Minggu, 19 Februari 2012

(Puisi Pojok Lambe) : Tandhak Bedhes

Gulune dirante
Diklambeni koyok menungso
Digowo nang endhi-endhi
Dikongkon nandhak
Kadang ndelokno yo nggegirisi
Kudu melok opo jare pawange
Sampek kadang disebet barang
Nandhak-nandhak meloki kendhang
Ditontok wong sak lapangan
Wayahe nggawe topeng reog yo nggae
Wayahe montoran yo montoran
Mareng ngono mubeng njaluk bayaran
Kadang akeh kadang thithik
Uripe bedhes tangkepan
Dipulosoro kadang siunge dijabuti
Dirante lan gak diramut sing nggenah
Padahal yo mestine uripe nok alas
Gudhuk nok tengahe menungso
Duh bedhes-bedhes sing ngesakno
Dadi klangenan tapi uripe nelongso
Akeh menungso sing njekethek koyok tandhak bedhes
Dieksplorasi, dimanfaatno tanpo roso kamanungsan
Kapan poro bedhes iki isok urip penak
Lan poro pawange iso oleh gawean sing layak
Cek gak kathik-kathik nyikso bedhes maneh

19 Februari 2012

6 komentar:

  1. "Dieksplorasi, dimanfaatno tanpo roso kamanungsan"

    lek menurutku: "dieksploitasi"

    BalasHapus
  2. bedhes dipakani kates
    banjur ditandhak
    nganti kringete ketes-ketes
    ditontok sakndayak

    BalasHapus
  3. kethek biyen sitik saiki nyerimpungi!
    Tuing2

    BalasHapus