Kamis, 22 September 2011

(Pojok Lambe) : Sugeng Rawuh Nang Blogku

Alhamdulillah iki postinganku sing kaping sepuluh. Ancen sengojo aku nulis-nulis nang kene nggae boso asliku dhewe. Boso sing tak kenal molai cilik lan dadi boso dino-dino masiyo a kadang kecampur ambek boso Indonasuwah. Saiki aku wis nyasar nok Semarang, dadine coro Semarangan yo mlebu barang nang boso dino-dino.

Nah blog iki ancen sengojo tak gae nggentheni Kembang Lambe Jowo sing biasane tak tulis mben Rebo nok lapak sijine. Maksude opo? cek gak rancu antarane blog siji ambek liyane polahe bosone campur aduk. Dadi yo wis lah, tak putusno iki tak pisah ae dadi podo fokus ambek blog endi sing dipilih plus opo sing ate diwoco. Jelase siji ae, aku gak mikir maneh opo iki diwoco opo nggak, sing penting aku nulis nulis nulis terus nulis. Aku sik sinau gae njlenthrekno opo sing tak rasakno, sing tak pikirno, sing tak eruhi nang boso mbok-mbokanku dhewe. Tanpo rumongso dipekso, tanpo rumongso diatur-atur, bebas merdeka lan isok kapan ae sak karep-karepe nulis gak kathik macem-macem.

Sengojo aku gak nggae boso Indonesia nang blog anyar iki. Opo'o? Aku nyadar lek nang blog sijine sing moco akeh lan gak cumak wong Jowo opo maneh wong Etanan... tapi aku yo butuh enggon sing isok aku bebas ngoceh nang bosoku dhewe sing kadang gak isok dijlentrekno nang boso Jowo standar opo maneh boso Indonesia. Yo sepurane dherek lek misale roaming moco blog iku. Hehehehehe..

Sengojo ancene tak rahasiakno sik..ngenteni posting ke-10. 

Oke dherek...
Lek misale bingung opo sing tak jlentrekno nang kene monggo ae takok-takok. Bebas kok hehehehe...anggep ae iki nggedabrusane aku nang bosoku dhewe. 

Sugeng moco...

Pojok Lambe 2011

8 komentar:

  1. Oh rahasiane dek wingine iku ndek kene jawabane. Jebul........?!

    BalasHapus
  2. lek kadit itreng yo mengko gae gugel translet.

    BalasHapus
  3. Tapi gugel translate sik durung nduwe boso etanan e

    BalasHapus
  4. wah jyan pol polan basane.. koyoke wenak kie lek cah jateng sampek jatim ngumpul kriyuk nang kene

    BalasHapus
  5. Matur nuwun wis mampir yo..hehehe
    Ayo podo nglumpuk nok kene yoo

    BalasHapus