Jumat, 02 Desember 2011

(Pojok Lambe Sabtu Kliwon) : Aksoro Jowo Siap Dilebokno Dadi Font Windows..Melok Bungah

Sugeng enjang dherek,

Wingi Jemuah, onok brita sing mbungahno ati, utamane gae wong-wong sing konsen ambek tresno ambek aksoro lan budaya Jowo. Ndhelokno nasib aksoro Jowo sing wis molai kukut polahe karek thitik sing nggae ditambah maneh lek jare arek nom aksorone mlungker-mlungker koyok ulo. Nang Kongres Boso Jowo kaping 5 sing dianakno nok Suroboyo tanggal 27 nganthek 30 Nopember winginane, Ki Demang Sokowetan salah siji pemerhati aksoro ambek boso Jowo njlentrekno lek mari ngene aksoro Honocoroko ate dilebokno dadi FONT-e Windows paling anyar, paling gak rong taun ngkas.


Iki dilakoni polae onok dukungan tekok UNESCO sing mandeng aksoro warisane Prabu Ajisaka iki kudu dilestarekno, polae wis tambah susut sing isok moco ambek nulis aksoro iki. Nah, diewangi ambek UNESCO mestie isok dadi tambahan kekuatan gae poro pakar piranti lunak sing pengen ngembangno maneh aksoro Jowo iki. Ki Demang Sokowetan yo njlentrekno maneh lek program sing diarani Font Ajisaka iki uakeh sing ngesir. Operator seluler barang yo pengen ngembangno cek wong-wong isok SMSan gae aksoro Jowo, terus barang uakeh ahli software tekok monconegoro sing pengen melok.

Tapi Ki Demang dhewe ngarepno lek peluncuran piranti lunak Jowo iki isok dianakno ndik Jowo ae, gak usah nok monconegoro. Lek pojoklambe dhewe setuju ambek melok bungah polahe aksoro Jowo iki masiyo nok daerah-daerah koyok Solo sik digae nang blabak-blabak embong, tapi gurung onok sensus sing isok ngitung onok piro se wong sing sik isok nulis nggae aksoro Jowo. Paling-paling lek digepuk roto ngono sing tuwek-tuwek ambek sing ancene minat pol ambek aksoro Jowo. Saiki jare Ki Demang Sokowetan, karek ngenteni pihak Microsoft gae nglebokno aksoro iki, soale lek wis mlebu, otomatis si Apel krowak alias Apple yo mesti melok.

Wis onok sakjane software sing nggae aksoro Jowo iki, cumak mugo-mugo lek wis mlebu Windows bakale luwih gampang gae wong-wong lek nulis opo ngetik. Mesisan gae nguri-uri maneh aksoro Jowo sing meh dilalekno ambek wong-wong Jowo jaman saiki. Diarepno, wong Jowo sakdunyo isok nulis-nulis ambek ngetik ambek aksorone dhewe. Mbuh Jowo Indonesia, Jowo Malaysia, Jowo Kaledonia nganthek dhulur-dhulur Jowo Suriname kabeh isok latian nulis Jowo luwih praktis lan gampang. Opo maneh jaman saiki kan jaman serba njaluk cepet. 

Yuk kabeh podo nyambut karo bungah opo sing diolehi tekok Kongres Boso Jowo kaping 5 iki. Oleh-oleh nyenengno soale ngenteni bakal mlebue aksoro Jowo nang Windows, dadi cek gampang gak usah repot-repot maneh mikiri coro nulise. Tapi sing penting yo iku....pancet nguri-uri lestarine boso Jowo sak aksorone.

Sugeng enjang
Nedho nrimo


Salah siji sumbere tekok iki
Sumber gambar tekok iki

Pojok Lambe
Sabtu Kliwon
3 Desember 2011

3 komentar: