Minggu, 09 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : BONDET


Sak eruhku, bondet iku istilah gae bom iwak sing bahane tekok karbit. Biasae digae poro nelayan cek oleh iwak sing akeh. Tapi dampak eleke yo nggarai terumbu karang rusak kabeh ambek papan panggonane poro iwak sidoajur (guduk Sidoarjo lho yo). Sakjane bondet kan wis gak oleh digae, tapi yo ngono jenenge menungso, pingin olehe akeh wegah susah susah, yo wis lek gak gae bondet yo racun.


Lha nek mbondet bedo maneh. Eling-eling salah siji rubrik Koran Jawa Pos jaman taun 90an (nah, sampeyan-sampeyan arek Jatim sing tau ngrasakno era 90an mesti ngerti). Rubrik iki paling favorit nang jamane, yoiku Opo Maneh. Isine akeh-akehane soal-soal mambu seks. Molai tekok perselingkuhan, perkosaan, sampek tau mbahas soal incest (sumbang mahram jare wong Malaysia). Lha lakone mesti sing lanang disamarno jenenge dadi Bondet , lek sing wedhok dadi mawar, melati tapi paling gelek yo ciput. Lek moco rubrik iku mesti aku ngguya-ngguyu karepe dhewe koyok wong sarap. Soale kemasan critane lucu masiyo mek nylempit nang pojokane koran.

Bondet dicritakno macem-macem. Sing ngeloni bojone wong lah, ngetengi anake wong, ngipik-ipik lah, wis pokoke sing elek-elek dimbrekno nang lakon sing disamarno dadi Bondet iki. Akhire yo mecungul istilah bondet sing artine isok playboy utowo wong sing senengane wedhokan. Lek tingkah polahe yo diarani mbondet. Jaman saiki yo bondet iku diganti istilae, isok keong racun isok tekek belang opo misan bedhes buntung ae yo cek mantep. Hehehehehe.. Lek mbondet sakjane gak mek arek lanang thok, arek wedhok yo isok ae mbondet soale jaman saiki wis bosen dadi Mawar, Melati opo Ciput. Emansipasi rek! Tapi yok opo-yok opo Mbondet yo gak apik, ngesakno sing dadi korban gombalane riko engkok.

Lek bojone sampeyan ketemon mbondet yo uncali ae ambek bondet..hehehehe, sori guduk ngajari elek lho rek. 

PojokLambe 2011

4 komentar: