.
“Ojok pencilakan, engkok pecah.” Sambung ibuk.
Aku mesem terus mlayu inclik-inclik nok pawon. Pawon cilik sing biasae digae Ibuk masak dino-dino. Pawon sithuke sing rodok gede mesti digae dadi enggene nggarap lapis legit. Onok oven tuwek gede sing ndloprok nang kono, iku sing digae ibuk biasane cedhek cendelo. Terus onok mikser model lawas sing jare kado kawinane ibukku mbiyen ambek pirang-pirang loyang, gedi ambek cilik. Aku njupuk endhok sak lusin terus tak gawakno nang pawon gedhe.

Aslie aku gak patheko minat ambek sing digarap ibuk iko. Lapis legit mesti gak tau ucul tekan jajanan dino-dinoe keluargaku. Embuh pas sarapan, opo didadekno sangu pas aku budhal sekolah, lapis legit mesti mecungul nok kono. Plus acara ngeteh sore-sore, ambek pas mangan bengi. Mbuh opo’o, mben wayahe ibuk nggae lapis legit kok mesti aku sing ketiban sampur dikongkon-kongkoni. Kok gak Mbak Siska, Mbak Ranti, Dwi opo Aryani sing dikongkon. Kabeh iku dhulur-dhulur cer ku. Ganok sing dikongkon ibukku koyok aku iki. Mek nyepakno bahan-bahane thok, tapi aku gak tau diolehno nyedhek.


“Sik gurung wayahe Nduk.” Mek ngono thok ujare Ibukku ambek nglebokno jladrenan lapis legit nang oven. “Engkok lek wis wayahe mesti ibuk ajari.” Meseme sing manis iku isok ngilangi roso pegelku. Lapis legit gaenane ibuk ancen juara, iso nenangno atiku ambek dhulur-dhulurku liyane, malah pas Bapakku ganok yo pancet ae lapis legit iku ngramekno suasana ambek sing paling dienteni ambek poro tamu. Opo rahasiane? Embuh, gak eruh.

Akhire aku mlebu kelas loro SMA, ibuk sik terus ae nggae lapis legit masiyo awake wis kepangan umur. Aku dijauki thulung ngudek endhok-endhoke gae mikser ambek nglebokno bahan liyane sak rempah-rempahe, tapi kabeh kudu didudui ibuk sik. Engkok bakale didadekno lapis-lapis. Tak dhelok nggae lapis legit iku ancen susah. Kudu telaten, opo maneh nek wis notoe ngantek koyok lapisane. Ibukku cek puintere nggae iku kabeh, lha aku dhewe mesti gak tau isok.

Lapisane gak tau isok kelèt dadi siji!
Katosen!
Mblènyèk!
Guosong!
Ahhh! Cek uangel puol! Aku meh ae até kathok! Ping piro ae aku nyacaki kabeh, tapi sio-sio kabeh sampek-sampek aku mbanting loyang sing sik diiseni lapis legit gagal total iku. Gak sadar, saking pegele.

Aku mek njegidheg meneng. Ibuk yo ngono pisan. Rasane aku koyok matek kenthekan ambekan. Aku sing ngematno ibukku ambek ngewangi nggae lapis legit molai cilik kok malah kathok karepe dhewe. Nok endhi semangatku? “Buk! Aku kathok wis! Gak isok nerusno!” ujarku ambek setengah mbengok meh nangis. Tapi mari ngono aku mbenakno kabeh barang sing wis tak bantingi iku. Terus pas ibuk ndekep aku, nangisku langsung mbrebes mili koyok arek cilik.

