Rabu, 19 Oktober 2011

(Crito Etanan) : Kawinan Bendoro

"Cak Rus, aku pengen nek kawinane awake dhewe koyok Kanjeng Bendoro iko" jare Sulastri mari ndelokno acara TV ngunduh mantune Sultan Hamengku Buwono X.
Ruslan mek ndelokno ae calon bojone iku, ketepakan dhe'e yo lagi dulin nok omahe Sulastri sing gak patek gedhe tapi resik iku.

 
"Enak yo, acara kawinane awake dhewe digae koyok iku, rasane koyok ratu sehari.. Deloken...jian uapik polll yooo" Sulastri ambek mesam-mesem mbayangno dhe'e nggae klambi koyok Kanjeng Bendoro sing ditontok nok TV iku.
"Lha kan awake dhewe iki gudhuk wong nduwe Ti", jare Ruslan ambek nyeruput kopine. 
Sedhiluk, Ruslan ambek Sulastri meneng, sik ngematno acara kirab kawinan nok TV.
"Cobak bayangno ae wis, pirang M sing ditokno gae acara ngono-ngono. Terus gurung acarane yo sampek telung dino muput. Kan yo ngesakno kan?" moro Ruslan ngomong.
"Kesel yok opo Cak?" Sulastri bingung ambek mbenakno jilbabe.
"Sing teko kan yo wong kakap kabeh. Opo maneh trahe kono ancen kraton, lha kene? Trah opo? Trasi?" Ruslan nambahi maneh. 
Sulastri ngguyu nggegek.
"Lha kan sing teko onok Presiden ambek duta besar, duh..sunggo'o ngono yo Cak isok koyok ngono." Sulastri mbalik mbayangno.
"Mimpi maneh rek!rek! wong lek awake dhewe kawinan ae Pak Lurah teko yo wis suenenge soro kok". Acarane meh entek.
"Paling nggak kan sekali seumur hidup Cak." Sulastri nambahi kopi maneh.
"Iyo se, tapi sing penting ijab qabule sah. Gak usah model mbulet-mbulet. Soale jamane susah saiki." Jare Ruslan.
Sulastri ngimbuhi "He-eh i, kok koyoke tambah ruwet ae, ketambahan menterine digonta-ganti ngono, nggarai mumet. Lek Sultan mantu slamet ngono ae..mugo dadi keluarga sakinah ae yo..Soal negoro? mumeeett..iki ae sik mumet ngitungi sopo sing ate diundang e."

"Yo wis lah, podo ae lek kene nggatekno wong nduwur2..gak kiro mari-mari engkok. Korupsine sak jinah-jinah..sik mendingan ala Kraton ngono lah. Lha kene sing penting wis siap lahir batin, perkoro rame gake kan karek ngundang Pak RT ae." mari ngono meneng semenit rong menit.
"Sing penting kan masiyo gak mewah, tetep rasa ala keraton" jare Ruslan ambek njiwit alus Sulastri
"Lha sampeyan atene ngundang sopo Cak lek kene kawinan engkok?" takok Sulastri.
Meneng sediluk, barek ngono Ruslan njawab
"Ayu Ting Ting"
Ting!!!!! langsung Sulastri nguncal kacang godog sak gegem nang Ruslan.
Loro-lorone ngguyu cekekan nganthek wetenge kram.


Pojok Lambe 2011


10 komentar:

  1. Mas Bams, sugeng ndalu :)

    Lha iki ceritane pasti terinspirasi jeng Reni dan mas Yuda....hehehhhe

    BalasHapus
  2. Woiiii...., kok ngundhuh mantu sih? Lha mantene putri iku dudu putrane Kanjeng Sultan tah cak?

    BalasHapus
  3. Wooo...
    Iki critane Ruslan Priantono taa...?
    :)

    BalasHapus
  4. Nek iso, ojo ngundang Ayu Ting Ting, mesakne tamu undangane, kesuwen leh nunggu, Ayu Ting Ting e ga teko-teko, nyasar terus je....:)

    BalasHapus
  5. Tante Jullie : jenenge wae fiksi tan..matur nuwun yoo

    BalasHapus
  6. Abi Sabila : Mangkane dikei alamat palsu :)

    BalasHapus