Rabu, 16 November 2011

(Pojok Lambe) : Perkoro 'JANCUK'

Sing gudhuk wong Jawa Timur biasane podho takok-takok, opo se Jancuk iku? Lek gae wong Jawa Timur utamane sing ndhik daerah arekan (antarane Gresik sampek Malang, ambek antarane Jombang sampek wetan mbablas), ukoro jancuk iki artine saru pol. Iku biasane digae misuh-misuh lek lagi muntap opo lambene gak isok dikendalekno maneh. Nah, kata jancuk iki yo gae wong etanan luwih get timbang asu.



Onok sing ngomong jancuk iku cendhekane jaran ngencuk. Biasane barang kata jancuk opo sing biasa diringkes cuk iki digae nang wong-wong sing paling cedhek, misale konco raket sing sak grup ambek wis podho kenal siji liyane. Lha kadang-kadang lek ketemu konco lawas, opo maneh lek sing cangkeme jebol gelek metu ukoro kromo inggilan (tepake se kromo jancukan) iki. Tapi lek samen (sampeyan) ngomong ukoro sakti iku nang ngarepe wong tuwek, opo maneh wong sing gak dikenal, isok-isok ditabok ambek disumpahi dadi Malin Kundang engkok.

Contoe pas ketemu konco raket (akrab) settingane Suroboyo : Hei! yok opo cuk kabare? jyancuk! nang endhi ae rek, sik urip a cuk! (ojok diterapno nang kenalan anyar, isok2 dikeplak ambek clurit engkok hehehe).

Lha kadang-kadang ambek wong-wong jancuk iki disamarno dadi ngene, iwak jaran sego pincuk. Tambah ngulon maneh dialusno dadi diancuk, tapi lek nang Ngalam (Malang) malah disopanno dadi jancik, jyancik opo jangkrik dadi gak krungu ofensif. Mbiyen, salah siji perguruan tinggi bonafid nok Suroboyo tau nggae semboyan CUK sing lek didhawakno dadi Cerdas Ulet Kreatif , tapi saiki wis digenti dadi CAK sing artine Cerdas, Amanah, Kreatif. Nok salah siji video karton Suro ambek Boyo yo akeh metu ukoro ‘kromo jancukan’ iku dadi sempat akeh sing protes polahe dianggep gak nggenah.

Aku yo kudu ngguyu nggegek pas eruh lek salah siji hotel nok Suroboyo ngetokno menu andalane yoiku Nasi Goreng Jancuk. Jancuk?? Gak salah tah iku rek? Aku se gurung nyacak, tapi lek nang promosine, saking puedese ambek guedene porsie sampek-sampek sing ate mangan misuh-misuh ‘jancuk puedese rek!’ hahahahaha…mosok ngono se? kapan-kapan tak nyacak.

Tapi yok opo-yok opo jancuk iku saru. Ojok ditiru ambek dijlentrekno sembarangan rek!



Pojok Lambe 2011
(gambare dijupuk tekok iki)

12 komentar:

  1. Nok endi sego goreng jancuk iku cak? malih pingin njajal pisan aku...

    BalasHapus
  2. jan-jane, ukara 'ngencuk' ki artine opo tho mas? Saru tho?
    Takon serius kih!

    BalasHapus
  3. Dianmardi : Nang hotel Grand Plaza Surabaya Mbak...jare porsine guede ambek puedes pollll..lek versi murahe cedek UNAIR jenenge Nasgor Iblis

    BalasHapus
  4. Mamah depin : ngencuk iku nek boso gaule ng****t

    BalasHapus
  5. Suwe nang Batam, rodok angel saiki ngomong khas misuh suroboyoan.

    BalasHapus
  6. moco iki bikin kangen boso etanan
    nglurusno maneh lidah sing kaku2 n akeh laline

    BalasHapus
  7. Monggo, nglemesno ilat sik nang kene..hehehehehe

    BalasHapus
  8. wahaha, nuwus tulisane sam. sak lawase blogwalking jarang moco tulisan etanan koyok ngene. aku sak lawase ngeblog nulis etanan yo mek siji-loro.

    BalasHapus
  9. moco postingan iki langsung rumangsa ndek malang aku, cak..

    BalasHapus