Rabu, 05 Desember 2012

(Gedabrusan PojokLambe) : Kangen Siaran Pojok Kampung

Yah mene iki, moro-moro aku dadi kelingan acara Pojok Kampung maneh. Acara siaran boso Suroboyoan sing ditayangno ndik JTV mben jam songo bengi iko lho....sing penyiare uayu-uayu tapi coro omonge medhok gaya Suroboyoan (masiyo lek jareku gak cetho). Sing paling tak eling lek penyiare sing paling senior pas iku, Ning Festin Rohring...hehehehe..

Sugeng ndalu dherek yok opo kabare riko kabeh..terus ditutup ambek parikan gaya Ludrukan sing pas banget. Aku ngerti acara iki yo wis sepoloh taunan, ancen kethoke ndeos ambek wagu lek tak tontok pertama kali. Bosone pas iku sik kasar temenan, opo maneh ditambah kata-kata sing nang kuping dhewe vulgerr...yo be'e pas iku gurung nemokno format boso sing tepak yo? pas pertama kali mecungul nok tipih, Pojok Kampung sempat nggarai rame-rame sampek mlebu koran. Opo'o? Sing protes akeh-akehane wong-wong tekok Jawa Timur sisih kulon ambek Jawa Tengah sing bosoe luwih alus. Pojok kampung iki dianggep kekasaren digae siaran warta brita.

Lek jareku dhewe se mbiyen-mbiyene program siaran Pojok Kampung iki yo tak arani kasar, tapi yo lucu. Lucu polahe opo? Gurung kulino ngrungokno boso Jowo dialek didadekno muatan siaran. Ambekan jare POJOK KAMPUNG iki salah siji program brita pertama nang Indonesia sing nggae boso Jowo, Jowo dialek maneh, gudhuk boso Jowo ala Solo-Jogja sing diarani boso Jowo baku utowo standar. Tapi lek tak matno suwi-suwi yo enak-enak ae kok nontok Pojok Kampung iki. Lha sing kocak maneh, film-film lawas embuh film Hollywood, Cino opo Bollywood nok JTV disulihsuoro nang boso Etanan iki. Dadi ngakak ae ngrungokno Chuck Norris misuh-misuh gae coro Etanan iki...opo Shah Rukh Khan ngrayu-ngrayu nang film nggae boso iki, krungune malah nggarai ngakak sampek rasane weteng kram. 

Mari aku pindah nang Semarang sing logate seje ambek logat enggenku, aku malah kroso bangga dadi Arek Jawa Timur. Yo ngono palingo yo, lek adoh tekok kampung kaet kroso...hahahahaha. Mesti lek nonton siaran Pawartos Jowo nang televisi-televisi kene ngono dadi kelingan Pojok Kampung. Bosone cetho, gak kathek kembang-kembangan ambek masiyo wis rodok dialusi, tapi sing penting ciri khase sing Arekan pancet gak ilang. 

Aku guduk anti ambek boso Jowo Standar, iku gae titik tinemu antarane kabeh logat nang boso Jowo...tapi yo gak salah lek kene nduwe hak sing podo gae ngangkat budayane dhewe-dhewe. Masiyo podo Jowone, seje-seje iku mesti onok per enggene. Ancen saiki boso Jowo opo maneh sing dialek keincim ambek boso nasionale dhewe, ditambah boso monco sing paling top yo opo maneh lek gak boso Linggis, eh Inggris..tapi masiyo thithik-thithiko, sing penting podo nglestarekno boso iki...Eling-elingo rek, boso iku dadi tengerane siji bongso. 

Aku yo suwun pol ambek Pojok Kampung. Opo'o? gara-gara program iki, aku malah nggae blog iki. Sing ancene 100% nyacak gae logat Etanan. Sing protes yo akeh, polae nggae boso planet antah berantah jarene...tapi iku kabeh gak penting se. Aku maklum ae sing moco gak cumak wong Jatim ae, tapi yo tekok endi-endi, dadie yo wajar ae lek protes iku kadang mak mecunguk, ambek mbejendul. Inspirasiku nggae PojokLambe iki wis gak isok digonta-ganti maneh. Iki wis dadi identitasku, ambek mbiasakno nulis nok bosoe dhewe...sopo ae isok kok. 

Suwun sepisan kas gae Pojok Kampung JTV...nggarai kangen ae, cek ndang mudik, nontok maneh mben dino pas preian dhowo...


Sugeng sonten
Nedho nrimo



10 komentar:

  1. Cobo sih ditulisno contone iku kalimate koyok opo? Penasaran aku.

    BalasHapus
  2. Aku yo nek ndhelok kadang kudu nguyu ngrunokne, seh rung kulino mas hehehe

    BalasHapus
  3. Lah lek Mak Bongky yok opo pak..?
    Ngekek'i inspirasi pisan opo gak..??
    Lek aku biyen paling seneng nontok JTV pas siarane Mak Bongky iku..
    Iso kepingkel-pingkel ngguyuku..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahahahaha....
      Ngekei inspirasi gawe ngakak ngakak....

      Mantra2ne sing paling nglucukno

      Hapus
  4. Aku sepisanan yo kroso aneh pisan. Ora kulino soale. Ning malang ae pertama kali yo kroso kasar pisan. Suwe2 biasah,,,

    BalasHapus
    Balasan
    1. Podo ae pas aku pindah mrene..nang kupingku wong Semarang iku kroso sik alus, tapi sik lumayanlah timbang kealusen..gak srantan ngrungoknoe...hehehehe.

      Hapus