Minggu, 16 Oktober 2011

(Crito Sambung) : PASAR (1)


Wis rong dino iki bojoku loro, dhe’e sampek gak isok tangi tekok dipane. Winginane awake puanas sing pas tak prikso ambek termometer ngantek 39 drajat. Gara-gara iku, dhe’e gak iso nglakoni aktivitas koyok biasane, sawetoro aku dhewe yo ruwet ambek gaweanku nok kantor. Kathik kene sik ganok anak, tapi yo mosok isok aku ngladeni kabehe, kerjoanku ambek ngramut bojoku sing gering. Wis digowo nang dokter wingi sore, jare dokter ancen bojoku kudu istirahat total nang omah.



Awan iku..
“Mas, aku njuk thulung yo.” Jare bojoku masiyo suarane lemes, panase wis molai mudun.
“Iyo dhik, opo iku?” saurku ambek meres banyu gae komprese
“Mas, isok gak nggenteni aku blonjo nang pasar sementara iki? Rasane sirahku sik abot ngangkate.” Ujare ambek mbenakno posisi awake cek penak.
Uaduh! Yok opo iki? Sakumur-umur aku gak tau dhulin nang pasar. Molai cilik aku ancene gak tau dijak ibu nang pasar, kathik ndelokno menungso sing nyemut ambek dhusel-dhuselan ae wis nggarai sirahku mumet. Bapakku mesti ngomong lek lungo blonjo nang pasar iku urusane wong wedhok, sampek akhire nganthek aku rabi iki gak tau blas ngancani bojoku nang pasar. Opo ae tak lakoni asal ojok nang pasar!

Tapi saiki aku kudu mrono. Yok opo iki?

“Yok opo mas? Isok a? Bojoku ngewasno aku sing kethok bingung iki ambek sunar motone sing nggarai aku tibo tresno ambek dhe’e pas ping pisan ketemu. Tak cekel ae tangane, aku mek mesem..mesem sing tak gawe paling manis ambek mantuk ngiyakno, masiyo sakjane aku wegah. Yo, timbang ganok sing dipangan, ngesakno bojoku, mosok tuku nang njobo terus.

“Suwun yo mas,” bojoku kethok ngerti. “Catetan blonjoane onok nang pawon, sampeyan goleken ae nang ndukure mejo mangan. Kabeh wis tak cepakno.” Ujare. “Sepurane mas, aku sik gurung isok ngladheni sampeyan.” Ambek mbenakno kompres sing rodhok mengsle nang bathuke. Ambek nggowo baskom isi banyu kompres, aku langsung mlebu pawon sing ngrangkep mejo mangan iku. Resik masiyo gak mewah magrong-magrong. Aku mesti mbayangno iku pawone astana kraton sing wah, soale bojoku paling pinter mbenakno iku.

Bener, onok kertas sing rodok lungset nang nduwure mejo mangan sing kosong iku. Aku moco isine.

Mas, thulung tukokno iki yo : ati, uthek, jantung. Sithuk-sithuk ae yo. Suwun.

Ah! Gak salah tah iki? Kok aneh ngene penjalukane? Biasane dhe’e gak tau masak jeroan ngene.  Aku ndelokno sak isine pawon. Aku mbukak lawang kulkas. Bayem, kangkung, timun, wortel sik onok kabeh. Sik lumayan seger masiyo wis telung dino iki gak diutik-utik polahe sing nandangi gering. Hmmm…aneh. Aku meneng sedhiluk terus metu tekok pawon. Bojoku wis turu sakmarine ngombe obat sing tak tuku winginane.

Aku bingung ambek nyekel kertas iku. Pas ndhelok jam..Masyaallah! wis jam 8 isuk! Pasare selak tutup! Tapi pasare nang endhi? Aku gak apal dalan nang pasar. Ate takok bojoku, dhe’e wis turu mak bles. Embuh wis..pokoke aku kudu golek pasar sik. Soale kontrakanku ambek pasar jarake lumayan adoh. Pasar kaget sing biasa diparani bojoku yo wis kukutan yah mene. Dadi aku kudu nang pasar sijine sing luwih gedhe. Aku cepet-cepet nggae jaketku sing nyantol nang mburi lawang, terus nyepakno sepeda montorku. Ketepakan aku njaluk cuti polahe ngramut bojoku iki.

Tapi pas iku, aku nemokno kertas siji maneh sing nemplek nang lawang. Kertase cilik, podo ambek sing tak temokno jang mejo. Aku moco maneh..

Mas, thulung tukokno barang-barang iku nok Pasar Jambe

Pasar Jambe? Pasar iku sak eruhku uadoh! Karepe opo se bojoku iki? Tak jupuk kertas iku terus aku metu tekan omah. Srengenge molai munggah, dalanan tambah rame ambek menungso. Yok opo-yok opo tetep budhal..aku nyetir montorku nggoleki Pasar Jambe, embonge kebek ambek kendaraan sing liwat.  Moro-moro, onok suarane ibu-ibu njaluk thulung.

“Maling! Maliiing!! Maliiiiiiinggg!!!!!”


Mbèn disambung

2 komentar:

  1. Cak ono sing salah tulis

    “Mas, isok gak aku blonjo nang pasar sementara iki?

    mestine po duduk ngganteni?

    BalasHapus
  2. O iyo..yo..suwun koreksine...hehehehe

    BalasHapus