Sabtu, 29 Oktober 2011

(Pojok Lambe Minggu) : Sumpah Pemuda, Sumpahe Sopo?

Tanggal 28 Oktober Jemuah wingi bongso Indonesia sakjane podo ngrayakno dino sing diarani “Sumpah Pemuda”. Sumpah iki ndhisike diikrarno ambek poro nom-noman tekok pirang-pirang organisasi agama, suku ambek golongan sing nyebar nang sak ubengane Nuswantoro. 83 taun ndhisik, Jong Java, Jong Sumatra, Jong Islamieten Bond, Jong Batak, Sekar Roekoen lan sak panunggale podo nglumpuk nok Jakarta (sing jaman iku sik diarani Batavia) gae melok Kongres Pemuda jaman ini. Asile dadi Sumpah Pemuda sing dadi salah siji dalan merdekane bongso iki.

1.    Kami, Pemuda pemudi Indonesia mengaku bertumpah darah satu, tanah  Indonesia.
2.    Kami, Pemuda pemudi Indonesia mengaku berbangsa yang satu, bangsa Indonesia.
3.    Kami, Pemuda pemudi Indonesia menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.

Sumpah iki sing digegem arek-arek sak Nuswantoro jaman iku gae nguatno solidaritas lan kesatuane, gak kathik mikir bedo-bedone SARA (suku, agama, ras, antar golongan). Sakjane sumpah iki sumpah sing adiluhung, polahe ndekek landasan utowo cita-cita luhur ndadekno bongso Indonesia dadi bongso sing merdeka tekok penjajah sing nyengkrem negoro pas iku.


Lek didelok, saiki-saiki roso semangat gae ngrayakno Sumpah Pemuda iki wis kalong kepangan jaman. Sumpah Pemuda mek keroso nang sekolah-sekolah ambek instansi-instansi guminte, soale nek dino-dino sing koyok ngono masiyo gak dilebokno dino prei nasional yo pancet diwajibno onok upacara bendera gae mringati iku. Sumpah Pemuda saiki-saiki mek digae slogan thok polahe, malah akeh sing lali opo gak eruh lek dino iku dino paling penting gae onoke bongso iki. Bulan Bahasa ae gak kethok abane, kurang promosi nang endi-endi, palingo sing eruh thithik soro, kalah ambek pemilihan-pemilihan gaya boyband, girlband, ambek bal-balan barang.

Ditambah saiki sumpah pemuda iki mek abang-abange lambe thok. Poro nom-noman saiki wis gak akeh sing mikir yok opo majokno bangsa iki, wis luwih individualis utowo mentingno golongane dhewe-dhewe ae. Gaya senggol bacok barang yo wis dadi crito dino-dinoan. Lha saiki sumpah pemuda iku sumpahe sopo? Sumpahe pemuda jaman mbiyen thok? Semangat gae ngrayakno iku ae wis meh ilang diganti sumpah-sumpahan dagelan politik nok Senayan kono sing nggarai lorone ati sing nontok.

Sumpah Pemuda saiki sumpahe sopo? Yo mestine sumpahe wong-wong sak Indonesia sing sik rumongso iki bangsane, gak mikir agamane, bosone, sukune, ambek golongane sing penting sik sak bongso. Arek-arek Indonesia saiki kudu mbentuk maneh solidaritas iku, opo maneh negoro iki saiki mlebu kondisi sing medheni polahe akeh dagelan politik ambek perkoro-perkoro sing ngincim persatuan lan kesatuan bongso. Bongso iki tibake sik gampang keprovokasi ambek sing mambu-mambu SARA (Suku, Agama, Ras, Antar golongan), iku sing dadi pe-ere wong-wong sak Indonesia saiki nek gak pingin ndelok bongso iki ancur.

Kabeh iku tekok pemudane. Kudu dikuatno sik soale lek pemudane kuat, negoro mesti kuat, lek pemudane bejat, negorone dadi bejat pisan.

Pojok Lambe 301011

Gambare tekok kene

4 komentar: