Rabu, 05 Oktober 2011

(Pojok Lambe) : Sedot WC, Sedot Gajih & Sedot Pulsa


Sedot WC akeh dibutuhno polahe wong-wong akeh sing nok omahe nduwe WC bermasalah. Embuh WC-ne buntet, sapitenge wis kebek ambek dicor sampek gak iso nyerap dadie yo wis nggarai lele kuning mecungul nang jamban gak iso diglontor maneh. Nah lek wis  ngono karek nelpon spesialis sedot WC wes ewes ewes  bablas masalahe. Perkoro nang endhi lele kuninge dibuak yo iku urusane ahli sedot WC iko. 


Lha terus yok opo ambek sedot gajih?  Yo sakjane podo ae rek, podo nyedote tapi sing disedot iku gajih. Gajihe sopo? Gajihe sing nduwe dhuwik uakeh sak embong-embong. Tapi operasi sedot gajih iki yo kudu akeh persiapane, molai jasmani nganthek rohani iku kudu dicepakno, soale operasi iki yok opo yok opo mesti onok resikone nang awak. Operasi sedot gajih iki yo dilakoni ambek wong-wong sing gak gelem soro olahraga, gak gelem ngoyo marani pusat kebugaran, wis pendhekane nggae dalan tikus rek (tapi emane guduk tikus asli se..hahahah). Ngilangno gajih yo mesti, tapi yo iku suoro puol ambek ngguak dhuwik uakeh. Titi DJ ambek Nona Igun ngaku tau nglakoni iku.

Terus yok opo cak ning ambek sedot pulsa? Hlaaa..iki sing saiki lagi panas-panase diomongno wong-wong, mbuh nok jagad nyata utowo jagad maya (guduk maya estianti lho yo..catet). Riko tau gak nrimo sms-sms tekok nomer sing gak dieruhi? Sing misale ngongkon klik nang pranolo-pranolo koyok gossip terus sing iming-iming hadiah? Lek iyo, ancen kudu ati-ati, polahe saiki gak sadar (kadang ngantek sudrun) kene isok kepangan ambek janji-janji sing ndrawasi mburine iku. Gak sadar pulsane kene wis kesedot dot. Malah lek di unreg gak onok menune, dadi pulsane terus kesedot mben dinoe..wis ngloproh temenan wis sampek onok sing kepekso ngganti nomer hapene.

Sakjane soal sedot-sedotan dhuwik liwat hape ngono wis tangeh kedadiane. Molai jaman “Mama minta pulsa”, “Mama lagi di kantor polisi”, nyampek “minta transfer ke nomer rekening BNI atas nama Siti Markiyem” iku wis uakeh. Tapi lek sing mambu-mambu hadiah iku sing nggarai kene kejiret ambek sedot-sedotan pulsa. Sampek-sampek yo rek, poro mahasiswa nok Jakarta podo demo nang salah siji providere telepon seluler polahe sedot-sedotan iku.

Dherek, perkoro sedot-sedotan pulsa iki akeh sing mbedhek lek iku dilakoni ambek poro penjahat kelas canggih sing manfaatno teknologi gae perkoro haram koyok iko. Contoe koyok kasus nang LP Sumatera Utara, sing poro napine njekethek akeh sing nglakoni kejahatan nyedot pulsa. Malah onok sing ngarani iku kongkalikonge poro operator seluler sing ngedol nomer pribadi langganane. Gak eruh endhi sing bener, sing jelas rakyat maneh sing kenek. Wis kenek perkoro kiwo tengen nduwur ngisor ruwet koyok bola ngruwel, eh gumintene yo ualon pol lek nindak masalah iki. Mosok Menkominfo kaet nggae tim ngurusi masalah iki.
Nah, yok opo terusane ludrukan sing gak lucu iki? Wis thelekono ae nok saluran telepisi nang omahe riko dhewe-dhewe. Kudu ono tindakan cepet sing ndang dilakokno guminte Indonesia gae ngadepi perkoro sing gak mari-mari koyok ngene, iki kudune Menkominfo sing nglakoni ojok mek ngurusi sing BB++ ae polahe iki wis nyangkut percayane masarakat. Wis dhuwike entek gae ngono-ngene sing saiki tambah luarang, eh…pulsae kesedot koyok sedotan WC ae..wis tambah nangis ngejer ala Ndollywood..eh Bollywood. Ayo, marekno masalah iki cek gak mbulet ae koyok mie kruwel. 

Sedot WC, Sedot gajih ambek sedot pulsa sakjane podo ae..podo-podo nyedote. Fungsine podo nyedot sing elek-elek..sedot WC nyedot isine sapiteng, sedot gajih nyedot gajihe awak, lah lek sedot pulsa nyedot dhuwike wong-wong nggae coro sing haram. Lha saiki wong-wong podho bangga ambek dhuwik haram e, yok opo isok maju negorone lek carane koyok ngene rek? Sik mendingan sedot WC lah, soale dhuwike kalal masiyo olehe nyedot barang sing nggilani. Yo wis lah, sing penting podo ati-ati ae lek nrimo sms sing gak jelas teko sopo, karek delete wis mari, ambek kudu tetep waspodo polahe kejahatan koyok ngene bakal terus genti-genti modele.

Pojok Lambe 2011

Kamuse
Thelek = golek, cari
Kaet = nembe, tas, baru saja
Cek = ben, supoyo
Guminte = pemerintah (teko kata gemeente)
Polahe = amarga, karena
Sapiteng = septic tank
WC = wese, tandas (jare wong Malaysia)

9 komentar:

  1. Pertamax !!!

    Wah, vulgar tenan iki :)

    BalasHapus
  2. Wakakaka ndolywodddddddddd.....

    aku arep sedot kembang wae, dudu kembang lambe, tapi kembang Bank :P

    BalasHapus
  3. Thelek kuwi mau tak kiro tinja mas no.. heheheee :p

    Aku yo lagi kesedot pulsaku ben ulan iki, gara-gara RBT Gratis 1 minggu, tapi perpanjangan otomatis, g iso di unreg sisan.. --"

    BalasHapus
  4. Iki asline ga jaluk pulsa tapi jaluk banyu gae cewok coz mari kepeseng ga onok banyu,ne

    http://bookmarkq.blogspot.com/2011/10/tulisan-kocak-dibelakang-truk.html

    BalasHapus
  5. Haryo : hehehehehehee...makane iku. Podo..gak iso unreg ngga*** puoll

    BalasHapus
  6. Kamuse marakno sakit wetengku.. hihihihi.. nanging asiiiik...

    BalasHapus