Senin, 03 Desember 2012

(Gedabrusan PojokLambe) : Gak Usah Rame-Rame Rek

Assalamualaikum

Sugeng Sonten dherek kabeh

Pojok Lambe mbalik maneh nyorat-nyoret nok bloge sing saking suwine gak diutik sampek lali bancakan umure sing wis setaunan luwih. Kakean mblakrak utheke yo dadie ngene rek. Hahahahaa...

O iyo se, aku lali. Aku gurung ngekei slamet gae pemain timnas Indonesia, sing masiyo kalah ambek timnase negoro tonggo sedhulur tapi sik pancet ngethokno ajine dadi kebungahane bongso Indonesia. Aku ngerti lek mesti antarane 2 negoro iki onok ae masalah, embuh masalah sing budayae, opo soal sing cekeremes koyok gurem nok susuane pithik sing seneng angkrem (lek onok endhoke yo tak jukuki, enak..oleh endhok gratisan). Aku yo ngerti lek onok media sing ngwartakno lek suporter tonggo sebelah yo onok sing misuhi kene pas ate tanding. Mestie yo akeh sing mecungul sungute pas krungu warto iku, tapi kudu dieling barang rek, yok opo pas dubese dibalangi tembelek ambek dicerak-ceriki sampek sak isie drenten (bonbin alias kebon binatang) metu kabeh (plus nggarai kewan-kewane purik kabeh...molai gajah sampek semut). Muntap? yo mesti muntape! Cumak iku kene yo kudu mikir sing wasis.


Gak usah rame-rame rek...
Perkoro Indonesia kalah nok piala AFF iku gudhuk masalah sing kudu digedhe-gedhe'no. Opo'o? Lek jareku dhewe, masiyo akeh pemain naturalisasine, paling gak timnas wis nyacak sak kuwate awake. Yok opo yok opo kudu tetep diregani lan diajeni. Saking uakeh wong kene sing akhire golek wedhus ireng (padahal akeh), nyalahno kono kene, malah sampek maidho-maidho mblakrak sampek idhune muncrat-muncrat koyok kuah soto Lamongan senenganku. Awake dhewe kakean golek sopo sing salah, gak onok niatan gae ndandani sing luwih apik. Persis lek diarani akhire nyalahno tonggo sebelah. 

Gak usah rame-rame rek...
Kene wis kakean dipontal-pontal ambek masalah sing sakjane gak mbulet tapi ujug-ujug digae mbulet koyok susur. Lek soal timnas iku, serahno ae ambek penggede-penggedene, plus ndungo cek ndang mari kabeh masalah sing diadepi. Aku gak seneng bal-balan ancene, tapi yok opo yok opo gatel cangkem pingin nunut nggedabrus nok kene. Kene dandani njerone sik, kaet isok komentar sak deg- sak nyeg nok njobo. Kene mek isok komen sing elek-elek thok se...iku sing paling mbencekno.

Gak usah maidho ambek paidho-idhoan, polae iku malah nduduhno nek kene podo ae....podo eleke. 

Gak usah rame-rame rek...
Sing penting ayo podo noto awake dhewe-dhewe. Kene ojok mek bengak-bengok opo sing isok dikekno negoro nok kene, tapi....takok barang..Opo sing isok tak kekno nok bongso ambek negoro iki. Timnas iku yo nggowo jenenge negoro, masalah opo ae sing ngganjel ojok mek dipaidho dhoh dhoh (sampek muncrat rek). Urip sing onok ajine, lakoni sing diisoki, insyaallah mesti awak peno isok majokno bongso iki. Ngesakno rakyat lek kene ruwet karepe dhewe..cekno sing penggedhe iku. Kene sing penting ndungo cek bongso iki tambah kuat, duduhno nok bongso liyo lek kene sik nduwe aji. 


Gak usah rame-rame rek..ayo mlaku!

031212

8 komentar:

  1. Wasis iku opo yo? Aku weruhe, Wasis iku asmane bapake mbak Maya bunda3F kae, sing profesine pengarang.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wasis maksude wicaksono Tan..hehehehe..embuh opo waskito..

      Hapus
    2. Oh iyo iku aku yo eruh kok.:-D

      Hapus
    3. bundaaaa, suwuuun yooo, kog yo iling ae karo jenenge mertuaku *uupps suroboyoan detect, maaf bunda kalo tdk sopan ^__^

      Hapus
    4. E-alah...... aku kok malah konangan sisan :-(

      Isin ah, saiki arep mingslup maneh ae hehehehe......

      Hapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus