Rabu, 12 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : DUNGO

Gae opo kene podo gelut karepe dhewe
Lek akhire sak kabehe ajur dadi bledug
Gae opo kene podo ngurus egone dhewe
Lek akhire iku ngrusak tatanan urip
Saiki kabeh golek slamete dhewe-dhewe
Gak mikir opo sing kedadian ngarepe

 
Terus ate diapakno lek kabeh nurut karepe dhewe-dhewe
Nok endhi kabeh roso paseduluran
Gak nok alam nyoto, gak nok alam maya
Kabeh podo ae
Sikut-sikutan, golek bolo sing akeh gae kepentingan dhewe
Jegal-jegalan, iku wis biasa
Koyok kapal, lek wis ate klelep podo golek slamete dhewe
Duh Gusti, opo iki kasunyatane urip
Diisi ambek menungso biasa sing lek apik luwih mulio timbang malaikat
Lek bejat luwih njeblok timbang kewan kelas ngisor
Duh Gusti, mugo dislametno tekok kedadian sing nggilani iki
Wong-wong sing sak karepe dhewe
Mentingno wetenge dhewe
Tapi nylakani liyane
Nyuwun diadohno
Amien

PojokLambe 2011

6 komentar:

  1. amin , semoga di ijabah alloh yo mas doane

    BalasHapus
  2. Duh Gusti... saestu, kulo nggih njaluk ngapuro.

    BalasHapus
  3. sing penting yen ndonga kudu khusyu karo gusti Allah...
    aja nggo dolanan,aja guyonan aja asal asalan.
    ndonga ya mesti dibarengi ati sing ikhlas,legowo ben bisa di trima gusti Allah.
    Tak dongakna, muga muga doane kowen di kabulna Gusti Allah...Amin....

    BalasHapus
  4. Mandar mugo kene iso ikhlas ndungone..amiin

    BalasHapus