Rabu, 09 November 2011

(Pojok Lambe) : SUGENG DINTEN PAHLAWAN

SUGENG DINTEN PAHLAWAN..

Dino iki tepak tanggal 10 Nopember 2011, tepak sewidak nem (66) taun pristiwane arek-arek Suroboyo ngangkat senjata gae nglawan pasukan sekutu sing dibonceng ambek Londho sing pengen njajah maneh negoro iki. Perang 10 Nopember iki klebu perang gedhe pertama antarane pejuang Indonesia ambek tentara asing lan dadi perang paling abot, paling mangan akeh korban lan dadi simbol perjuangan revolusine bongso Indonesia. 


Jelase ngene, tanggal 18 September 1945 Londho ngibarno gendherone nang pucuke Hotel Yamato (saiki Hotel Majapahit), Jalan Tunjungan gak omong-omong ambek pemerintah RI nang Suroboyo, dadi perkoro iku nggarai arek-arek Suroboyo sing eruh gak trimo. Terus menene (19 September 1945), iku dadi wayah sing diarani INSIDEN BENDERA. Arek-arek Suroboyo podo nyerbu Hotel Yamato, nyuwek werno biru nang gendhero Londho iku ambek njarno sing abang putih. Ulah seglintir wong Londho iku diarani ngidhek-idhek kehormatane RI. Sakmarine iku dimolai perang cilik-cilikan antarane tentara Inggris ambek RI. Sing puncake kedadian nok Jembatan Merah tanggal 30 Oktober 1945 sing nggarai Jendral Mallaby matek. Inggris ngincim poro pejuang gae ngekekno senjatae tapi pejuang podho gak terimo, lan ultimatume tanggal 10 Nopember jam 6 parak isuk.

Nah, molai iku tanggal 10 Nopember 1945 pecah dadine perang pertama paling gedhe sak marine penjajahan Jepang. Tanggal 10 Nopember, Inggris ngerahno 30.000 pasukane, montor muluk (kapal terbang) ambek kapal perang. Inggris ngiro isok ngalahno Suroboyo mek telung (3) dino, tapi gak nyono dhe'e oleh perlawanan sengit tekok poro arek Suroboyo sing digerakno salah sijine ambek Bung Tomo, ambek poro ulama sing ngerahno santri-santrine gandheng tangan ambek pejuang gae nglawan mungsuh sing teko. Perang iki mangan korban uakeh. 6000-12.000 pejuang, 600-2000 tentara inggris ambek embuh pirang-pirang warga sipil ilang nyowone, ditambah 200.000 wong ngungsi tekok Suroboyo. Nah, mari iku Inggris ket isok naklukno Suroboyo, tapi rugine akeh. Perang 10 Nopember iki sing nggarai daerah liyane podho perang gae ngusir penjajah tekok tanah aire. Peran ulama yo guedhe gae nglakoni iku..tanpo perane tokoh agama jaman iku, yok opo kene isok nglawan wong-wong penjajah sing senjatane luwih canggih iko?

Semangat arek-arek Suroboyo 66 taun ndisik iki sakjane kudu diterusno. Polahe wis akeh nyowo ilang gae ngadhekno ambek njogo kemerdekaan negoro iki. Saiki, sopo maneh sing nerusno perjuangane iki lek gak awake dhewe. Upacara mben tanggal 10 November yo sakjane sik gurung cukup gae ngenang jasa-jasane poro pejuang iku. Opo maneh jaman saiki, arek-arek jaman iki podo sing gak apal sopo ae jeneng pahlawan nasionale, malah sing parah gak apal sila-sila ambek butir-butir Pancasila sing diajarno molai cilik. Sing lucu maneh, anggota DPR (parlemen) ae yo onok sing gak apal. Ditambah saiki, semangat nasionalismene kene yo wis podho luntur kepangan teknologi ambek globalisasi. Sing ndhukur podo sibuk pencitraan (self-imaging), sing ngisor yo podo mumet yok opo carane isok mangan sampek-sampek senggol bacok barang kok.

Sithuk maneh, semangat kepahlawanan sing dikethokno tanggal 10 Nopember 1945 iku gak cumak dhuweke arek Suroboyo, tapi semangat iki kudu ditrapno ambek wong-wong sak Indonesia sing cinta tanah air. Merdeka ataoe Mati! Kasus korupsi, demoralisasi generasi muda, dikurase artone bongso, kekerasan sing nggae jeneng agomo, ambek gak nggenahe sistem saiki iku yo wis ngendho'no nasionalismene kene kabeh. Sakjane, nasionalisme iku gak haram, soale cinta tanah air iku yo penting. Sing akeh saiki malah pahlawan kesiangan (tangine kawanen) sing nggolek kesempatan nggae coro sing nggak apik. 

Awake dhewe kudu tangi tekan turu sing dhowo iki, soale negoro butuh kene. Bongso iki kudu dislametno, podo ambek arek-arek Suroboyo pas perang totoan nyowo masiyo mek nggae senjata sak onoke. Alhamdulillah kene merdeka, masiyo sakjane sik dijajah ambek Londho soklat, yoiku bangsane dhewe. Merdeka negoroku! Merdeka rakyat Indonesia!

SUGENG DINTEN PAHLAWAN


Pojoklambe 
10 Nopember 2011

4 komentar: