Selasa, 04 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Lanang Pacakan?

Kamuse
Pacakan = dandan
Macak = berdandan, bertingkah laku
Melk = lotion (boso jaman ndisik)

Lek jaman mbiyen, macak iku gaenane arek wedhok thok. Wong lanang? waduh isok diarani wandhu, bencong, mbanci lan sak panunggale. Istilae arek lanang iku kudu macho (mantan cowok? wakakakaka...kliru rek, guduk iku), gak macak, wis pendhekane sing alami-alami ae (alami mambu lebuse? glodakk). Sepuluh taun ndisik sik gurung akeh produk-produk pacakan (make up) gawe wong lanang, paling pol mek deodorant gae oser-oser kelek, utowo parfum lanang. Paling onok yo lengo rambut, ambek titik-titiko sampo lanang (brisk ambek clear lek jaman mbiyen).

Bareng ngono Cak Beckham mopulerno istilah sing diarani METROSEKSUAL. Macak mbois, wangi ambek seger. Lha mari ngono, istilah Metroseksual molai misuwur gondho arum sak paran-paran, gak kecuali nang Indonasuwa iki. Wis tambah akeh arek lanang sing tambah mbois. Nggatekno kesehatan awake sak jero-jeroane barang. Molai rambut, kulit, untu, moto sampek yo iku lah..gak usah omong maneh, riko mesti eruh. Kadar Metroseksuale yo macem-macem. Onok sing biasa-biasa ae, sampek onok sing alat macake ngalah-ngalahi wong wedhok sing kadang isok diarani maho (bosone arek Kaskus). Tapi yo ngono iku pancet ae ndelok-ndelok wonge.


Saiki delok ae nok Supermarket ambek toko-toko. Wis jlentrekan kan produk-produk gae wong lanang? Saiki merek-merek kosmetik sing notabene gae wedhok yo wis onok versi lanange. Cacak ae, molai tekok Biore (wis molai jaman aku nom onok biore man), terus barek ngono L'Oreal, Vaseline, Gatsby,  Olay, wis pokoke akeh lah. Produk tekan melk, sampo, sampek pembersih muka ambek krim pencerah kulit. Wuaduh! sampek onok barang produk pencerah kulit gae wong lanang. Gak gelem kalah ambek wong wedhok rek saiki. Hehehehe..Karek milih endi sing cocok ambek selerane plus ambek dhuwike.

Tapi gejala ngono iku yo gak usah diwedheni, biasa ae...wong yo pengen kethok resik, wangi ambek bagus kan? Cuma sing penting gak lebay ae... Oleh mbois tapi onok batese ambek gak nglabrak bates kodrat dadi wong lanang. Lek lanang macak (asal gak lebay) kan sing ndelok seneng. Minimal klambiane rapi, gelek ganti ambek gak penguk iku iku yo wis apik.

Yo wis, iku ae lah....macak sing mbois sing penting gak lebay


Pojok Lambe 2011

16 komentar:

  1. sebagai perempuan yang memandang laki-laki keren, bersih, dan wangi ... waaahhh ... itu juga sangat seksi lhooo ... hihihihihi ...

    hidup metrosexual!

    BalasHapus
  2. Wekekekekekekekeke....hiduuupp waeeeee

    BalasHapus
  3. mending mas beckham deh daripada miss igun yg gemulai..

    Eh cowo dandan wangi looh, n keren lagi :Dmending mas beckham deh daripada miss igun yg gemulai..

    Eh cowo dandan wangi looh, n keren lagi :D

    *teskomen lwt hp

    BalasHapus
  4. Hehehehehe..bisa kan? Miss Igun kan lain kasus gituuuu

    BalasHapus
  5. Hey cak, wis baliyo ndek omah lawasmu ae sih.

    Lak po isih ngladeni komen nggo coro Indonesiyah? :-P Gak ilok lek ndik kene.

    BalasHapus
  6. wahh. bunda punya blogspot juga to? hhe...
    iyo mas. balik nang mp ae. aku rodo bingung karo interface e nang kene..btw sampean metroseksual sisan ta? :Dwahh. bunda punya blogspot juga to? hhe...
    iyo mas. balik nang mp ae. aku rodo bingung karo interface e nang kene..btw sampean metroseksual sisan ta? :D

    BalasHapus
  7. Tante : Hahahahaa...lek komen diladeni ae Tan. Sik pengen mrene kok

    BalasHapus
  8. Haryo : Iki komenge kok dobal dobel ngene yo...*Gak mbalik sik nang omah lawas*

    BalasHapus
  9. saiki lek ga macak ga nyetil Bes

    BalasHapus
  10. Oyi jes..Wong mbah2 jaman mbiyen ae lengo klentikan gae noto rambut kok cek mbois

    BalasHapus
  11. ooohhh. eror mas no, g omah lawas g omah anyar podo aneh e.. :p

    BalasHapus