Senin, 20 Februari 2012

Boso Walikan Malangan / Osob Kiwalan Ngalaman

Assalamualaikum sedherek kabeh sing setia ambek Pojoklambe

Yok opo kabare riko kabeh? Seger waras kabeh kan? Dino iki pojoklambe ate njlentrekno ambek ngenalno sithik perkoro boso gaul (lek nang Malaysia diarani bahasa slanga, ndhik Indonesia diarani bahasa gaul utowo nok boso Inggris diarani slang) sing dituturno lan dadi populer ndhik kalangan warga kutho Malang lan sak ubengane. Bosone biasa diarani boso walikan utowo osob kiwalan. Lek jare crito sing mubeng-mubeng perkoro sejarae onoke boso iki, iku mbiyene dadi boso sandine poro bromocorah (lek saiki korak utowo preman) sing terus didadekno boso sandine pejuang gae mbingungno teliksandi (mata-mata) Londho pas perang mertahanno kemerdekaan tekok penjajah.

Terus boso walikan (alias osob kiwalan utowo osob nalikaw) iki dadi boso gaule arek-arek nom ndik Kutho Malang lan sak ubengane. Sempat tau dilebokno nang koran Surya jaman taun 80an nganthek 90an gae judul Pojok Ngalam. Pojok Ngalam iki nggae boso campuran boso Indonesia ambek osob kiwalan Ngalaman. Tapi lek saiki wis arang-arang sing nggae osob kiwalan iki utamane generasi nom sing lair sak marine era 80an, iki kabeh polahe wis meh kegusur ambek boso gaul ala Jakartaan sing dipopulerno liwat sinetron-sinetron kejar tayang (stripping) sing tambah ndadi ambek nggilani iko, wis tambah plek telenovela…e alah, kok malah mbleot nang sinetron yo? Kiwal-kiwal!

Sakjane boso walikan Malangan iki luwih sederhana dibandingno boso walikan ala Jogjakarta sing ngwalike nggae wacanan honocoroko. Boso walikan Malangan asline mek ngwalik pirang kata tekok boso Indonesia ambek boso Jowo, iku thok…simpel puol…gudhuk sempel. Tapi kudu riko eling, gak kabeh kalimat isok diwolak-walik lho yo, iku butuh keterampilan dhewe lan wong asli Malang luwih ngerti perkoro iku.

Riko kabeh ojok kuatir sik yo, iki tak kei conto-conto kata sing biasa diwalik gawe omongan gaul ala Malangan (awas, mek gae konco-konco cedhek lho!).  Sing kiwo iku kata asale, sing tengah osob kiwalane

Rumah  - hamur – omah
Moleh  - helom – mulih
Banyak – kanyab – akeh
Saya – ayas – aku
Kamu – umak – koen, kowe, awakmu
Tidak – kadit – gak, ora
Iyo – oyi (kadang dadi ojrit) – iyo
Arek – kera – bocah
Orang – genaro – wong
Malang – Ngalam – Malang
Makan – nakam – mangan
Tidur – rudit – turu
Enak – kane – enak
Sepeda – adapes – speda, pit, sikal (lek jare Jowo Malaysia)
Sepeda motor – adapes rotom – speda montor
Iso – osi – iso
Pulang – ngalup – mulih
Surabaya – ayarabus – suroboyo
Semarang – ngarames – semarang
Medhuro – arodam – medhuro
Jakarta – atrakaj – Jakarta
Manis – sinam – manis, legi
Lumayan – nayamul – lumayan, boleh tahan (jare wong Malaysia)
Semok – komes – bokong semok
Sehat – tahes – waras
Satu – utas – siji
Dua – aud – loro
Tiga – agit – telu
Sekolah – halokes – sekolah
Mengong – ngongem – gemblung, koplak
Sekali – ilakes – pisan
Mlaku – uklam – mlaku
Palsu – uslap – palsu
Matek – ketam – mati
Bojo – ojob – bojo
Kaos – soak – kaos, shirt
Tuku – ukut – tuku
Setil – lites – gaya, setil
Lanang – nganal – lanang
Wedok – kodew – wedok, wadon
Sebeh – ebes – wongtuwomu
Apik – kipa – apik, bagus
Panas – sanap – panas
Punya – unyap – nduwe
Bingung – ngingub – bingung
Polisi – silup, isilop – polisi (polis lek jare wong Malaysia)
Bakso - oskab
Sego - oges

Conto kalimate ngene :

Uenake ker, sanap-sanap ngene ukut es jeruk terus cangkrukan ambek rudit-rudit nang hamure Ebes Halim, wis nayamul pokoke jes.

Tapi ngono ancen butuh keterampilan gae iso nggae boso iki, sing penting dikulinakno opo maneh lek nduwe konco asli Malang, insyaallah isok lancar. Oh iyo, iki tak kei sitik yo kosakata sing dadi ciri khase Malang sing gudhuk tekan boso walikan.

Oker  = rokok
Ojir = dhuwik, dhuit
Idrek = kerjo, gawe
Amprin  = bojo, pacar

Lek onok maneh engkok disambung maneh. Mugo isok dadi tambahan kawruh gae riko kabeh yoo..

Wassalamualaikum


20 Februari 2012.

6 komentar:

  1. simpel guduk sempel, wkwkwkwkwk

    nek wong pertama kali nang ngalam yo bingung, iki panganan opo? (ndeloki papan tulisan "oskab ngalam"

    BalasHapus
  2. onok maneh sam, slang ngalaman kadit mesti di kiwal. contohne :
    bapak -> ebes
    ibuk -> memes
    seneng -> nes
    ayu -> sarik
    pacar -> ojob
    istri -> ndewor
    goro -> pesi
    duwek -> ojir
    anune kera nganal -> gentalo (hehe)
    dll

    HIDUUPP BOSO NGALAMANNNN!!!

    BalasHapus