“Wis ta lah Nduk.” Jare ibukku ambek ngusap-ngusap raiku sing teles polahe mbrebes mili iku. “Engkok lek wis wayahe, awakmu mesti iso kok nggae lapis legit seenak iki.” Ambu spekkoek tekok lapis legit iku koyok ngejak-ngejak aku gae mangan. Gak let suwi, rong iris lapis legit anget gaenane ibukku wis onok nang ngarep moto. Nelongsoku langsung ilang mak les. Nganthek aku rabi ae ibukku sik terus nyepakno lapis legit iku, masiyo tambah suwi ibuk tambah sepuh. Legine lapis legit iku pancet ae dadi kancan.


Pas ibuk sedho, telung taun ndisik…aku rumongso paling kilangan. Pas mari dikubur ambek kabeh acarane mari, aku ambek papat dhulurku liyane lungguh bareng nang ruang tamu. Ganok siji-sijio sing ngomong. Sepi nyenyet. Bojoku, ipe-ipe ambek anak-anake dhulurku gak diolehno mlebu, polahe iki urusane keluarga. Gak let suwi, mbakyuku Mbak Santi mlebu kamare ibuk. Aku ambek dhulurku liyane mek dhelok-dhelokan ae. Soale lek Mbak Santi mrono, mesti onok perkoro sing penting ditambah Mbak Santi iku mbarepe keluarga, dadi opo-opo perkoro diputusi kabeh ambek dhe’e, sementara aku ambek dhulur liyane biasane mek melok ae opo jarene. Mbak Santi wonge wicak lan ancen mbakyu sing dadi tulodho nang keluargaku. Embuh pirang suwi, Mbak Santi metu tekok kamare ibuk.

“Anti,” ujar Mbak Santi nang aku.
“Yo Mbak.” Saurku.
“Sakdurunge ibuk sedho, ibu onok pesen sing kudu tak kandhakno nang awakmu.” Mbak Santi meneng sedhiluk, terus ngethokno kotak cilik! Aku kaget! Iki lak sing biasa dibukak ibukku ambek sing nggarai aku penasaran molai cilik. Kotak 10 x 10 x 10 cm iku. Aku ndredeg temenan pas nompo kotak iku. Sakliyane kotak ireng iko onok surat sing ditemplekno nang ndhukure.

“Ti, ibuk ngarep awakmu moco iki lek wis siap engkok.” Ujare Mbak Santi. Dhulurku liyane mek mandengi aku. Wis podho maklum kabeh dadi milih meneng. Soal warisan wis gak penting maneh gae kabeh. Langsung pas iku aku kelingan lapis legite ibuk. Ambu spekkoek-e moro-moro keambus, yo, nang alam khayalku dhewe. Aku yo kelingan meseme ibukku sing manis koyok lapis legit tapi onok rahasia sing didhelikno. Esem sing gak bakal isok tak dhelok maneh! Gak let aku mbrebes mili maneh. “Duh, Gusti Allah, mugi Suwargi Ibuk tentrem dumateng sisih Njenengan.”

Moro-moro aku kelingan!
Molai tak tompo kotak ambek surat iku aku gak tau mbukak blas! Aku sik nyimpen kabehe. Udan nang njobo dueres, gledhek sepisan-pisan mak jleger. Aku buru mlebu kamarku, nggoleki rong barang iku. Aku meh lali tak dhekek nang endhi kotak ambek surat tinggalan ibukku iku. Ah! Ketemu! Surate sik utuh! Ganok sing rusak. Aku ndhekek nang slorokan lemariku dhewe ambek posisine mojok, dadi mek gak kethok. Tak gowo kabehe nang ruang tamu. Suarane bledhek sing krungu saut-sautan ndhik njobo. Tak suwek surate alon-alon, tak tokno alon-alon barang isi surate. Atiku tambah ndredheg temenan, pikiranku mblakrak nang endhi-endhi. Tulisan tangane ibukku sik kewoco, apik temen. Abjad latin sing nyambung-nyambung koyok kembang ronce iku molai kewoco. Aku siap…opo ae isi surat iku. Surat iku nggae boso Indonesia…

Ananda Anti yang paling ibu  sayang,
Sengaja ibu torehkan kata demi kata ini hanya untukmu. Ibu sangat menginginkanmu untuk mewarisi ibu sebagai pembuat kue lapis legit. Tetapi ibu tahu, semuanya butuh waktu. Hanya kamu nak yang benar-benar antusias ketika ibu membuat kue ini, padahal begitu sulitnya. Meski sempat menyerah, tapi ibu percaya nantinya kamu akan berhasil membuat lapis legit yang enak dan menularkan kenangan manis ini kepada keluargamu.

Lapis demi lapis yang ada pada lapis legit itu melambangkan kesabaran dalam berbagi. Aroma rempah yang kuat menandakan kesan indah itu akan selalu membekas, dan manisnya lapis legit menunjukkan betapa cintanya ibu kepada kamu dan saudara-saudaramu semua. Semuanya berpadu dalam kenangan manis, yang ibu harap kau turunkan kepada anak dan suamimu.

Bila siap nanti, ibu hanya minta tolong lanjutkan apa yang sudah ibu perjuangkan. Buatlah dengan sepenuh jiwa raga dan cinta. Cinta dan kasih semanis lapis legit itu.

Ibu

Mari moco surat iku, aku langsung nangis ngejer. Embuh opo’o diiringi ambek suoro bledhek. Aku kelingan ambek opo sing wis tak lakoni. Aku lali gae ngekei anak bojoku ambek sakubenganku kenangan sing manis sak marine ibuk tilar dunyo. Kejebak nang roso benci ambek getunku dhewe, kemedhan nggae lapis legit terus sing koyok mangan wayahku ambek keluargaku dhewe. Mesti onok ae sing kurang, aku pengen lapis legitku persis plek ambek enggene ibukku.

“Buk, aku njauk sepuro…sepuranono aku.” Pas nangisku wis molai mari. Koyoke ambu spekkoek molai nggudo awakku maneh, motoku langsung ngarah nang pawon sing wis pating jlentrek gurung tak ringkesi. Piring-piring ambek loyange yo gurung tak umbah…gak kober korah-korah ancene. Lapisan-lapisan soklat ambek putihe lapis legit iku koyok nyeluk aku gae nyacak maneh. Roso tresno ambek kasih iku sing gurung tak kekno nang lapis legit garapanku selawase iki. Aku janji gak bakal ngelalekno roso tresno iku…terus…aku kelingan maneh ambek kotak ireng iku. Tak bukake kotak iku, persis koyok sing biasa dilakoni ibuk.

Aku koyok kesirep!
Kotak ireng sing nggarai aku penasaran iku tibakno isie mek sak lembar kertas cilik sing wis nguning wernane…ditulis nggae ejaan lawas ambek mek ketulis sak kalimat thok.

Lakukan dengan penuh tjinta, manisnja akan meresap sampai dikalbu


Aku mbrebes mili maneh. Iki rupane resep rahasiane ibukku! Ambu spekkoek iku molai kroso maneh nang batinku. Kenangan manise iki kroso banget. Aku janji ate nurunno kabeh iki nang anakku Sinta, ambek bojoku sing paling tak tresnani.

Lambeku moro-moro kroso legi. Atiku yo kroso legit. Koyok lapis legit iku.


Diterjemahno tekok naskah aslie

2 Desember 2012

Bambang Priantono

Sumber ilustrasi gambare tekok kene 

8 komentar:

  1. Kathok iku tegese opo seh? Dudu celono alias serwal yo?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Lafale katoq tan...artine menyerah

      Hapus
    2. Oh ngono, suwun yo, aku dadi biso belajar corone wong Wetan. Soale angger aku ngobrol ambek nak ndulurku sak anak-anake sing lair gede nok Malang sok akeh sing gak nyambung blas hehehehe.......

      Hapus
  2. apik iki, sam, onok pesen-pesen hikmah sing dalem.

    BalasHapus
  3. Aku dadi eling karo critane Kungfu Panda.

    BalasHapus